Professional Documents
Culture Documents
Sinjang Utaw
Sinjang Utaw
a. Pangertosanipun Sinjang
Sinjang basanipun ngoko Jarik utawi Jarit lan Sewek (jawi wetan), kramanipun inggil “Nyamping’. Inggih
punika arupi kain bathik ingkang dipun agem kanthi ka-ubedaken ing badan nutupi jaja sak pangandhap,
dene watesipun suku ing nginggil polok.
Kain bathik ingkang ka-agem nyampingan utawi sinjang kalawau, saestu arupin wohing pangolah budi
para leluhur linangkung run tumurun wiwit jaman kina makina. Kajawi cakrik ingkang rawit (njlimet) lan
nengsemaken ugi caanipun ndamel igu rungsit kagarap kanthi njlimet, sabar , telaten, sarta nglampahi
pinten-pinten tataran.
Bakalanipun sinjang inggih menika mori (monten), satunggaling kain pethak ingkang sakderengipun
kagarap utawikabathik kedah dipun kanji rumiyin, salajengipun tumuli kapepe, sak sampunipun garing
lajeng dipun kemplong pangajabipun supados rapet tenunanipun, temahanipun manawikaserat (ka-
bathik) mboten mblobor.
Bakalan saking mori kalawau lajeng dipun cengkorongi utawi kagambar mawi potlot, sak sampunipun
dados lajeng kaserat mawi malam, dene pirantos ingkang kangge nyerat inggih menika winastan
canthing. Manawi gambaripun mawi titik-titik utawi “cecek” tumuli kaginakaken canting cecekan.
“Terusi” supados bathik wolak walik ketingal nyawiji. Manawi ing gambar bathik wonten ingkang
mangkenipun kedah kadamel pethak lajeng kemawon ing gambar dipun “Tembok” ingkang tegesipun
ngeblok perangan gambar ingkang badhe dipun pethakaken.
Malam ingkang ka-angge nemboki menika beda kaliyan malam ingkang ka-angge
ngengrengan .
Manawi sampun dipun “tembok” tumuli ka “Wedel” inggih menika damel warni biru kangge dhasaripun
sinjang, sak sampunipun kawedel, lajeng dipun kerok ingkang dipun betahaken, ingang sampun wonten
warninipun biru lajeng katutup malih mawi malam ingkang tegesipun mbathik
“Soga” utawi dipun “Sareni”. Soga menika minongka sarana kangge ngelir utawi nyukani kelir soklat ing
sinjang kalawau.
Saksampunipun dipun soga lajeng kalorot supados ical malamipun. Manawi sampun ical malamipun
badhe ketingal seratan bathik.
Manawi sampun kababar, ketingal dados sinjang, salajengipun dipun “Kanji” supados rapet tenunanipun
malih, kapepe ing papan ingkang mboten benter, manawi sampun garing lajeng kalempit, miturut trep-
trepanipun nglempit sinjang. Sak sampunipun dipun lempit lajeng ka-kemplong supados rapet lan
madhet tenunipun.
c. Warninipun Sinjang
Sinjang limrah ukuran limrah watawis 110 x 260 cm. sinjang Kampuh utawi Dodot langkung panjang
katimbang sinjang limrah, inggih punika 4 panjangipun sinjang limrah.
Bab warnining sinjang manawi saperangan ulesipun cemeng, dipun wastani Latar Cemeng .
latar putih.
d. Cakrikipun sinjang
Manawi dipun taliti, cakrikipun sinjang punika ingkang baku saget kaperang wonten kalih inggih punika:
Kekalihipun punika manawi dipun dadosaken setunggal saget ngetingalaken maneka warnining sinjang.
Mapanipun sekaran kapilah-pilah, dipun tata kanthi ajeg, ingkang mangkenipun saget mujudaken
gambaran ingkang mawarni-warni, inggih punika:
Sinjang Parang makaten seratanipun awujud garis miring diagonal 45 derajat, wonten wangunipun
mlinjon, sujen, sarta mata gareng.
Dene ingkang kawastanan Lereng, seratanipun wujudipun garis miring diagonal 45 derajat mboten
wonten mlinjonipun, sujen sarta mata gareng , namung dipun watesi garis-garis, adakanipun mawi cakrik
lung-lungan utawi kaseling parangan ingkang dipun wangun geblagan.
