You are on page 1of 4

UPACARA ADAT JAWA

Jeneng : Zahro Mustafavi Yanna Putri


Kelas : XI MIA 4
Nomer : 32
Upacara Adat Seblang ing Banyuwangi

Ritual Seblang yoiku salah siji ritual warga Using sing mung bisa ditemoni ing rong desa neng
kecamatan Glagah, Kab.Banyuwangi, yoiku desa Bakungan lan desa Olehsari. Seblang utawa Sebele ilang
yoiku Ritual sajenise tarian sing dilaksanakake kanggo kaperluan bersih desa lan tolak bala, supaya desa
iku bisa tetep aman lan tentrem. Tarian adat ing iku diadakake ing waktu sing beda saben desa. Ing desa
Olehsari diadakake seminggu sak wise Idul Fitri, nek ing desa Bakungan sing ana ing sak sisihe, diadakake
seminggu sak wise Idul Adha. Tari Seblang iki diwiwiti karo upacara sing dibuka karo dukun desa utawa
pawange. Dukun iku mengasapi sang penari karo keluk saka dupa sinambi maca mantera. Sawise sang
penari kesurupan (ora sadar utawa kejiman), banjur joget melu gendhing sing diunekne karo merem
mripate.

Tradisi Nyadran ing Nganjuk

Ritual iki diadakake kanggo nyuwun slamet lan kemakmuran. Acara kasebut uga mawujudake
rasa syukur dening Gusti Allah kang Maha Kuwaos. Amarga wis diwenehi panen kang melimpah. Ing
acara iki puluhan dayang-dayang mlaku ngeterne sesaji marupa hasil bumi mara ing makam mbah Sahid,
wong kesiji sing babat desa. Saengga sampek saiki disebut dening jeneng Sono Ageng. Sawise sesepuh
desa maca donga karo dibarengi mbakar menyan ing ngarep sarean. Ratusan warga sing teka ing sarean
iku langsung royokan sesaji sing wis didongani kuwi.

Ngurit
Upacara iki dilakoni sawise nabur winih ing sawah, yoiku diadakake slametan nganggo sega
golong, jenang abang, jenang sengkolo, cok bakal, lan jeroan pitik. Maksud saka slametan kasebut
supaya winih sing ditandur bisa thukul lan subur. Sawise upacara ngurit, upacara sateruse yoiku tandur.
Ing jaman saiki dienekake sesajen sederhana sing wujude cok bakal sing dideleh ana ing petak sawah,
nggone tandur diwiwiti.

Sepasaran

Sepasaran iku salah sijining upacara adat Jawa wektu umur bayi 5 dina. Upacara adat iki umume
diselenggaraake sederhana ning yen bebarengan karo aweh jeneng bayi, upacara iki diselenggaraake
radha meriah. Sepasaran umum diselenggaraake sore nganggo acara kenduren lan ngundang sedulur
uga tangga umah. Suguhan sing disajiake umume wedang lan jajan pasar ning uga ana besek sing umum
kanggo ditentengan mulih.

Upacara Adat Kebo-keboan

Upacara Adat Kebo keboan iku dilaksanakake saben taun ing sasi Suro dening warga Desa
Alasmalang, Banyuwangi. Upacara adat iki dilaksanakake kanggo njaluk udan nalika tiga suwe, karo
anane udan iku pak tani bisa tandur ing sawah. Masyarakat Banyuwangi sing mayoritas petani duweni
ritual sakral kanggo njaluk berkah keslametan. Tradisi kasebut dikenal dening jeneng kebo-keboan.
Ritual iki nganggo kebo kanggo sarana upacara. Nanging, kebo sing dingge kewan dadi-dadian yoiku
manungsa sing didandani kaya kebo, terus macak kaya kerbau ing sawah.

