You are on page 1of 1

Nama : Ardyan Nur Prabowo

Kelas : XII IPA 2

KETHOPRAK
Wonten ing tanah Jawi kathah kita panggihi asli kabudayan ingkang maneka warni. Paramila
saged kawastanan bilih tiyang Jawi punika sugih kabudayan, inggih saking basa, kasenian,
teknologi, lan sapanungalanipun. Asil-asil kabudayan kala wau taksih kasimpen ing tanah Jawi
lan wewengkon sanesipun sae awujud seratan, barang-barang, wewangunan, punapa dene
ingkang boten saged kita tingali nanging saged kita raosaken ingggih punika norma-norma utawi
nilai-nilai ingkang dipunwarisaken deninmg pada leluhur. Saking asil-asil kabudayan kala wau
saged kita mangertosi kados pundi gesangipun tiyang Jawi ugi watakipun.
Asil kabudayan ingkang awujud kasenian tiyang Jawi punika kathah sanget. Asil budaya
kasenian wonten ingkang arupi seni suwanten (tuladhanipun karawitan, tembang, lsp.), seni
drama utawi sandiwara tradhisisonal (tuladhanipun ringgit, kethoprak, sandiwara radhio basa
Jawi, lsp.), seni gerak (beksan), seni ukir, lsp. Nagging kairing lampahipun wekdal saha
majenging teknologi, sadaya kasenian kala wau dangu-dangu kageser saking manahipun tiyang
Jawi piyambak. Tiyang Jawi sapunika langkung remen dhumateng tayangan ingkang ngandhut
budaya saking manca ingkang gampil dipunpanggihi wonten ing radhio, TV, punapa dene
medhia sanesipun. Ewah-ewahan kados punika tamtu ugi njalari ewah-ewahan ing manah ugi
penggalihipun tiyang Jawi, langkung-langkung generasi enemipun. Ringkesipun, sapunika tiyang
Jawi samsaya luntur kejawenipun, langkung remen nuladha budaya manca.
Kethoprak punika saged kita semerepi wonten Jawi Tengah, Ngayogyakarta, tuwin Jawi Wetan.
Ing Jawi Tengah lan Ngayogyakarta, kethoprak sampun nyawiji dados budaya masyarakat.
Kethoprak ngantos saged ngasoraken kasenian sanesipun tuwin dipunremeni dening sedaya
lapisan masyarakat ing jaman semanten.
Kethoprak punika ngandhut piwulang ingkang dipunbabar kanthi sarana pralambang. Dene
piwulang wonten ing kethoprak sipatipun boten ngguroni. Piwulang punika salah satunggalipun
inggih sarana basanipun. Ing kethoprak, saged kita tingali bedanipun panginanipun tembung-
tembung tuwin ukara-ukara ingkang katumrapaken bocah, tiyang enem, saha tiyang ingkang
langkung sepuh utawi ingkang langkung inggil drajadipun. Ingkang kados punika ageng sanget
ginanipun tumrapipun warga bebrayan Jawi, awit wekdal-wekdal pungkasan punika saperangan
ageng warga bebrayan Jawi sampun awis ingkang mangertosi undha usukipunbasa Jawi.
Langkung wigatos malih awit undha usuking basa Jawi punika bakalipun nganthi dhateng suba
sita, tata karma saha budi pekerti. Nanging kados kasenian tradhisional sanesipun, kethoprak ugi
sampun kageser ing manahipun para sutresnanipun kaliyan tayangan-tayangan ingkang ngandhut
budaya manca.
Argumen: Salah satunggalipun kasenian ingkang suda pamiyarsanipun yaiku kethoprak.
Kethoprak inggih punika kasenian rakyat tiyang Jawi awujud drama tradhisional ngginakaken
basa Jawi, lan nyariyosaken cariyos rakyat tiyang Jawi utawi sanesipun. Amargi saka kuwi
awake dewe kedah nglestarekaken budaya kethoprak niki , supados boten kegeser budaya manca
negara.

You might also like