You are on page 1of 7

DHUWUNG UTAWI WANGKINGAN

a. Pangertosan
Dhuwung, basanipun ngoko keris, krama inggilipun wangkingan arupi wujud sanjata tumrap
tiyang Jawi ingkang sanget adi luhung. Kawastanan adiluhung amarji sak donya mboten wonten
tandhingipun. Wiwit saking padamelanipun ingkang rungsit, rawit, kanthi telaten, sabar sarta
eneping manah.
Perlu katerangaken bilih dhuwung piyambak onten warni kalih, inggih menika:
1) Dhuwung ingkang mligi kadamel kagem ageman, utawi pasren, menika hanggenipun damel
mboten mawi pasa utawi lampah prihatos.
2) Dhuwung pusaka tayuhan, inggih menika ingkang ndamelipun dipun kantheni lampah sarta
upacara ingkang sampun dados pakem utawi paugeran ingkang gumathok. Dhuwung pusaka
menika salajengipun ingkang dipun aji-aji punapadene dipun agung-agungaken.
Dhuwung sawenehing gaman ingkang kadamel saking campuran tosan, pramila wonten ingkang
mastani”tosan aji”, wangunipun tipis panjang, dene cepenganipun dipun wastani
ukiran. Wiyaripun dhuwung watawis 8 CM, lajeng merit samsaya alit ngantos dumugi 2.5 CM
wiyaripun lan wekasan pucukipun lancip. Dene panjangipun watawis 35-40 CM. kiwa lan
tengenipun kadamel landhep. Dene wangunipun wonten ingkang jejeg (leres) wonten ingkang
ngolat-ngolet ingkang ugi dipun wastani “Luk”.
Dhuwung manawi mboten dipun ginakaken kedahdipun lebetaken ing wadhahipun, ingkang
dipun namakaken “warangka” sebab kathah dhuwung ingkang sampun dipun warangi lan
menika sanget mbebayani.

b. Sejarahipun Dhuwung
Kajawi tanah Jawi (kalebet Madura lan Pulo Bali) kabudayan keris (dhuwung) ugi pinanggih
wonten Sulawesi Kidul (Gowa). Kajawi menika gaman ingkang memper keris
kadosta badhik ing tanah bugis, rencong ing Sumatra Ler (aceh), Mandhau ing Sulawesi
(Makasar) ugi sampun wonten du king kina. Saget kedadosan makaten jalaran tumrap bangsa
Indonesia “Jaman Logam” sampun wonten wiwit tahun 500 sak derengipun Masehi. Ateges
kabetahanipun ngagesang tumrap perkakas sampun kadamel saking Logam.
Mligi bab dhuwung utawi keris, ingkang kaserat wonten kitab “Tangguh Curiga” sejarahipun
dhuwung saget kaperang dados 5 perangan katitik saking wekdalipun rikala dhuwung menika
kadamel. Pathokan menika dipun sebat “Tangguh” inggih menika:

No Nama Tangguh Panginten dipun damel


01 Tangguh Kuno/Buda Abad 1-10 Masehi Karaton Medang
Kamulan, Kahuripan /Erlangga kediri
02 Tangguh Madya/Buda Abad 10-12 Masehi Karaton Jenggala
Kedhiri - Dhaha, Pajajaran, Cirebon,
Segaluh
03 Tangguh Madya Sepuh Abad 12-14 Masehi Karaton Tuban,
Majopahit, Sedayu Blambangan, Maduro
04 Tangguh Madya Abad 14-16 Masehi Karaton Demak,
Pajang, Mediun, Mataram, Sultan
Agungan , Banten.
05 Tangguh Anem Abad 16-20 Masehi. Karaton Kartosuro,
Surakarta, Ngayoja, Mangkunegaran,
Paku Alaman lajeng ngatos dumugi alam
kamardekan.

