You are on page 1of 18

DEDONGA

 Tanda Pamenthangan:

Kunjuk ing asma dalem Hyang Rama, Saha Hyang


Putra, Tuwin Hyang Roh Suci. Amin

 Kawula Pitados

Kawula pitados ing Allah, Rama Sang


Mahakuwasa, ingkang nitahaken bumi langit.
Saha ing Gusti Yesus Kristus, Putra Dalem
ontang-anting, Pangeran kawula. Ingkang miyos
saking Ibu Kenya Maria, kagarba dening kuwasa
Dalem Hyang Roh Suci. Ingkang nandhang
sangsara nalika jamanipun Ponsius Pilatus, saha
kapenthang, seda sarta kasarekaken. Tedhak
dhateng papan pangentosan, tigang dintenipun
wungu saking seda. Mekrad dhateng swarga,
pinarak ing satengen Dalem Allah, Rama Sang
Mahakuwasa. Saking ngriku badhe rawuh ngadili
para tiyang gesang utawi pejah. Kawula pitados
ing Hyang Roh Suci. Pasamuwan Katulik ingkang
suci, lan panunggiling para Suci. Pangapuntening

1
dosa. Tangining badan. Saha gesang langgeng.
Amin.

 Mugi Linuhurna (=Kemuliaan)

Mugi linuhurna Hyang Rama, saha Hyang Putra,


tuwin Hyang Roh Suci. Kados ing mulabuka,
sapunika, sarta ing salami-laminipun. Amin.

 Pinujia (=Terpujilah)

Pinujia Asma Dalem Sri Yesus, Dewi Maria tuwin


Santo Yusup,

wiwit sak Menika sarta langgeng. Amin.

 Rama Kawula (Bapa Kami)

Rama kawula ing Swarga, Asma Dalem kaluhurna,


Kraton Dalem mugi rawuha, karsa Dalem
kalampahana, wonten ing donya kados in Swarga.
Kawula nyuwun rejeki kanggé sapunika,
sakathahing lepat nyuwun pangapunten Dalem,
kados déné anggèn kawula ugi ngapunten dhateng
sesami, kawula nyuwun tinebihna saking
panggodha, saha linuwarna saking piawon. Amin.

2
 Sembah Bekti (Salam Maria)

Sembah bekti kawula Dèwi Maria, kekasihing


Allah, Pangéran nunggil ing Panjenengan Dalem
sami-sami wanita Sang Dèwi pinuji piyambak,
saha pinuji ugi wohing salira Dalem Sri Yésus.

Dèwi Maria Ibuning Allah, kawula tiyang dosa


sami nyuwun pangèstu Dalem, samangké tuwin
bénjing dumugining pejah. Amin

Rosario dalam Bahasa Jawa

Sembahyang Tasbèh

Konjuk
Konjuk ing Asma Dalem Hyang Rama, saha Hyang
Putra, tuwin Hyang Roh Suci. Amin.

Kawula Pitados

Kawula pitados ing Allah Rama Sang Mahakuwasa


ingkang nitahaken bumi-langit, saha ing Gusti Yésus
Kristus Putra Dalem ontang-anting Pangéran kawula,
ingkang miyos saking Ibu Kenya Maria, kagarba
déning kuwasa Dalem Hyang Roh Suci, ingkang
nandang sangsara nalika jamanipun Ponsius Pilatus,

3
saha kapenthang séda sarta kasarèkaken, tedhak
dhateng papan pangentosan, tigang dintenipun wungu
saking séda, mékrad dhateng Swarga, pinarak ing
satengen Dalem Allah Rama Sang Mahakuwasa,
saking ngriku badhé rawuh ngadili para tiyang gesang
utawi pejah. Kawula pitados ing Hyang Roh Suci lan
panunggiling para suci, pangapuntening dosa,
tangining badan, saha gesang langgeng. Amin.

Mugi Linuhurna
Mugi linuhurna Hyang Rama, saha Hyang Putra,
tuwin Hyang Roh Suci, kados ing mula-buka,
sapunika, sarta ing salami-laminipun. Amin.

Pinujia
Pinujia Asma Dalem Sri Yésus, Ibu Maria, tuwin Santo
Yusuf, wiwit sapunika sarta langgeng. Amin.
Rama Kawula
Rama kawula ing Swarga, Asma Dalem kaluhurna,
Kraton Dalem mugi rawuha, karsa Dalem
kalampahana, wonten ing donya kados in Swarga.
Kawula nyuwun rejeki kanggé sapunika, sakathahing

4
lepat nyuwun pangapunten Dalem, kados déné anggèn
kawula ugi ngapunten dhateng sesami, kawula
nyuwun tinebihna saking panggodha, saha linuwarna
saking piawon. Amin.

