You are on page 1of 1

Kacarita ing Kasultanan Demak ana sawijining pangeran kang

ajejuluk Made Panda. Panjenengane kagungan putra aran Raden


Pandan Arang.

Ing sawijining dina Raden Pandan Arang sarta para pandhereke


nyumurupi bab kang nyalawadi. Ing lemah kang subur iku prenahe
sela-selane tanduran tuwuh wit asem sing pating plencar arang-
arang.

“He, sedulurku kabeh padha gatekna,” pangandikane Raden Pandan


Arang marang para pandhereke.

“Wonten menapa Raden?” Pitakone saperangan pandherek.

“Sawangen! Ing sela-sela tanduran kang subur iku, tuwuh wit


asem,” pangandikane raden Pandan Arang.

“Oh, inggih leres Raden.” Tumangape wong-wong sing dherekake.

“Ning kok sajak nyalawadi temen,” Pitakone wong-wong mau rada


gumun.

“Aneh, wit-witan asem iku thukule rada adoh-adoh utawa arang-


arang. Kamangka lemah kene subur. Mesthine tuwuhe kerep ora
arang-arang ngene iki”.

“Inggih leres Raden, punika tuwuhipun sajak nyalawadi,”


sambunge para pandhereke.

“Mula iku para sedulur, padha seksenana. Amarga iku, thukul


wit asem sing arang-arang wewengkon iki dak arani Semarang --
(diarani Semarang – saka asem arang).

You might also like