c. Jinisipun Dhuwung Miturut Warangkanipun


Ing ngajeng sampun ka-andharaken bilih dhuwung manawi mboten kaginakaken kedah dipun
lebetaken ing wadhahipun, inggih punika ingkang dipun sebat “Warangka”. Dados saking njawi
ingkang katingal naming wangunipun warangka, dene nglebetipun isi wilahan utawi keris.
Miturut wangunipun, warangko wonten warni kalih, inggih menika cakrik “Ladrangan” saha
cakrik “Gayaman”
1) Warangka Gayaman
Warangka Gayaman makaten ngajeng lan wingking, irah-irahan wangunipun sami inggih menika
pupak/punggel. Perangan ngajeng langkung caket tinimbang ingkang wingking, sarta perangan
wingking kapara radi minggah.
2) Warangka Ladrang
Inggih menika satunggaling warangka ingkang irah-irahipun perangan ngajeng mlungker
(angkup) dhateng mlebet, dene ingkang wingking langkung panjang sarta njepapang
(godhongan), pucukipun lancip, sami kaliyan gayaman, irah-irahan ugi radi minggah supados
ketingal gagah manawi dipun agem.
d. Peranganipun Dhuwung
Peranganipun dhuwung ingkang baku wonten 5, inggih menika: Ukiran, Mendhak, Warangko,
Pendhok, Wilahan.
1) Ukiran
Ingkang dipun wastani ukiran menika “garan” utawi cepengan wilahan. Limrahipun kadamel
saking kajeng trenggana, kemuning, sawo lan sanesipun sadaya dipun ukir. Irah-irahan awujud
jambu mete. Gulonipun panjang kangge cepengan sarta manjingipun wilahan
dhateng. Limrahipun ukiran dipun plitur, menapa dene dipun gebeg supados ketingal sekaran
menap[a dene srat-seratipun kajeng. Manjingipun wilahan dhateng ukiran menika kedah trep lan
kenceng.
Ing Surakarta ukiran kalimrah kanthi cakrik/gaya Paku Buwanan, Wiryodiningratan, lan dapur
mangkurat.

2) Mendhak kaliyan Selut


Ingkang dipun wastani mendhak punika awujud slongsongan arupi conthong kapotong
kuwalik, dipun damel saking tosan utawi kuningan, dipun angge minongka umpak adeging
ukiran manjing ing wilahan supados saget trep, wilahan mboten onya (lepas) saking ukiranipun.
Dhapuripun mendhak antawisipun: Angkup, Randhu, Parijotho. Kajawi mendhak, ugi
wonten ingkang tambah malih ingkang nama “Selut” dipun papanaken wonten sak nginggilipun
mendhak.
Selut makaten wangunipun kados jeram pecel, namung radi gepeng, kadamel saking
kuningan kaukir sae, dados pasrening dhuwung. Malah kepara awit dhawuhipun para nata
dhumateng para empu ingkang handamel dhuwung, selut asring rinengga barleyan, inten
(sesotya). Dene dapuripun selut ing antawisipun:jeruk keprok, jeruk pecel, jeruk sambel.

3) Warangka
Sampun kauningan bilih warangka punika awujud wadhahing wilahan (keris). Ing
nginggil sampun ka-aturaken bilih jinipun wonten kalih inggih punika warangka gayaman saha
warangka Ladrang. Warangka limrahipun kadamel saking kajeng Timoho.
Peranganipun warangka wonten kalih, inggih punika perangan nginggil minongka irah-
irahanipun dipun wastani”godhongan” saget kawangun gayaman menapa ladrang. Kalih-
kalihipun kadamelndhaplang, ngiras kagem totogan manawi dipun sengkelitaken, dhuwungipun
supados mboten mlorot. Perangan ngandhap, inggih punika ingkang ka-angge wadhah
wilahanipun dhuwung, dipun wastani “Gandar”. Wiyar, kandel punapa dene panjangipun dipun
cundhukaken (disesuaikan) kaliyan wiyari, kandel, panjangipun wilahan.
Godhongan kaliyan Gandar wonten warni kalih:
a) Gandar kaliyan godhonganipun kadamel saking kajeng setunggal wetah, sarta dipun garap
alus. saestu arupi kagunan (karya seni) ingkang rawit (rumit, njlimet) rekaos pendamelipun. Sak
punika sampun awis wontenipun.
b) Godhongan dipun garap alus, dene gandaripun mboten, jalaran mangkenipun badhe dipun
slongsongi kaliyan pendhok.
Panggarapanipun godhongan kalawau sareng sampun kawangun sae, awujud ladrang menapa
dene gayaman, lajeng kagebeg alus, dipun plitur. Kajawi punika ugi wonten godhongan ingkang
dipun”sungging” tegesipun dipun gambar (bathik).

