You are on page 1of 4

Kembang Desa

Griyane Lik Wakijo dados rame sesampunipun wonten Heni,


kemenakanipun ingkang nembe dhateng saking kitha. Heni kepengin mapan ing
dusun punika ngancani paklike ingkang sampun krama luwih saking sedasa taun
ananging ngantos sapunika dereng gadhah momongan. Amargi Pasuryanipun Heni
ingkang ayunipun ngedap-ngedapi, awakipun ingkang resik, lan seneng
sesrawungan dadosaken piyambakipun dipungandrungi sedaya tiyang enem ing
dusun punika lan boten kesupen kula ugi sami ananging yen kula taksih lingsem.
Sedaya ibu-ibu ugi sami ngrasani solah bawanipun Heni lan padha
ngaosaken bingung amargi sesampunipun kenal Heni lare-larenipun asipat aneh-
aneh. Menawi adhi kula Tono punika boten nate wangsul saking griyane lek wakijo,
wangsul menawi badhe siram serasan. Menawi Sardi larenipun Lik Sumi nglindur
amargi mikirke Heni. Menawi lare ragilipun Yu Minah ingkang asma Yanto punika
boten doyan madhang ananging kosok wangsulipun kaliyan Heru ingkang sansaya
katah madhangipun. Mewani kula namung nyebat asma Heni nalika kesandung
jeglug utawa nalika watuk.
Sonten kula dolan ing griyane Sri, Sri punika ngendikan menawi Heni
punika dados omonganing tiyang, ngendikanipun para ibu Heni dadosaken dusun
punika rucek lan ruwet uwet-uwetan. Sanadjan ing mriku kula inggih angsal
pawarta menawi sesampunipun panen, Heru badhe nglamar Heninanging boten
dadosaken kuciwaning kula marang Heni. Kula taksih boten saget nampi menawi
Heni dipunwicantenaken kados mekaten.
Tono ugi ngendikan menawi krungu Heni dados cewek gampangan amargi
sampun dados wicantenan, ngendikanipun Heni ngandut amargi saben wayah injing
piyambakipun muntah-muntah. Mireng pawarta kados mekaten kula enggal-enggal
dhateng ing griyanipun Lik Wakijo, nalika nembe dumugi ng ngajeng pintu kula
mireng Heni muntah-muntah lan wonten priyantun ingkang ngaken Heni supados
sabar. Jebule leres...saking ngendikanipun Lik Wakijo marang kula menawi Heni
punika ngandhut. Ing mriki Heni namung numpang supados boten dados
wirangipun tiyang sepuh.
Unsur Intrinsik
1. Tema :
Tema ingkang wonten ing cariyos punika inggih punika tema Panguripan amargi
saking cariyos punika saged dipuntingali panguripan manungsa ing bebrayan.
Menawi salah satunggalipun tiyang nindhakaken prekawis awon dadosaken
wicantenan tiyang kathah.
2. Tokoh lan Penokohan

