You are on page 1of 1

Sedekah Bumi

Sedhekah Bumi, punika sami kaliyan sedhekah laut minangka wujud raos puji panuwun
kagem Gusti ingkang Maha Agung ingkang sampun maringi kamurahan rejeki lan gesang
ingkang mulya. Sedhekah bumi biasanipun dipunwontenaken sasampunipun panèn wonten
satunggaling désa.

Désa-désa ingkang biasanipun ngawontenaken sedhekah bumi utawi gas désa punika désa-
désa wonten kabupatèn Blora Blora. Kabupatèn Blorapunika salah satunggaling kabupatèn
ingkang wonten Jawi Tengah.

Biasanipun sedhekah bumi punika saben dhaérah bènten-bènten paleksanaanipun miturut


penanggalan Jawi. Tuladhanipun ing désaRandublatung, sedhekah bumi dipunwontenaken
saben dinten pasaran Rebopon, ing désa Sawahan saben dinten Jemuwah legi, lan saben désa
kagungan dinten piyambak-piyambak.

Wonten ubarampe ingkang kedah dipunsiapaken kanggé bancaan, kadosta jajan


pasar, pasung, dumbeg, tumpeng jajan pasar lan sanesipun. Saksampunipun siap, ubarampé
punika dipunbekta lan dipunkempalaken dados satunggal wonten panggénan ingkang
biasanipun dipun anggep panggènan ingkang dados cikal bakal désa punika. Saksampunipun
dipundongani ubarampé utawi bancaan ingkang kathah wau dados rebutan warga désa
ingkang wonten papan panggènan bancaan sedhekah bumi punika.

Acara punika dipunsambung kaliyan hiburan rakyat kados barongan,kethoprak, seni tayub,
campursari, utawi wayang kulit.
Panganan Sedekah Bumi

Jajan-jajan ingkang biasanipun diagem inggih punika inggih;


1. dumbeg (bahan glepung ketan, gula krambil, santen, dibungkus ngagem blarak arén),
2. pasung (bahan glepung beras dipun kukus),
3. apem (bahan glepung beras),
4. jadah (bahan beras ketan, krambil, didheplok-ditutu),
5. tapé ketan bungkusan godhong gedhang.
Punika jajanan ingkang biasanipun diagem kangggé ubarampé bancaan sedhekah bumi.
Sanèsipun jajan inggih wonten sekul tumpengan, lan pitikingkung (pitik bakar wutuh), bènten
désa bènten masakan.

You might also like