Sembah Bekti Katur Ing Putra Putri Dalem Sang


Hyang Rama

Sembah Bekti

Sembah bekti kawula Dèwi Maria, kekasihing Allah,


Pangéran nunggil ing Panjenengan Dalem sami-sami
wanita Sang Dèwi pinuji piyambak, saha pinuji ugi
wohing salira Dalem Sri Yésus. Dèwi Maria Ibuning
Allah, kawula tiyang dosa sami nyuwun pangèstu
Dalem, samangké tuwin bénjing dumugining pejah.
Amin

Sembah Bekti Katur Ing Ibu Dalem Sang Hyang


Putra
Sembah bekti kawula ...

5
Sembah Bekti Katur Ing Pramèswari Dalem Sang
Hyang Roh Suci
Sembah bekti kawula ...

Mugi Linuhurna ...

Pinujia ...

I. KABINGAHAN DALEM
1. Malaékat Gabrièl Nglantaraké Dhawuh Marang
Ibu Maria

Waosan Injil nanging Malaékat ngandika,"Sampun


ajrih Maria, panjenengan sampun manggih sih ing
ngarsaning Allah. Lha punika panjenengan badhé
anggarbini sarta mbabar putra kakung ingkang
kedah panjenengan paringi asma Yésus." (Lukas
1:30-31)

† Rama kawula ing Swarga ...


† Sembah bekti kawula Dèwi Maria ... (10x)
† Mugi linuhurna Hyang Rama ...
† Pinujia Asma Dalem ...

6
2. Ibu Maria Tuwi Santa Elisabét

Waosan Injil lan sakala bareng Elisabèt ngrungu


Dèwi Maria uluk salam, jabang bayi ing guwa-garba
nglumba lan Elisabèt dhéwé kapenuhan ing Hyang
Roh Suci banjur nguwuh kanthi sora sarta munjuk,
"Sami-sami wanita panjenengan tuhu pinuji lan
pinuji ugi wohing guwa-garba panjenengan." (Lukas
1:41-42)

† Rama kawula ing Swarga ...


† Sembah bekti kawula Dèwi Maria ... (10x)
† Mugi linuhurna Hyang Rama ...
† Pinujia Asma Dalem ...

3. Sang Kristus Miyos Ing Bètlehèm

Waosan Injil lan mbeneri ana ing kana mau Maria


wanciné mbabar. Panjenengané mbabar putra
kakung pambajeng kang nuliginedhong ing gombal
lan kasèlèhaké ana ing pamakanan awit ing
panginepan wis ora oman papan. (Lukas 2:6-7)

† Rama kawula ing Swarga ...


† Sembah bekti kawula Dèwi Maria ... (10x)
† Mugi linuhurna Hyang Rama ...

7
† Pinujia Asma Dalem ...

4. Sang Kristus Dicaosaké Ana Ing Padaleman


Suci

Waosan Injil, lan Siméon nambut Sang Timur


binopong sarwa memuji Allah, unjuké : "Ing
samangké pun abdi kalilana mundur kanthi
tentrem dhuh Pangéran, manut sabda Dalem, awit
mripat kawula sampun nyipati pangentasan
Dalem." (Lukas 2:28-30)

† Rama kawula ing Swarga ...


† Sembah bekti kawula Dèwi Maria ... (10x)
† Mugi linuhurna Hyang Rama ...
† Pinujia Asma Dalem ...

5. Sang Kristus Kapanggih Ana Ing Padaleman


Suci

Waosan Injil, ing telung dinané ketemu ana ing


padaleman suci, lenggah ing antarané para guru,
mirengaké sarta tetakèn. Kabèh kang ngrungu
padha gumun marang landheping panggrahita lan
wangsulané. (Lukas 2:46-47)

8
† Rama kawula ing Swarga ...
† Sembah bekti kawula Dèwi Maria ... (10x)
† Mugi linuhurna Hyang Rama ...
† Pinujia Asma Dalem ...

II. SUMUNAR DALEM


1. Gusti Yésus Dibabtis Ana Ing Bengawan
Yordhan

Waosan Injil, lan dhèk samana Gusti Yésus rawuh


saka Nasarèt ing tanah Galiléa, sarta dibabtis
Yoanes ana ing Bengawan Yordhan. Lan sanalika
bareng mentas saka ing banyu, banjur pirsa ing
langit sigar, lan Hyang Roh Suci pindha dara
tumurun, lan nedhaki Panjenengané. Banjur ana
wara dumeling saka ing langit, "Kowé iku
PutraKu kinasih. Kowé kang gawé renaKu."
(Markus 1:9-11)

† Rama kawula ing Swarga ...