Bathik parang saha lereng tumrap Karaton Surakarta minongka agemanipun para luhur, tegesipun bathik
menika naming ka-agem dening Sinuhun saha para putra dalem lan abdi dalem dadoa larangan utawi
awisan.
Parang punika kadidene gaman, sarta wonten werdi sanes Pereng/ereng-erengan saking inggil
mangandhap, saking pereng ing pesisir kidul lan Segara kidul inggih punika: Parang Gupito, parang
kusumo, parang tritis lsp. Kawontenan punika wonten sambung rapetipun kalihan Panembahan Senopati
ingkang madegaken Mataram Islam Ing tanah Jawi. Papan kasebat minongka papan ingkang kangge
teteki Panembahan Senopati rikala badhe madegipun Keraton Mataram. Lelampahan kalawau ingkang
ndadosaken wontenipun bathik cakrik parang lan lereng (gambaranipun lampah Panembahan Senopati
munggah gunung mudhun Jurang, ingkang kebak kalihan panandhaning gesang. Wujudipun jentrek-
jentrek kados gunung baris. Babonipun parang ing sakawit inggih punika: Parang Geblagan, Parang
Thathit, Lereng Sobrah.
b) Ceplok
Sinjang Ceplok, seratanipun awujud sekaran ingkang kawangun pesagi punapa dene wajikan, tarkadhang
wangunipun sekaran dipun watesi kaliyan garis-garis ingkang mujudaken wangun pesagi menapa dene
wajikan, dados lajeng katingal pating ceplok, pating dlemok.
c) Cakrik Merdika
Cakrik merdika, sekaranipun mboten ketingal winates, ing salebeting garis-garis miring menapa wonten
salebeting kothak pesagi utawi wajikan. Dados saestu sekaranipun merdika/bebas.
Sekaran motif ingkang dipun ginakaken kangge seratan punika maneka warni. Para pengrajin bathik
saestu hanggadhahi wawasan ingkang sakalangkung wiyar, salajengipun sadaya wewujudan ingkang
tumitah ing alam donya saget dipun tiru kangge sesekaran.
Wiwit sawarnining tetuwuhan, sawarnining ron, punapadene sawarnining sekar, who-wohan, sato
kewan, peksi, elar, kepiting, ulam ing seganten, kawontaning jagad raya, sadaya saget kaserat dados pola
utawi cakrik ing seratan bathik.
(2) Sinjang Ceplok, upaminipun “Ceplok Sekar Kenikir”, Ceplok Sekar Asem”, ceplok Sekar Manggis .
(2) Cakrik Cuwiri ingkang sekaranipun nggambaraken ulam segara, urang, lan sapanunggalipun.
Miturut sejarah cakrik Sido Luhur menika yasandalem ISKS Paku Buwana IV, pramila ingkang sami
mangangge sinjang hanggadhahi pangajab, mugi angsala cuwilaning kaluhuran ingkang Iyasa.
Semanten ugi cakrik Sidomukti kapaa langkung sepuh, Inggih punika Iyasan ISKS Paku Buwana II.
Kasuwun lumunturingberkah dalem pinaringan mukti lelampahanipun gesang.
Manawi badhe hangagem sinjang, langkung rumiyin kedah dipun damel wironipun, inggih punika wiwit
saking pinggiraning sinjang (seretan/Tumpal) dipun lempit wolak-walik ngantos 2/3 panjangipun sinjang.
Wiyaripun saben lempitaning wiron manawi kagem kakung kirang langkung 7 CM.
Lempitaning wiron ingkang sepisan ingkang ngemot seretaning kaprenahaken wonten ing lebet, supados
manawi dipun- agem seretipun mboten ketingal (Gagrag Surakarta) dene Ngayojakarta seretipun kedah
ketingal.
