You are on page 1of 2

Mula Bukanipun Kitha Batang

Jaman riyin ing Desa Kalisalak wonten prawan kang sulistya ing warni, naminipun Dewi
Rantansari putrinipun mbok Rondo. Amargi pasuryanipun kang ayu ngedab-edabi putrine Mbok
Rondo badhe dipun palakrama dening Sultan Mataram kang nami Hanyokrokusumo. Banjur Sultan
Agung Hanyokrokusumo ngutus kang Bhahurekso ingkang nami Joko Bau putranipun Ki Agung
Cempalek saking Kesesi kangge nembusi Dewi Rantansari ing desanipun.

Sasampunipun dumugi ing griyanipun Dewi Rantansari Bhahurekso gawok lan langsung
kepincut marang Dewi Rantansari lan Bhahurekso langsung nglamar Dewi Rantansari badhe dipun
palakrama dening piyambakipun. Dewi Rantansari ugi nampi panglamaripun Bhahurekso.
Sasampunipun kepanggih dening Dewi Rantansari lan maringi ngertos maksud lan tujuwanipun
banjur Bhahurekso wangsul tumuju wonten ing Mataram. Ing lelampahanipun dateng Mataram
Bhahurekso nggadahi pikiran kang mboten kintenan, amargi prawan kang badhe dipun palakrama
dening Sultan Agung Hanyokrokusumo kala wau malah dipun tresnani dening piyambakipun.

Lelampahanipun dumugi ing Mataram Bhahurekso kepanggih kaliyan prawan ayu kang
pasuryanipun persis kalian Dewi Rantansari, ing Desa Kalibeluk putrinipun bakul serabi kang nami
Endang Wiranti. Bhahurekso banjur nggadahi pikiran kangge mboyong Endang Wiranti tumuju ing
Mataram lan badhe dipun panggihaken kaliyan Sultan Agung Hanyokrokusuma lan dipun aku
minangka Dewi Rantansari. Endang Wiranti sarujuk punapa dhawuhe Bhahurekso. Sasampunipun
dumugi ing Mataram Endang Wiranti dipun panggihaken kaliyan Sultan Agung Hanyokrokusumo.
Saking gugupe Endang Wiranti banjur langsung semaput sasampunipun kepanggih kaliyan Sultan
Agung Hanyokrokusumo. Menika andadosaken Sultan Agung Hanyokrokusuma jubriya marang
putri kang ngaku minangka Dewi Rantansari kala wau. Mboten let dangu Endang wiranti sadar
banjur Sultan Agung langsung maringi pitakonan marang putri kang ngaku minangka Dewi
Rantansari. Dewi Rantansari gadungan kala wau banjur ngaku yen piyambakipun punika sanes
Dewi rantansari ananging Endang Wiranti putrinipun bakul serabi saking desa Kalibeluk kang
diutus dening Bhahureksa kangge nipu daya Sultan Agung Hanyokrokusuma, awit Dewi
Rantansari kang asli punika malah dipun lamar piyambak kaliyan Bhahureksa amargi sampun
kebacut tresna. Endang Wiranti cerita sedaya ingkang sampun dipunrencanakaken dening
Bhahureksa punika.
Sultan Agung Hanyokrokusuma banjur ngucapaken maturnuwun sanget marang Endang
Wiranti ingkang sampun jujur lan purun nyariosaken ingkang sakbenere marang
piyambakipun.Kangge ucapan maturnuwunipun Sultan Agung Endang wiranti banjur dipunparingi
bebingah kaliyan Sultan arupi emas kang kathahe mboten kintenan lan dipun dongakaken supados
anggene sadeyan serabi dipun paringi laris,berkah lan barokah, Banjur Endang Wiranti langsung
wangsul tumuju ing desa Kalibeluk.

Sultan Agung Hanyokrokusuma duka sanget marang Bhahureksa, awit sampun mblenjani
janji lan uwal saking jejibahanipun. Sultan agung banjur maringi paukuman marang Bhahureksa
yaiku mbukak wana kang dipun panggeni kaliyan Siluman siluman lan jin kang cacahipun mboten
kintenan.Wit witan kang wonten ing salebeting wana punika sedaya jelmaan saking jin lan
siluman. Dumugi wonten ing Wana kang naminipun Alas Roban punika sedaya siluman satunggal
mbaka satunggal dipuntumpes dening Bhahureksa, awit Bhahureksa punika pancen nggadhahi
kekuatan kang sakti sanget, siluman siluman punika nggadhahi pemimpin siluman kang nggadhahi
putri kang sulistya ing warni kang nami Dubriksa wati.Siluman siluman satunggal mbaka satunggal
pating gletak, pating kececer ana ing salebeting wana. Raja siluman kala wau ngakoni
kekalahanipun lan maringi bebingah yaiku maringiken putrinipun kang nami Dubriksa wati kangge
dipunpalakrama kaliyan Bhahureksa, Bhahureksa sarujuk punapa dhawuhipun saking Raja siluman
kala wau, sasampunipun palakrama Dubriksawati lan Bhahureksa dipun paringi putra kang
naminipun Banteng.

Babat alas wit witan ageng kang dipuntindakaken dening Bhahureksa punika andadosaken
mambet kang anyir, awit kang dipuntebangi punika jelmaan saking jin lan siluman. Batang batang
saking siluman kang pating kececer wau ngedalaken ganda kang anyire mboten kintenan,kang
sami keli wonten ing lepen sakiwa tengenipun alas. Wiwit sapunika tlatah menika dipunwastani
Batang.

You might also like