† Sembah bekti kawula Dèwi Maria ... (10x)
† Mugi linuhurna Hyang Rama ...
† Pinujia Asma Dalem ...

2. Gusti Yésus Paring Pratéla Ana Pangantènan


Ing Kana

9
Waosan Injil, Ibu Dalem banjur ngandika marang
para abdi, "Kabèh kang didhawuhaké tindakna!"
Ing kana ana genthong watu enem, dipasang
kanggo wisuh miturut padatan cara Yahudi. Siji-
sijiné bisa amot loro utawa telung metreta. Gusti
Yésus banjur dhawuh, "Genthong iku kebakana
banyu." Genthong padha diisèni nganti kebak
mancep. Nuli Gusti Yésus dhawuh, "Saiki
cidhukana lan caosna marang sing ngasta
pramugari." Iya banjur dicaosaké. (Yoanes 2:5-8)

† Rama kawula ing Swarga ...


† Sembah bekti kawula Dèwi Maria ... (10x)
† Mugi linuhurna Hyang Rama ...
† Pinujia Asma Dalem ...

3. Gusti Yésus Wiwit Mucal Lan Dhawuh Padha


Martobat

Waosan Injil, bakda Yoanes dicekel, Gusti Yésus


banjur tindak menyang Galiléa, martakaké kabar
kabungahan kang tumurun saka Allah.
Pangandikané, "Wus tekan titi-mangsané,
kratoning Allah wus cepak. Padha matobata lan

10
ngandela marang kabar kabungahan." (Markus
1:14-15)

† Rama kawula ing Swarga ...


† Sembah bekti kawula Dèwi Maria ... (10x)
† Mugi linuhurna Hyang Rama ...
† Pinujia Asma Dalem ...

4. Gusti Yésus Kamulyakaké Ana Ing Gunung


Tabor

Waosan Injil, lan let enem dina Gusti Yésus ngathi


Pétrus, Yakobus, lan Yoanes diajak minggah ing
gunung dhuwur, miyambak. Lan Gusti santun
warni anaing ngarepé. Agemané dadi sumorot
putih memplak. Ana ing donya ora ana wong bisa
musoni sing mengkono. Nabi Elias lan Nabi Musa
padha ngatingal, lan ngendikan karo Gusti
Yésus. (Markus 9:2-4)

† Rama kawula ing Swarga ...


† Sembah bekti kawula Dèwi Maria ... (10x)
† Mugi linuhurna Hyang Rama ...
† Pinujia Asma Dalem ...

11
5. Gusti Yésus Yasa Sakramèn Ekaristi

Waosan Injil, nuli Gusti mundhut roti, munjuk


sembah nuwun, roti dicuwil lan diparingaké sarwa
ngandika, "Iki Sliraku, kang bakal kaulungaké
nglabuhi kowé. Iki tindakna minangka pangéling-
éling marang Aku. Semono uga Gusti mundhut
tuwung, sawisé dhahar, sarwa ngandhika, "Iki
tuwung Prajanjian Anyar ana ing Rahku, kang
diutahaké nglabuhi kowé. (Lukas 22:19-20)

† Rama kawula ing Swarga ...


† Sembah bekti kawula Dèwi Maria ... (10x)
† Mugi linuhurna Hyang Rama ...
† Pinujia Asma Dalem ...

III. KASANGSARAN DALEM


1. Gusti Yésus Sungkawa Ana Ing Taman Jaétun

Waosan Injil, "Dhuh Rama, manawi dados karsa


Dalem mugi tuwung punika kasingkirna saking
kawula, nanging sanès kajeng kawula, karsa
Dalem kalampahana." (Lukas 22:42)

† Rama kawula ing Swarga ...

12
† Sembah bekti kawula Dèwi Maria ... (10x)
† Mugi linuhurna Hyang Rama ...
† Pinujia Asma Dalem ...

2. Gusti Yésus Disapu

Waosan Injil, wong kang padha njaga Gusti,


moyoki Panjenengané lan ngantemi. Gusti
dikrukubi lan diantemi wadana Dalem sarta bola-
bali ditakoni, celathuné, "Wis wacanen, sapa sing
ngantemi kowé iki. Lan isih akèh manèh
pitembungané marang Gusti wujud cecamah.
(Lukas 22:63-65)

† Rama kawula ing Swarga ...


† Sembah bekti kawula Dèwi Maria ... (10x)
† Mugi linuhurna Hyang Rama ...
† Pinujia Asma Dalem ...

