You are on page 1of 6

DOKUMEN NEGARA SANGAT RAHASIA

ULANGAN AKHIR SEMESTER GENAP KELAS VI


UPT DINAS PENDIDIKAN WILAYAH NGAWI BARAT
TAHUN PELAJARAN 2015/2016

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Nama : .................................................


Hari / Tanggal : ............................................. Kelas / No : .................................................
Waktu : 90 menit SD : .................................................

Wacanen sing patitis!

BRUBUH NGALENGKA

Ing negara Ngalengka kang jumeneng nata jejuluk Prabu Dasamuka. Sang Prabu kagungan adhi telu
cacahe. Adhine cer awujud raseksa kang sesilih Raden Kumbakarna. Adhine maneh awujud raseksi kang
sesilih Sarpakenaka. Dene adhine wuragil satriya bagus kang kekasih Raden Gunawan Wibisana.
Prabu Dasamuka ratu ing Ngalengka sugih raja brana tur ambeg angkara. Amarga ora kersa ndahar
ature ingkang rayi Raden Kumbakarna lan Raden Gunawan Wibisana supaya Prabu Dasamuka ngaturake
baline Dewi Sinta Putri Mantili marang garwane yaiku Prabu Ramawijaya iku titisane Wisnu kang kautus
mbrantas dur angkara Prabu Dasamuka.
Kehing pepati ora diwilang, nalika wadyabala Ngalengka perang campuh karo Wadyabalane wanara
balane Prabu Rama. Malah agu-agule praja Ngalengka tapis gugur ana ing wadyaning rana mungsuh
wadyabalane wanara kang dipandegani Sugriwa.

Kapetik saka Sari Jawi Kelas VI

I. Wenehana tandha ping ( X ) aksara a, b, c atawa d sangarepe pratelan kang bener !


1. Apa irah – irahan wacan ing nduwur mau !
a. Prabu Dasamuka b. Raden Kumbakarna
c. Brubuh Ngalengka d. Prabu Rama Wiaya

2. Prabu Dasamuka asor bebudene adigang , ... , adiguna daksia marang sapadhaning titah. Tembung sing
bener kanggo ngganepi ukara ing nduwur yaiku ...
a. adigung c. adipati
c. luwih adi d. adi – adi

3. Kacarita duk rikala samana sawise Dewi Sinta kadustha dening Prabu Dasamuka banjur paring dhawuh
marang Anoman sawadyabalane ngupadi Dewi Sinta menyang negara Ngalengka. Garwane Dewi
Sinta yaiku ...
a. Prabu Rama Wijaya b. Prabu Dasamuka
c. Anoman d. Sugriwa

4. Bukuku wis ... dek wingi sore. Jangkepono ceceg – ceceg iku nganggo ater – ater tripuruso.
a. dakjupuk b. dijupuk
c. kojupuk d. dakjupuki
5. Bocah – bocah olehe guyon kliwat wates ora duwe suba sita. Sing diarani tembung saroja ana ing ukara
ndhuwur iku...
a. bocah – bocah b. ora duwe
c. kliwat wates d.suba sita

6. Dadekna ukara tanggap. “Andini mangan jajan”


a. jajan dipangan Andini b. Andini dipangan jajan
c. Andini jajan dipangan d. jajan Andini dipangan

7. Bocah – bocah pada (guyu) seneng atine. Tembung guyu diwenehi seselan “um” dadi ...
a. guyon b. gumuyu
c. gemuyu d. geguyun

8. Arit sing dituku Pak Alif, landhep banget. Tembung landhep banget kosok baline ...
a. gowang b. kethul
c. lincip d. mingis – mingis

9. Wiratamtama kraton kang nganggo sandhangan putih kumpul padha putih, pepandhane kaya ...
a. alas kobar b. kontul neba
c. gagak areraton d. segara rob

10. Siti ditimbali Pak Guru. Ukara iku yen didadekne ukara tanduk, wujude ...
a. Pak Guru ditimbali Siti b. Pak Guru nimbali Siti
c. Ditimbali Siti Pak Guru d. Siti nimbali Pak Guru

11. Kadang Pandhawa Lima sing madeg dadi ratu ing negara Jodipati, yaiku...
a. Puntadewa b. Werkudara
c. Janaka d. Gathutkaca

12. Ngaturi uninga bilih kawontenan kula ginanjar wilujeng. Ukara iku klebu perangane layang ...
a. pambuka b. adangiyah
c. surasa basa d. wasana basa