Ngagem busana Jawi kawiwitan saking nyamping, bab inggil andhapipun nyamping sampun ngantos
ketingal polokipun, nanging ugi sampun ngantos ketebihin sangandhaping polok, mila wiwit nyampingan
prayoginipun selop dipun agem rumiyin, supados dadosipun inggih sumbut kaliyan manawi sampun
ngagem selopboten badhe kandhapen utawi kinggilen. Wiron punika boten perlu dipun japit, sauger
sampun pejah, limrahipun boten badhe wudhar. Ubedipun nyamping saking mangiwa, asta tengen
ngasta utawi nyepeng wiron kapapanaken wonten tengahing puser dene pucuk utawi pangasih kacepeng
wonten tangan kiwa kapapanaken wonten tepong tengen, kaangkah pucuk ngandhap sinjang boten
kadal melet, nembe wiron ingkang dipuncepeng asta tengen kapapanaken wonten tengah, manawi
sampun dhamis lajeng dipun tangsuli, kasusul ngagemipun setagen lan sabuk. Ubedipun sabuk punika
kawiwitan saking nginggil mangandhap eneripun ugi mangiwa ubedipun.
Lajeng kasusul ngagem epek timang saha lerebipun, timang kadhawahaken tengah leres, lerep ing kiwa,
dados tegesipun ubedipun ugi mangiwa. Paugeran gagrag Karaton Surakarta mapanipun epek, wonten
ngandhap watawis kalih nyari saking tepining sabuk.
Salajengipun ngagem rasukan, kasusul ngagem dhestar manawi sampun saweg ngagem wangkingan
utawi dhuwung. Wangkingan punika sumengkelitipun wonten ing sabuk sap 3 (tiga) saking ngandhap,
semu sumendhe miring sikut tengen. Dados boten kenging sumendhe mangiwa, sabab ukiranipun,
lajeng tumungkul. Punika manawi kajawen dipun wastani boten susila, pasemonipun mrentah supados
sinten ingkang wonten ngajeng tumungkula, namanipun ngewal, wonten ugi ingkang mastani nyothe.
Tumrap kejawen langkung-langkung Karaton, punika dados awisan.
Manawi sowan Karaton nyarengi timbalan menapa kemawon, tumrap sentana utawi abdi dalem ingkang
sesebatanipun Bupati sak pangandhap, mboten kepareng ngagem sinjang cakrik lereng. Dene ingkang
sesebatanipun ria nginggil (harya) sakp[enginggil cakrikipun merdika.
Sinjang ingkang dipun agem wonten sanjawining Karaton kagem sinten kemawon merdika, mboten
wonten
awisan menapa-menapa. Kajawi sinjang truntum menika mligi kagem pahargyan mantu, dipun agem
dening para ingkang sami bebesanan.
manawi kala rumiyin ing Alam jumenengipun ISKS Paku Buwana X, manawi pisowanan ageng para
abdidalem kedah mangangge sinjang dodot.
a. Pangertosan
Dhuwung, basanipun ngoko keris, krama inggilipun wangkingan arupi wujud sanjata tumrap tiyang Jawi
ingkang sanget adi luhung. Kawastanan adiluhung amarji sak donya mboten wonten tandhingipun. Wiwit
saking padamelanipun ingkang rungsit, rawit, kanthi telaten, sabar sarta eneping manah.
Perlu katerangaken bilih dhuwung piyambak onten warni kalih, inggih menika:
1) Dhuwung ingkang mligi kadamel kagem ageman, utawi pasren, menika hanggenipun damel mboten
mawi pasa utawi lampah prihatos.
2) Dhuwung pusaka tayuhan, inggih menika ingkang ndamelipun dipun kantheni lampah sarta upacara
ingkang sampun dados pakem utawi paugeran ingkang gumathok. Dhuwung pusaka menika salajengipun
ingkang dipun aji-aji punapadene dipun agung-agungaken.
Dhuwung sawenehing gaman ingkang kadamel saking campuran tosan, pramila wonten ingkang
mastani”tosan aji”, wangunipun tipis panjang, dene cepenganipun dipun wastani ukiran.
Wiyaripun dhuwung watawis 8 CM, lajeng merit samsaya alit ngantos dumugi 2.5 CM wiyaripun lan
wekasan pucukipun lancip. Dene panjangipun watawis 35-40 CM. kiwa lan tengenipun kadamel landhep.
Dene wangunipun wonten ingkang jejeg (leres) wonten ingkang ngolat-ngolet ingkang ugi dipun wastani
“Luk”.
Dhuwung manawi mboten dipun ginakaken kedahdipun lebetaken ing wadhahipun, ingkang dipun
namakaken “warangka” sebab kathah dhuwung ingkang sampun dipun warangi lan menika sanget
mbebayani.
b. Sejarahipun Dhuwung
Kajawi tanah Jawi (kalebet Madura lan Pulo Bali) kabudayan keris (dhuwung) ugi pinanggih wonten
Sulawesi Kidul (Gowa).