No Godhongan Kaprada Agemanipun


01 Gebegan lajeng kasungging Nata, Ratu
02 Dasar Pradan Kasungging Pangeran Putra,
Pangeran Wayah
03 Dasar Pethak Kasungging Bupati Sepuh, Anem
04 Dasar Ijem Kasungging Panewu, Mantri
05 Dasar Biru Kasungging Lurah Sakpangandhap
06 Loreng Abdidalem Canthang
Balung
4) Pendhok
Pendhok makaten arupi rangkepan ingkang dipunangge nylongsongi gandaring
warangka. Kadamel saking campuran kuningan saha tembaga, rinengga ukiran lajeng kasepuh
emas utawi kuningan, malah wonten ingkang rinengga barliyan (sesotya). Kajawipunika ugi
wonten pendhok ingkang polos mboten kaukir, lajeng dipun cet abrit, ijem, coklat saha
cemeng. Pendhok ingkang makaten punika namanipun“Kemalo”.
Pendhok kemalo abrit punika agemanipun para putra sentana sarta bupati anem
minggah. Dene pendhok kemalo ijem sarta coklat agemanipun para prajurit sarta canthang
balung.
5) Wilahan
Wilahan punika perangan ingkang baku tumrap dhuwung, kadamel saking campuraning tosan,
waja, pamor utawi nikel.
Ing nginggil sampun ka-aturaken bilih jinisipun wilahan wonten kalih, inggih punika ingkang
jejeg (leres) kaliyan ingkang menggak-menggok (luk). Dene cacahing luk warni-warni, wiwit
luk 1 ngantos luk ingkang langkung saking sewelas.

a) Peranganipun Wilahan
Peranganipun wilahan ingkang bakuwonten tiga inggih punika:
(1) Pesi
Inggih punika peranganing wilahan ingkang lancip kados paku, manunggal kaliyan
wilahanipun. Pesi punika ingkang mangke manjing ing ukiran (garan).
(2) Ganja
Inggih punika bakalanipun campuran wesi, waja, sarta nikel, kapotong saking wilahan perangan
nginggil, kawangun kados cecak, tipis panjang, ing tengah dipun bolong. Ganja punika mboten
manunggalkaliyan wilahanipun. Ginanipun kangge ganjel antawisipun wilahan kaliyan
ukiranipun. Bolongan ing tengahing ganja kalawau dipun angge mlebetipun pesi.

(3) Wilahan
Inggih punika perangan ingkang baku ing dhuwung. Bongkotipun langkung wiyar sarta
langkung kandel. Panjangipun antawis 35 cm dumugi 40 cm. samsaya pucuk samsaya merit
lancip, kiwa tengenipun landhep.

b) Dhapur Utawi Wangunipun Wilahan


Kajawi pesi, ganja ugi kaukir, jumbuh kaliyan wilahipun, pesi ganja kalihan wilahipun kalawau
manawi sampun manunggal mujudaken blegeripun dhuwung/wilahan. Inggih ingkang dipun
wastani “dhapur” ing wilahan.
Dene ingkang dipun wastani ricikan ing wilahan inggih punika, sedaya rerenggan awujud
ukiraning wilahan lan ganja, punapa dene sekaraning pamor, ingkang sadaya kalawau
manunggal, lajeng mujudaken dhuwung ingkang hanggadhahi tenger sarta kapeibadenipun
dhuwung. Limrahipun ricikan wonten 23 warni, antawisipun sogokan, pejetan, greneng,
kembang kacang, tlale gajah, ri pandhan, jenggot sarta sanesipun.
Dene dapur wangunipun wilahan antawisipun:
(1) Jalak Buda
(2) Jalak Nusup Madu
(3) Pasopati
(4) Naga Raja
(5) Damar Murub
Sarta tasih kathah malih namaning dhapur sanesipun

c) Ingkang Damel Wilahan


Ingkang damel wilahaning dhuwung pubika namanipun empu, kabyantu sawetawis rencang,
antawipun ingkang mandhe,tukang ngububi (nepasi) pawon, sarta ingkang nyepengi bakalaning
wilahan. Rencang utawi kanca-kanca kalawau namanipun “Panjak”. Pedamelanipn kedah
setunggal-setunggal, mboten saget sesarengan.
Empu makaten hanggadhahi prabawa, lampah batos, gentur tapa sarta mandegani para “panjak”
ingkang ing mangke saget hambabar watakipun dhuwung.
Nama para empu ingkang misuwur ing antawisipun:
(1) Empu gandring, jaman Sang Prabu Maha Dewa Buda
(2) Empu Ramajadi, Jaman Purwa Carita
(3) Empu Keleng, ingkang iyasa Kyai Kopek dhawuhing nata pajajaran.
(4) Empu Jigjo, Empu Supomandrangi ing jaman Majapahit,
(5) Empu Supa, Empu Sedayu, ing Jaman Demak Bintara,
(6) Empu Ki anom Suwita, ingkang iyasa Kyai Tepas, Kyai tudung, Iyasan Sinuhun Sultan Agung
Hanyakra kusuma,
(7) Empu Ki Guling, ingkang damel KyaiSingokresna,
(8) Empu Kyai Lujuguna saha Brajaguna ing jaman Kartasura,
(9) Empu Singawijaya, Ki anom, Ki Jaka Sukatgo, dumunung ing Jaman Surakarta.