13. Tamunipun nembe kemawon kondur, ukara iki kalebu ...


a. krama alus b. krama lugu
c. basa padinan d.basa ngoko

14. Untune miji timun, alise nanggal sepisan yen pundhake ...
a. nggendewa pinenthang b. nraju mas
c. nawon kemit d. mucuk tanjung

15. Ukara ing ngisor iki kang oleh seselan “in” yaiku ...
a. sindur b. ginawa
c. cingkrang d. jimet

16. Ajining diri ana ing lathi, ajining raga ana ...
a. susila b. wicara
c. busana d. wiaga

17. Solah bawa kang candhrane kaya mblarak sempal, yaiku ...
a. polahe b. omongane
c. lakune d. lambehane

18. Raden Gathutkaca iku dadi satriya ing ...


a. Alengka b. Dwarawati
c. Pringgodani d. Pancawati

19. Amir maca layang kabar ing teras ngarep. Wasesa ukara iki yaiku ...
a. Amir b. maca
c. layang d. teras ngarep
20. Pak Demang ngagem klambi ... mbranang
a. abang b. ijo
c. putih d. kuning
21. Ukara – ukara ing ngisor kang kalebu ukara panyendhu yaiku ...
a. Sapa kang lagi rame iku ?
b. Aja rame – rame bapak lagi sare !
c. Aja sembrana mundhak ora bisa !
d. Aja lali oleh – olehe kanggo aku lho !

22. Ora ngerti perkarane nanging melu disalahke, paribasane ...


a. Ora mangan nangkane kena pulute
b. Aja cedhak kebo gupak
c. Sadumuk bathuk sanyari bumi
d. Kriwikan dadi grojogan

23. Wis dadi kewajibane wong tuwo marang anak kudu aweh ...
a. wulang wuruk b. dana driyah
c. sumbang surung d. tepa tuladha

24. Kadang Pandhawa Lima sing madeg dadi ratu ing nagara amarta, yaiku ...
a. Puntadewa b. Werkudara
c. Janaka c. Gathutkaca

25. Cekakak, cekikik,cengenges kalebu tembung ...


a. dwipurwa b. dwiwasana
c. dwi lingga salin swara c. dwi lingga padha swara

26. Bapak maos koran ana ing teras. Tembung koran diarani ...
a. jejer b. wasesa
c. lesan d. katerangan

27. Puji syukur tansah katur marang Gusti Kang Maha Kuwasa dene kita dikeparengake kumpul ing
pangetan dina Kamardikan. Dina Kamardikan dumadi tanggal 17 Agustus 1945, mula saka iku saben
tanggal 17 Agustus kita pengeti minangka dina Kamardikan Republik Indonesia. Cukup semene wae
pengetan dina Kamardikan iki
Teks pidato ng ndhuwur iku, endi sing dadi pambuka ...
a. puji syukur tansah katur marang Gusti Kang Maha Kuwasa
b. dina Kamardikan tanggal 17 Agustus 1945
c. tanggal 17 Agustus kita pengeti minangka dina Kamardikan RI
d. cukup semene wae pangetan dina Kamardikan

28. Ukara ing ngisor iki sing nganggo ater – ater hanuswara sing bener yaiku ...
a. Ibuku mundhut salak kranjangan b. Adikku kuciran loro kiwa tengen
c. sambene gawe kurungan manuk d. omahe Rudi kebanjiran

29. Angka; 78; yen di tulis nganggo angka latin ...


a. 29 c. 45
c. 68 d. 78

30. Ukara – ukara pitakon ing ngisor iki paling bener yaiku ...
a. sapa sing salah bakale seleh ?
b. aja padha regejegan, mundhak ringkih dadine ?
c. kepriye mungguh panemumu, isine Buku Sari Jawi iki ?
d. anggone kondur Bapak saka Ngayogyakarta kapan ?