Kajawi menika gaman ingkang memper keris kadosta badhik ing tanah bugis, rencong ing Sumatra Ler
(aceh), Mandhau ing Sulawesi (Makasar) ugi sampun wonten du king kina.
Saget kedadosan makaten jalaran tumrap bangsa Indonesia “Jaman Logam” sampun wonten wiwit tahun
500 sak derengipun Masehi.
Mligi bab dhuwung utawi keris, ingkang kaserat wonten kitab “Tangguh Curiga” sejarahipun dhuwung
saget kaperang dados 5 perangan katitik saking wekdalipun rikala dhuwung menika kadamel. Pathokan
menika dipun sebat “Tangguh” inggih menika:
01 Tangguh Kuno/Buda Abad 1-10 Masehi Karaton Medang Kamulan, Kahuripan /Erlangga kediri
02 Tangguh Madya/Buda Abad 10-12 Masehi Karaton Jenggala Kedhiri - Dhaha, Pajajaran, Cirebon,
Segaluh
03 Tangguh Madya Sepuh Abad 12-14 Masehi Karaton Tuban, Majopahit, Sedayu Blambangan, Maduro
04 Tangguh Madya Abad 14-16 Masehi Karaton Demak, Pajang, Mediun, Mataram, Sultan Agungan ,
Banten.
05 Tangguh Anem Abad 16-20 Masehi. Karaton Kartosuro, Surakarta, Ngayoja, Mangkunegaran, Paku
Alaman lajeng ngatos dumugi alam kamardekan.
Ing ngajeng sampun ka-andharaken bilih dhuwung manawi mboten kaginakaken kedah dipun lebetaken
ing wadhahipun, inggih punika ingkang dipun sebat “Warangka”.
Dados saking njawi ingkang katingal naming wangunipun warangka, dene nglebetipun isi wilahan utawi
keris.
Miturut wangunipun, warangko wonten warni kalih, inggih menika cakrik “Ladrangan” saha cakrik
“Gayaman”
1) Warangka Gayaman
Warangka Gayaman makaten ngajeng lan wingking, irah-irahan wangunipun sami inggih menika
pupak/punggel. Perangan ngajeng langkung caket tinimbang ingkang wingking, sarta perangan wingking
kapara radi minggah.
2) Warangka Ladrang
Inggih menika satunggaling warangka ingkang irah-irahipun perangan ngajeng mlungker (angkup)
dhateng mlebet, dene ingkang wingking langkung panjang sarta njepapang (godhongan), pucukipun
lancip, sami kaliyan gayaman, irah-irahan ugi radi minggah supados ketingal gagah manawi dipun agem.
d. Peranganipun Dhuwung
Peranganipun dhuwung ingkang baku wonten 5, inggih menika: Ukiran, Mendhak, Warangko, Pendhok,
Wilahan.
1) Ukiran
Limrahipun kadamel saking kajeng trenggana, kemuning, sawo lan sanesipun sadaya dipun ukir.
Limrahipun ukiran dipun plitur, menapa dene dipun gebeg supados ketingal sekaran menap[a dene srat-
seratipun kajeng. Manjingipun wilahan dhateng ukiran menika kedah trep lan kenceng.
Ing Surakarta ukiran kalimrah kanthi cakrik/gaya Paku Buwanan, Wiryodiningratan, lan dapur mangkurat.
Ingkang dipun wastani mendhak punika awujud slongsongan arupi conthong kapotong kuwalik, dipun
damel saking tosan utawi kuningan, dipun angge minongka umpak adeging ukiran manjing ing wilahan
supados saget trep, wilahan mboten onya (lepas ) saking ukiranipun.
Kajawi mendhak, ugi wonten ingkang tambah malih ingkang nama “Selut” dipun papanaken wonten sak
nginggilipun mendhak.
Selut makaten wangunipun kados jeram pecel, namung radi gepeng, kadamel saking kuningan kaukir
sae, dados pasrening dhuwung.
Malah kepara awit dhawuhipun para nata dhumateng para empu ingkang handamel dhuwung, selut
asring rinengga barleyan, inten (sesotya). Dene dapuripun selut ing antawisipun: jeruk keprok, jeruk
pecel, jeruk sambel.
