You are on page 1of 4

FALSAFAH JAWA

1. Pangeran iku siji, ana ing ngendi papan langgeng, sing


nganakake jagat iki sak isine, dadi sesembahane wong
sak alam kabeh, nganggo carane dhewe-dhewe.
2. Menang tanpa ngasorake.
3. Lamun sira pribadi wus bisa caturan karo lelmbut,
mesthi sira ora bakal ngala-ala marang wong kang
wus bisa caturan karo lelembut.
4. Watu kayu iku darbe daring pangeran, nanging dudu
pangeran.
5. Ati suci marganing rahayu.
6. Pangeran iku ora mbedak-mbedakake kawulane.
7. Rawe-rawe rantas malang-malang putung.
8. Tumindak kanthi duga lan prayoga.
9. Mumpung anom ngudiya laku utama.
10. Pangeran iku menangake manungsa sanadyan kaya
ngapa.
11. Ora ana kasekten sing madhani pepesthen awit
pepesthen iku wis ora ana sing bisa murungake.
12. Pangeran iku mahakuwasa, pepesthen saka karsaning
pangeran ora ana sing bisa murungake.
13. Pangeran iku adoh tanpa wangenan, cedhak tanpo
senggolan.
14. Samubarang kang katon iki kalebu titah kang kasat
mata, dene liyane kalebu titah alus.
15. Manungsa iku bisa kadunungan dating pangeran,
nanging aja darbe pangira yen manungsa mau bisa
diarani pangeran.
16. Sing sapa wani ngowahi kahanan kang lagi ana, iku
dudu sadhengah wong, nanging minangka utusaning
pangeran.
17. Kudu santosa ing budi.
18. Beda-beda pandumaning dumadi.
19. Sapa sing temen tinemu.
20. Purwa madya wasana.
21. Lamun ana janma ora kepenak, sira aja lali nyuwun
pangapura maring pangeranira, jalaran pangeranira
bakal aweh pitulungan.
22. Pangeran maringi kawruh marang manungsa bab
anane titah alus mau.
23. Sapa kang mung ngakoni barang kang kasat mata
wae, iku durung weruh jatining pangeran.
24. Tentrem iku saranane urip aneng donya.
25. Sing sapa nyembah lelembut iku keliru, jalaran
lelembut iku sejatine rowaningira, lan ora perlu
disembah kaya dene manembah marang pangeran.
26. Ngudi laku utama kanthi sentosa ing budi.
27. Jaman iku owah gingsir.
28. Sing sapa salah bakal seleh.
29. Yen sira wus mikani alamira pribadi, mara sira
mulanga marang wong kang durung wikan.
30. Ala lan becik dumunung ana awake dhewe.
31. Kadangira pribadi ora beda karo jeneng sira pribadi,
gelem nyambut gawe.
32. Rame ing gawe sepi ing pamrih, memayu hayuning
bawana.
33. Titah alus lan titah kasat mata iku kabeh saka
pangeran, mula aja nyembah titah alus nanging aja
ngina titah alus.
34. Pangeran iku bisa ngowahi kahanan apa wae tan kena
kinaya ngapa.
35. Balilu tau pinter durung nglakoni.
36. Urip iku saka pangeran, bali marang pangeran.
37. Dalane waskitha saka niteni.
38. Yen cocok karo benering pangeran iku aneges bathara
ngejawantah, nanging yen ora cocok karo benering
pangeran iku tegese titisaning brahala.
39. Pangeran iku langgeng, tan kena kinaya ngapa,
sangkan paraning dumadi.
40. Geni murub iku panase ngluwihi panase srengenge,
ewa dene umpama ditikelake loro, isih kalah panas
tinimbang guneme durjana.
41. Yen sira wus mikani alamira pribadi, mara sira
mulanga marang wong kang durung wikan.
42. Sing sapa mikani anane pangeran, kalebu urip kang
sempura.
43. Pangeran iku kuwasa tanpa piranti, akarya alam
saisine, kang katon lan kang ora kasat mata.
44. Sing sapa gelem nglakoni kabecikan lan ugo gelem
lelaku, ing tembe bakal tanpo kanugrahaning
pangeran.
45. Pangeran iku ora sare.
46. Sing sapa durung wikan anane jaman kalanggengan
iku, aja ngaku dai janma linuwih.
47. Balilu tau pinter durung nglakoni.
48. Pasrah marang pangeran iku ateges ora gelem
nyambut gawe, nanging percaya yen pangeran iku
maha kuwasa. Dene kasil orane apa kang kita tuju
kuwi saka karsaning pangeran.
49. Sing sapa durung ngerti lamun piyandel iku kanggo
pathokaning urip, iku sejatine durung ngerti lamun
ana ing ndunya iki ana sing ngatur.
50. Mulat salira, tansah eling kalawan waspada.

You might also like