You are on page 1of 1

Nama : Siska Oktaviana Rizqi

No : 32
Kelas : XII MIPA 6
WONG CILIK
Rachmat Djoko Pradopo

Wong cilik ongklak-angklik


klambi lurik lungguh dhingklik
bayar sitik ora bisa dienik-enik
klambi siji ditisik-tisik
lungguh thengik-thengik lampune ublik

Jenenge bae wong cilik


mlaku rindhik-rindhik lirak-lirik
ingah-ingih semu wedi
mlaku ndhelik-ndhelik sajak wedi kena gitik
ora dinyana dikira arep mbedhog pitik

Yaiki sing jenenge wong cilik


golek pangan rekasa nganti mendelik
kasile mung sithik saplenik
andekpuna isih diengis-engis
nganti kaya kirike Pak Carik
Yaiki sing jenenge wong cilik
rekasa uripe ora bisa nampik saben-saben ora kenyana kena gitik

You might also like