3) Warangka
Sampun kauningan bilih warangka punika awujud wadhahing wilahan (keris). Ing nginggil sampun ka-
aturaken bilih jinipun wonten kalih inggih punika warangka gayaman saha warangka Ladrang.
Peranganipun warangka wonten kalih, inggih punika perangan nginggil minongka irah-irahanipun dipun
wastani” godhongan” saget kawangun gayaman menapa ladrang. Kalih-kalihipun kadamelndhaplang,
ngiras kagem totogan manawi dipun sengkelitaken, dhuwungipun supados mboten mlorot. Perangan
ngandhap, inggih punika ingkang ka-angge wadhah wilahanipun dhuwung, dipun wastani “Gandar ”.
Wiyar, kandel punapa dene panjangipun dipun cundhukaken (disesuaikan) kaliyan wiyari, kandel,
panjangipun wilahan.
Godhongan kaliyan
a) Gandar kaliyan
godhonganipun kadamel saking kajeng setunggal wetah, sarta dipun garap alus. saestu arupi kagunan
(karya seni ) ingkang rawit (rumit, njlimet) rekaos pendamelipun. Sak punika sampun awis wontenipun.
Panggarapanipun
godhongan kalawau sareng sampun kawangun sae, awujud ladrang menapa dene gayaman, lajeng
kagebeg alus, dipun plitur.
Kajawi punika ugi wonten godhongan ingkang dipun”sungging” tegesipun dipun gambar (bathik).
4) Pendhok
Kadamel saking campuran kuningan saha tembaga, rinengga ukiran lajeng kasepuh emas utawi kuningan,
malah wonten ingkang rinengga barliyan (sesotya).
Kajawipunika ugi wonten pendhok ingkang polos mboten kaukir, lajeng dipun cet abrit, ijem, coklat saha
cemeng.
Pendhok kemalo abrit punika agemanipun para putra sentana sarta bupati anem minggah. Dene
pendhok kemalo ijem sarta coklat agemanipun para prajurit sarta canthang balung.
5) Wilahan
Wilahan punika perangan ingkang baku tumrap dhuwung, kadamel saking campuraning tosan, waja,
pamor utawi nikel.
Ing nginggil sampun ka-aturaken bilih jinisipun wilahan wonten kalih, inggih punika ingkang jejeg (leres)
kaliyan ingkang menggak-menggok (luk). Dene cacahing luk warni-warni, wiwit luk 1 ngantos luk ingkang
langkung saking sewelas.
a) Peranganipun Wilahan
(1) Pesi
Inggih punika peranganing wilahan ingkang lancip kados paku, manunggal kaliyan wilahanipun.
(2) Ganja
Inggih punika bakalanipun campuran wesi, waja, sarta nikel, kapotong saking wilahan perangan nginggil,
kawangun kados cecak, tipis panjang, ing tengah dipun bolong. Ganja punika mboten manunggalkaliyan
wilahanipun.
(3) Wilahan
Inggih punika perangan ingkang baku ing dhuwung.
Panjangipun antawis 35 cm
dumugi 40 cm.
Kajawi pesi, ganja ugi kaukir, jumbuh kaliyan wilahipun, pesi ganja kalihan wilahipun kalawau manawi
sampun manunggal mujudaken blegeripun dhuwung/wilahan.
Dene ingkang dipun wastani ricikan ing wilahan inggih punika, sedaya rerenggan awujud ukiraning
wilahan lan ganja, punapa dene sekaraning pamor, ingkang sadaya kalawau manunggal, lajeng
mujudaken dhuwung ingkang hanggadhahi tenger sarta kapeibadenipun dhuwung.
(3) Pasopati
Ingkang damel wilahaning dhuwung pubika namanipun empu, kabyantu sawetawis rencang, antawipun
ingkang mandhe,tukang ngububi (nepasi) pawon, sarta ingkang nyepengi bakalaning wilahan. Rencang
utawi kanca-kanca kalawau namanipun “Panjak”.
(3) Empu Keleng, ingkang iyasa Kyai Kopek dhawuhing nata pajajaran.
(6) Empu Ki anom Suwita, ingkang iyasa Kyai Tepas, Kyai tudung, Iyasan Sinuhun Sultan Agung Hanyakra
kusuma,
(9) Empu Singawijaya, Ki anom, Ki Jaka Sukatgo, dumunung ing Jaman Surakarta.
