You are on page 1of 2

SETAGEN

A. Pangertosanipun Setagen
Setagen punika arupi pirantos kangge nyingseti utawi ngencengaken tumempelipun sinjang wonten
badan, supados sampun ngantos mlorod temahan udhar. Setagen bakalanipun kadamel saking kain
tenun kandel, benangipun tenun agal, mila radi kaken. Wiyaripun setagen watawis 2 – 4 M. ulesipun
warni-warni, wonten ingkang cemeng, ijem, pethak, naming sadaya wau mboten wigatos, jalaran
mangenipun setagen punika badhe katutup kaliyan sabuk, wonten nglebet dados mboten ketingal
saking njawi.
B. Patrapipun Mangangge Setagen
Ing nginggil sampun kaaturaken bilih setagen punika pirantos kangge ngingseti sinjang. Pramila
sakderengipun dipunsingseti, panganggenipun sinjang kedah sampun karaos trep, nembe lajeng dipun
ubedi setagen. Anggenipun ngubedi setagen kawiwitan saking ngandhap, pas nginggil cethik, ubedipun
mangiwa, saben sak ubedan kedah dipun kencengaken, ubedanipun kaprenahaken samsaya minggah.
Pungkasanipun setagen lajeng dipun peniteni

SINJANG UTAWI NYAMPING

A. Pangertosanipun Sinjang
Sinjang basanipun ngoko Jarik utawi Jarit lan Sewek (jawi wetan), kramanipun inggil “Nyamping’. Inggih
punika arupi kain bathik ingkang dipun agem kanthi ka-ubedaken ing badan nutupi jaja sak pangandhap,
dene watesipun suku ing nginggil polok.
Kain bathik ingkang ka-agem nyampingan utawi sinjang kalawau, saestu arupin wohing pangolah budi
para leluhur linangkung run tumurun wiwit jaman kina makina. Kajawi cakrik ingkang rawit (njlimet) lan
nengsemaken ugi caanipun ndamel igu rungsit kagarap kanthi njlimet, sabar , telaten, sarta nglampahi
pinten-pinten tataran.

B. Patrapipun Damel Sinjang Utawi Jarik


Bakalanipun sinjang inggih menika mori (monten), satunggaling kain pethak ingkang sakderengipun
kagarap utawikabathik kedah dipun kanji rumiyin, salajengipun tumuli kapepe, sak sampunipun garing
lajeng dipun kemplong pangajabipun supados rapet tenunanipun, temahanipun manawikaserat (ka-
bathik) mboten mblobor.

You might also like