3. Gusti Yésus Diagemi Makutha Eri

Waosan Injil, lan para prajurit ngenam makutha


eri, dietrapaké ing mustaka Dalem. Nuli
Panjenengané diagemi sandhangan abang jingga,
banjur pada sowan matur, "Pangabekti Ratuning

13
tiyang Yahudi" lan Gusti diantemi." (Yoanes 19:2-
3)

† Rama kawula ing Swarga ...


† Sembah bekti kawula Dèwi Maria ... (10x)
† Mugi linuhurna Hyang Rama ...
† Pinujia Asma Dalem ...

4. Gusti Yésus Manggul Pamenthangan

Waosan Injil, Gusti Yésus ditampilan digawa


lunga. Gusti manggul salib Dalem piyambak
tindak menyang papan kang diarani Kalpari,
tembung Hibrani Golgota. Ana ing kana Gusti
disalib lan bebarengan karo Panjenengané ana
wong loro kang disalib ngiwa-nengen, déné Gusti
Yésus ana ing tengah." (Yoanes 19:17-18)

† Rama kawula ing Swarga ...


† Sembah bekti kawula Dèwi Maria ... (10x)
† Mugi linuhurna Hyang Rama ...
† Pinujia Asma Dalem ...

5. Gusti Yésus Séda Ana Ing Pamenthangan

Waosan Injil, kanthi nguwuh swanten sora, Gusti


Yésus ngendika, "Dhuh Rama, kawula

14
masrahaken sukma kawula ing asta Dalem, lan
ngendika mangkono iku, Gusti Yésus séda. Bareng
penatus weruh lelakon mau, mulyakaké Allah,
sarta celathu," Mula nyata Wong iki ora salah."
(Lukas 23:46-47)

† Rama kawula ing Swarga ...


† Sembah bekti kawula Dèwi Maria ... (10x)
† Mugi linuhurna Hyang Rama ...
† Pinujia Asma Dalem ...

IV. KAMULYAN DALEM


1. Gusti Yésus Wungu Saka Séda

Waosan Injil, Wis ora ana ing kéné, wis wungu.


Élinga marang pangandikané dhék ana ing
Galiléya, sing mangkéné uniné : "Wus Pinasthi
Putraning Manungsa kudu diulungaké marang
tanganing wong dosa, sarta disalib lan ing telung
dinané bakal wungu saka séda." (Lukas 24:6-7)

† Rama kawula ing Swarga ...


† Sembah bekti kawula Dèwi Maria ... (10x)
† Mugi linuhurna Hyang Rama ...
† Pinujia Asma Dalem ...

15
2. Gusti Mékrad Menyang Swarga

Waosan Injil, "Nuli para murid padha diajak nganti


tekan Bétania, lan ngumbulaké asta. Gusti
maringi berkah lan bareng karo anggoné paring
berkah Gusti nilar para rasul, lan kasengkakaké
menyang swarga." (Lukas 24:50-51)

† Rama kawula ing Swarga ...


† Sembah bekti kawula Dèwi Maria ... (10x)
† Mugi linuhurna Hyang Rama ...
† Pinujia Asma Dalem ...

3. Hyang Roh Suci Tedhak

Waosan Injil, "Kabèh padha kapenuhan ing Hyang


Roh Suci, sarta banjur padha guneman nganggo
basa warna-warni, mojar manut sakaparengé Hyang
Roh Suci." (Kisah Para Rasul 2:4)

† Rama kawula ing Swarga ...


† Sembah bekti kawula Dèwi Maria ... (10x)
† Mugi linuhurna Hyang Rama ...
† Pinujia Asma Dalem ...

16
4. Ibu Maria Kapundhut Menyang Swarga

Waosan Injil, "Nanging kabèh iku ana urut-


urutane, sing dhisik dhéwé Sang Kristus, kang
jumeneng panunggul, banjur liya-liyané kang
dadi kagungan Dalem Sang Kristus, yèn mbésuk
rawuh." (1 Korintus 15:23)

† Rama kawula ing Swarga ...


† Sembah bekti kawula Dèwi Maria ... (10x)
† Mugi linuhurna Hyang Rama ...
† Pinujia Asma Dalem ...

5. Ibu Maria Tampi Makutha Ana Ing Swarga

Waosan Injil, "Ana pratandha katon ing langit,


wanodya asingep surya lan rembulan, ana ing
sangandhaping pada déné mustakané jinamang
lintang rolas." (Wahyu 12:1)

† Rama kawula ing Swarga ...


† Sembah bekti kawula Dèwi Maria ... (10x)
† Mugi linuhurna Hyang Rama ...
† Pinujia Asma Dalem ...

17
18

You might also like