Dhuwung dipunagem mligi minongka jangkeping ageman utawi busana adat Jawi. Punika kemawon
winates ingkang agemanipun atella punapa dene beskap ingkang wingkingipun krowok. Dene manawi
agemanipun beskap utawi atella landhung mboten perlu ngagem huwung.
Ing tlatah Surakarta Hadiningrat, manawi mangagem busana adat Jawi, dhuwungipun dipuagem ing sisih
wingking, dipun sengkelitaken (diselipkan) ing sabuk larikan sabuk angka tiga saking ngandhap.
Manjingipun dipun dhoyongaken manengen, kanthiukiranipun ndhangak, cara makaten dipun wastani
“Ngogleng”.
Mapanipun dhuwung saben-saben perlu dipun gatosaken, sampun ngantos kemloroten, munapadene
kinggilen, dados namung sakmadya. Ingkang menika nalika ngagem sabuk ubedipun dipun udikepara
singset.
Kajawi cara “Ngogleng” ingkang kalimrah kados ingkang ka-aturaken ing nginggil, tasih wonten cara
mangagem dhuwung sanesipun, ingkang dipun jumbuhaken kaliyan kaperluwanipun.
Sinaosa cara-cara menika mbok manawi sampun kathah ingkang mboten migatosaken, ananging perlu
dipun wuningani kados ka-andaraken ing salajengipun inggih menika:
1) Dederan
Caranipun mangangge dhuwung sami kaliyan ngogleng, ananging manjingipun warangka ing sabuk jejeg
ing satengahing geger, dene ukiranipun tetep majeng mangiwa.
Punika kala rumiyin katindakaken manawi badhe sowan dhateng sesepuh utawi tiyang ingkang
pangkatipun langkung inggil.
2) Kewal
Sami patrapipun kaliyang ngogleng, ananging manjinging warangka ing sabuk dhoyongipun mangiwa,
dene ukiranipun tumungkul mangiwa.
Kala rumiyin namung katindakaken dening para abdidalem prajurit. Ing laladan Pamarentah kitha
Surakarta asring ka-etrepaken ing Tatacara saha upacara Pengetan Hari Jadi Kitha Surakarta (Ingkang
sejatosipun pengetan boyong Kedhaton, lan tatanan punika mboten trep ka-angge dening para
pamong/pegawai pamarentahan ingkang mangangge dhuwung mogleng mangiwa ingkang sinebat
ngewal manawi kasuraos punika ateges deksura.
3) Hanganggar Pusaka
Hanganggar pusaka punika ngagemipun dhuwung mboten sami kaliyan ngogleng punapadene dederan
lan kewal ingkang manggenipun wonten wingking kaselipaken ing sabuk.
4) Sikep
Pangagemipun dhuwung kaselipaken sabuk sisih ngajeng, sak ngandhap jaja manjingipun dhuwung
kapernah kiwanipun timang, dhoyong manengen, dene ukiranipun tumungkul mangandhap. Cara
mangagem makaten limrahipun tumrap para ngulama, ingkang ngagem ageman jubah utawi gamis.
Tuladha sanesipun Pangeran Antawirya (Pangeran Diponegara), Sentot Alibasah, Kyai Maja.
Saha sedaya para wali ing tanah Jawi asring mangagem cara makaten punika.
5) Brongsong
Dhuwung sak derengipun dipun agem, langkung rumiyin dipun lebetaken wadhah utawi brongsong.
Mangagemipun brongsong ingkang sampun isi dhuwung kalawau kaselipaken sabuk sisih ngajeng kados
dene patrapipun sikep.
Bentenipun kaliyan sikep jalaran sarehning wonten sak lebeting brongsong mboten katingal.
Patrap punika dipun tindakaken tumrap abdidalem ingkang ka-utus ngasta pusakaning nata.
Abdi dalem punika asring nindakaken lampah watesan ka-utus dhumateng mancanagari.
KERIS LADRANG
PERANGAN I
1. Angkup
2. Ri-Cangkring
3. Godhongan
4. Janggut
5. Latha
6. Gambar
7. Ri-Pandhan
8. Gandhar
9. Antup
10. Embat
PERANGAN 2
A. Kruwingan Angkup
D. Pekakan Angkup
E. Pekakan Godhong
F. Bolongan Anjingan
G. Dagingan
H.