No. Tokoh Penokohan


1. Heni Kemenakanipun Lik Wakijo ingkang ramah, pinter
Srawung ananging boten purun ngrampungi
prekawis.
2. Lik Petani dusun ingkang ramah lan jujur.
Wakijo
3. Tono Adhine Agus igkang seneng geguyon lan nggodani
Agus.
4. Gito Lare enem ingkang boten purun ngalah, asifat
wuyung lan seneng ndhagel.
5. Agus Panganggit ingkang remen ngalamun, isinan,
wedinan, lan boten nate nyariosaken prekawisipun
marang tiyang sanes.
6. Lik Siti Seneng takon ananging boten mudengan.
7. Mbah Seneng takon
Waginah
8. Mbok De Seneng sambat lan anyel.
Parti
9. Sardi Nglinduran.
10. Lik Sumi Gawe ger-geran
11. Yanto Larenipun Yu Minah ingkang boten
purun madhange amargi amargi kelingan kalih
lirikanipun Heni.
12. Yu Minah Ibune Yanto ingkang remen rasan-rasan.
13. Lek Ibune Gito, melasan.
Tumirah
14. Ibuku Melu anyel
(Agus)
15. Heru Putune mbah Wagimah ingkang sansaya kathah
madhange ngantos boten ngumani adhine.
3. Alur
Ing cariyos punika ngginaken Alur Maju amargi prastawanipun urut saking awal
dumugi pungkasan. Nalika Heni nembe dumigi griyanipun Lik Wakijo, ingkang
dadosaken sedaya priyantun enem tresna marang piyambakipun ngantos Heni
prayata yen ngandhut.
4. Latar
a. Papan
1) Omahe Lik wakijo.
- “Omahe Lik Wakijo malah dadi rame saploke ketambahan
jiwa”.
- Tekan ngarep omahe Lik Wakijo aku mandheg.
2) Omahe Agus
“Tekan omah aku terus nyandhak gawe dandan lampu ruwangan
ngarep”.
3) Omahe Sri
“Aku mau lak dolan neng omahe Sri, terus aku dicritani ibune”.
b. Wekdal
1) Esuk, awan, sore.
“Esuk, awan, tekan sore, ora tau benggang wong”.
2) Sore
“Sorene aku pamit mulih dhisik”.
3) Dina-dina candhake.
“Dina-dina candhake aku rumangsa kesiksa.
4) Wayah awan.
“Omahe katon sepi pancen iki wayah awan gek panase kaya ngene”.
c. Suasana
1) Seneng
“Kahanan omah katon regeng lan gayeng, padon ngguyu, gojegan, lan
ana uga sing nyanyi sambi gitar-gitaran”.
2) Kisinan.
“Aku mesem kisinan”.
3) Kesiksa.
“Dina-dina candhake aku rumangsa kesiksa”.
4) Ngalamun.
“Huuu, tujune dheweke ora ngerti nek aku ngalamun”.
5) Nesu
“kuwi jenenge srei, iri, sirik,” nesuku metu.
6) Kaget
- “ Meteng?” aku sansaya kaget.
- Jantungku ya arep pedhot nalika krungu tembunge sing mburi.
Heni ngandhut? Dhuh gusti...
7) Gugup.
“Lik Wakijo katon gugup banget, katon pakewuh lan clingukan, ora
kaya padatan”.
8) Bingung.
“Aku ora bisa kumecap apa-apa meneh”.

5. Sudut Pandang
Ing cariyos punika ngginakaken sudut pandang orang pertama akuantak sertaan
(first person peripheral) amargi paraga “aku” biasanipun namung dados
pambiyantu utawi pengantar paraga sanes ingkang langkung wigati. Ing cariyos
“Bunga Desa” Agus minangka paraga “aku” dados pambiyantu paraga Heni
ingkang dados paraga utami.
6. Gaya basa
a. Apa maneh bocahe jan ngedab-ngedapi tenan...ayune! (Hiperbola)
b. Sabanjure Heni prasasat dadi kembange desa kene. (Hiperbola)
c. Rangkinge wis adoh sandhuwure Santi lan Nina sing maune dadi
kembang lambene kabeh nom-noman. (Hiperbola)
d. Apamaneh sajake Heni pinter srawung, cepet, raket karo wong sing
lagi tepung. (Purwakanthi guru swara)
e. Rasane aku kepengin nteret wong kuwi terus tak gebugi kareben
kapok encit. (Rura basa)
f. Mesti bae katon ayu menik-menik. (Hiperbola)
g. Kesandhung jeglug, Heni, nglindur Heni, nganthi mangan keselek-
selek sing disebut yo Heni. (Hiperbola)
h. Kepiye ora, nek aku ora wani mrana dhewe, aku mesthi rame-rame
sakancaku dadi aku ora komanan apa-apa. (Paradoks)
i. Uga adhiku sing usile rong kecamatan kae. (Hiperbola)
j. Ah, aku dadi ribet dhewe, kesiksa dhewe, lara ati dhewe, aku kudu
piye? (Purwakanthi guru swara)
k. Marakake rucek, ruwet, uwet-uwetan. (Purwakanthi guru sastra)

You might also like