You are on page 1of 1

Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Nuwun

Bapak Kepala Sekolah ingkang kulo hormati, Bapak ibu Guru Ingkang kinurmatan serta
kanca-kanca ingkang kulo tresnani.

Puji syukur langkung rumiyen sumangga kita aturaken dumateng ingkang Maha Asih, awit
saking paringipun rahmat saha berkahipun kita tansah pinaringan karaharjan saha
kawilujengan katitik ing wekdal menika kita saged ngrawuhi ing parahargyan 17 Agustus
1945 kanthi rahayu wilujeng.

Sak lajengipun kawula minangka talanging atur saking panitia parahargyan 17 Agustus 1945
ing wekdal menika ngaturaken matur sembah nuwun dumateng sedaya warga ingkang
sampun ngloggaraken wekdal menika ing adicara punika lan kula minangka panitia ugi
ngaturaken panuwun awit pambiyantu saengga kaleksananipun wiwit saking persiapan
ngantos dumugi puncak acara adicara punika.

Tahun sakderengipun, tanggal 17 agustus Bangsa Indonesia dipun jajah dening bangsa
walanda, nanging kanthi semangat para kusumaning bangsa ingkang ngurbanaken jiwa rogo
lan bondho saenggo bangsa Indonesia saged ngumandangaken kamardikanipun. Pramila
tanggal 17 Agustus 1945 inggih punika tanggal kamardikan bangsa Indonesia.

Pramila saben tanggal 17 agustus bangsa Indonesia mengeti minangka dinten kamardikan.

Pengetan munika kangge ngaturaken atur panuwun dumateng kusumaning bangsa awit
saking pangurbananipun wekdal punika kita saged ngraosaken merdeka, tentrem lan rukun.
Para rawuh sedaya ingkang kulo hormati, sumangga sareng-sdareng nyengkuyung program
pemerintah kangge mbangun negeri ingkang makmnnur adil lan rukun

Menika ingkang saged kula aturaken, katha kalepatanipun atur saha kurang trapsila angggen
kulo matur, kula nyuwun agunging pangapunten.

Wassalamu’alaikum warahmatullahi Wabarokatuh.

You might also like