31. Pandhawa punika cacahipun gangsal, inggih punika Puntadewa, Bratasena, Arjuna, lan Nakula
Sadewa. Raden Bratasena lairipun angel sanget, benten kalian sedherek – sedherekipun. Lairipun meh
mboten wujud jabang bayi, nanging wujud bungkus, gemlundung kados bal.
Apa sing dadi ide pokok crita ing ndhuwur...
a. laire Raden Bratasena angel, bungkus, gemblundung kaya bal.
b. Pandawa Lima bungkus, gemblundung kaya bal.
c. kembar, laire bungkus gemblundung kaya bal.
d. sedherek – sedherekipun laire angel, gemblundung kaya bal.
32. Ibu : “Ana, suk yen Mbak Tanti dadi nganten, kowe dadi dhomas, lho.”
Ana : “Isin Bu, kula !”
Bapak : “Dadi bocah ora pareng isinan. Luwih – luwih dadi dhomas. Yen isin, disawang rak
ora patut.”
Ibu : “Bener Ana, ... Bapak kuwi. Coba isin karo sopo ?
Tembung sing bener kanggo ngganepi ukara ing ndhuwur yaiku ...
a. ngendikane b. omonge
b. dipakan d. celathune

33. Sayang iku tukang gawe barang saka ...


a. lemah b. watu
c. wesi d. tembaga

34. Ukara ing ngisor iki udalen manut jejer, wasesa, lesan, lan katerangane !
Ibu mundhut suplir ing pasar kembang.
a. J / W / L / K b. W / J / K / L
c. K/ W / L / J d. L / K / J / W

35. Tukang nglaras gamelan diarani ...


a. juru gendhing b. juru swara
b. juru kidung d. juru demung

II. Ceceg – ceceg ing ngisor iki isenono nganggo tembung kang mathuk !

36. Amburu uceng kelangan ....

37. Supit urang, yen ditulis nganggo aksara jawa dadi ....

38. Bapak Pocung


Cangkeme madhep mendhuwur
Sabamu ing sendhang
Pencokanmu lambung kiring
.... si pucung mutah kuwawa.
Supaya tembang macapat Pocung jangkep, ceceg – ceceg diiseni ukara ...

39. .... kadadeyane perang gedhe ing antarane Prabu Dasamuka lan Prabu Ramawijaya ?
Jangkepana nganggo ukara pitakon sing mathuk !

40. Dlongop iku arane kembang ....

41. Emboke dielus – elus, anake diidak – idak. Cangkriman iki tegese ....

42. Jangkepana parikan iki !


Wit klapa jare .... , sing tegese ngreganana wong tuwamu.

43. Mingkar – mingkuring angkara,


Akarana karenan mardi siwi,
Sinawung resmining kidung,
Sinuba sinukarta,
Mrih kretarta pakartining ngelmu luhung,
Kang tumrap neng tanah jawa,
Agama ageing aji.
Gatra kapindho tembang pangkur guru wilangan cacahe ana ... lan guru lagu ....

44. Krasa ngantuk, yen ditulis nganggo aksara Jawa dadi ....

45. A. Sarwendah nyilih buku.


B. Sarwendah nyilih garisan.
Ukara ing ndhuwur yen digandeng dadi ....
III. Wangsulana kang patitis !

46. Bapak pucung dudu watu dudu gunung,


Sangkamu ka Plembang,
Ngon ingone sang Bupati,
Yen lumampah si pucung lambehan grana.
Apa batangane tembang Pucung ing ndhuwur iku !

47. Anak polah bapa kepradhah.


Apa tegese paribasan iku ?

48. Kahanan jaman saiki


Wis dadi jaman globalisasi
Akeh wong wadon padha adol bodi
Lali awan lali wengi
Padha lali aturan jawi
Ing kutha lan ing deso sami ugi
Iku sing bakal ngrusak generasi
Kepriye carane ngatasi
Kudu dipikirake wiwit saiki
Apa isine geguritan ing ndhuwur iku ?

49. Kulit ayam yen ditulis nganggo aksara jawa dadi ....

50. Simbah duwe putu cacahe papat.


Salinen nganggo basa krama alus
KUNCI JAWABAN :

I.

1. c 11. b 21. b 31. a


2. a 12. a 22. b 32. a
3. a 13. a 23. a 33. d
4. a 14. b 24. a 34. a
5. d 15. b 25. b 35. b
6. a 16. c 26. c
7. b 17. d 27. a
8. b 18. c 28. a
9. b 19. b 29. d
10. b 20. a 30. c

II.

36. Deleg
37.supitHur=
38. prapteng wisma
39. apa sebabe
40. duren
41. andha
42. glugu
43. 11 guru lagu i
44. kºsznÒ|k¿
45. Sarwendah nyilih buku karo nyilih garisan.

III.

46. gajah
47. Polah tingkahe anak dadi tanggungane wong tuwo
48. globalisasi
49. kulitHym¿
50. Eyang kagungan wayah cacahipun sekawan

You might also like