e. Paugeraning Ngagem Dhuwung


Dhuwung dipunagem mligi minongka jangkeping ageman utawi busana adat Jawi. Punika
kemawon winates ingkang agemanipun atella punapa dene beskap ingkang wingkingipun
krowok. Dene manawi agemanipun beskap utawi atella landhung mboten perlu ngagem
huwung.
Ing tlatah Surakarta Hadiningrat, manawi mangagem busana adat Jawi, dhuwungipun
dipuagem ing sisih wingking, dipun sengkelitaken (diselipkan) ing sabuk larikan sabuk angka
tiga saking ngandhap. Manjingipun dipun dhoyongaken manengen, kanthiukiranipun ndhangak,
cara makaten dipun wastani “Ngogleng”.
Mapanipun dhuwung saben-saben perlu dipun gatosaken, sampun ngantos kemloroten,
munapadene kinggilen, dados namung sakmadya. Ingkang menika nalika ngagem sabuk
ubedipun dipun udikepara singset. Kajawi cara “Ngogleng” ingkang kalimrah kados ingkang ka-
aturaken ing nginggil, tasih wonten cara mangagem dhuwung sanesipun, ingkang dipun
jumbuhaken kaliyan kaperluwanipun. Sinaosa cara-cara menika mbok manawi sampun kathah
ingkang mboten migatosaken, ananging perlu dipun wuningani kados ka-andaraken ing
salajengipun inggih menika:
1) Dederan
Caranipun mangangge dhuwung sami kaliyan ngogleng, ananging manjingipun warangka
ing sabuk jejeg ing satengahing geger, dene ukiranipun tetep majeng mangiwa.
Punika kala rumiyin katindakaken manawi badhe sowan dhateng sesepuh utawi tiyang ingkang
pangkatipun langkung inggil. Semanten ugi manawi nembe wonten ing papan ngibadah.

2) Kewal
Sami patrapipun kaliyang ngogleng, ananging manjinging warangka ing sabuk
dhoyongipun mangiwa, dene ukiranipun tumungkul mangiwa. Kala rumiyin namung
katindakaken dening para abdidalem prajurit. Ing laladan Pamarentah kitha Surakarta asring ka-
etrepaken ing Tatacara saha upacara Pengetan Hari Jadi Kitha Surakarta (Ingkang sejatosipun
pengetan boyong Kedhaton, lan tatanan punika mboten trep ka-angge dening para
pamong/pegawai pamarentahan ingkang mangangge dhuwung mogleng mangiwa ingkang
sinebat ngewal manawi kasuraos punika ateges deksura.

3) Hanganggar Pusaka
Hanganggar pusaka punika ngagemipun dhuwung mboten sami kaliyan ngogleng
punapadene dederan lan kewal ingkang manggenipun wonten wingking kaselipaken ing
sabuk. Hanganggar pusaka punika dhuwungipun, kapernahaken wonten sak kiwaning badan,
dene patrapipun makaten:

4) Sikep
Pangagemipun dhuwung kaselipaken sabuk sisih ngajeng, sak ngandhap jaja manjingipun
dhuwung kapernah kiwanipun timang, dhoyong manengen, dene ukiranipun tumungkul
mangandhap. Cara mangagem makaten limrahipun tumrap para ngulama, ingkang ngagem
ageman jubah utawi gamis. Tuladha sanesipun Pangeran Antawirya (Pangeran Diponegara),
Sentot Alibasah, Kyai Maja. Saha sedaya para wali ing tanah Jawi asring mangagem cara
makaten punika.

5) Brongsong
Dhuwung sak derengipun dipun agem, langkung rumiyin dipun lebetaken wadhah utawi
brongsong. Dados wujudipun mboten ketingal. Mangagemipun brongsong ingkang sampun isi
dhuwung kalawau kaselipaken sabuk sisih ngajeng kados dene patrapipun sikep. Bentenipun
kaliyan sikep jalaran sarehning wonten sak lebeting brongsong mboten katingal. Patrap punika
dipun tindakaken tumrap abdidalem ingkang ka-utus ngasta pusakaning nata.
Abdi dalem punika asring nindakaken lampah watesan ka-utus dhumateng mancanagari.

You might also like