Upacara Adat Kasada, Suku Tengger


Upacara iki kanggo menehi pakurmatan dening pangorbanan Raden Kusuma anake Jaka Seger
lan Lara Anteng. Saliyane iku, upacara iki dilaksanakake dening masyarakat tengger kanggo njaluk
keslametan lan berkah. Upacara iki dilaksanakake ing tanggal 14-16 wulan Kasada utawa pas wulan
purnama utuh saben taun sepisan. wektu upacara iki dilangsungake, masyarakat suku tengger kumpul
karo nggawa hasil bumi, kewan ternak, lan ayam kanggo sesaji sing didelehne ing ongkek. Wektu wis
teka ing kawah gunung Bromo, kabeh sesaji iku mau banjur diuncalake ing sajroning kawah kasebut.

Tedhak siten
Tedhak siten utawa tedhak siti iku salah siji upacara adat Jawa kanggo bocah umur 7 wulan
utawa 6 lapan. Tedhak siten iku asale saka tembung tedhak, idhak utawa mudhun lan siten (saka
tembung siti) utawa lemah (bumi). Upacara iki kanggo perlambang bocah sing siap-siap njalani urip liwat
tuntunan wong tuwa lan diselenggarakaké yèn umur bocah wis 7 sasi utawa 245 dina.

Pitonan
Pitonan iku asale saka tembung pitu (7). Upacara adat iki dianakake wektu calon ibu nggarbini
utawa meteng 7 sasi. Ancase kanggo keslametan calon bayi lan ibune utawa kanggo sing sipate tolak
bala. Ing dhaerah tartamtu, upacara iki uga diarani tingkeban. Ing pelaksanaane upacara pitonan, ibu
sing meteng 7 sasi iku diadhusi karo banyu kembang setaman, lan diwacani donga-donga khusus

Methil
Ritual methil iku kanggo mawujudake rasa syukur dening gusti Allah SWT, sing wis wenehi
berkah lan kemakmuran, sarto kapercayan masyarakat dening anane Dewi Sri utawa Dewi Pari (simbol
saka kemakmuran). Ritual iki uga dimaksudake kanggo menehi pakurmatan dening pepunden penunggu)
sing mbaurekso (nguwasani) lemah sawah kasebut. Kanggo atur panuwun dening pepunden, wong sing
duweni sawah menehi sesaji sing dadi kelangenan (kesenengan) pepunden iku. Sesaji kasebut diwenehi
kanggo Togok Sanggabuana sing nguwasani tulakan (saluran banyu), Dewi Srigati sing nguwasani tandur-
tanduran, lan pepunden sing uwis njaga sawah.

Ngupat
Ngupat utawa ngupati iku salah sijining upacara adat sing diselenggarakake wektu calon ibu
mbobot 4 sasi. Tembung "ngupat" asale saka tembung papat (4) utawa kupat. Ancase upacara adat iki
kanggo kaslametane calon bayi lan ibune3xxxxxxxxxxxxxxxxd utawa kanggo sing sipate tolak bala dadi
padha karo upacara adat mitoni. Sing radha bedha karo upacara adat meteng liyane yaiku ana sajian
kupat ing kendhuren ngupati, kupat iki uga disertakake ing besek sing digawa bali undangan sing teka.
Ngliman
Ngliman iku salah sijining upacara adat wètèngan sing diselenggarakake wektu calon
ibu mbobot 5 wulan. Tembung "ngliman" asale saka tembung lima (5). Ancase upacara adat iki padha
karo ngupatan yaiku upacara kanggo kaslametane calon bayi lan ibune utawa kanggo sing sifate tolak
bala. Upacara adat ngliman iki kurang dikenal ning dhaerah-dhaerah tertamtu, bedha karo mitoni sing
wis umum dikenal masyarakat Jawa malah uga dikenal ning masyarakat Nuswantara.

Mendhem ari-ari
Mendhem ari-ari iku salah sijining upacara kelairan sing umum diselenggarakake malah uga ana
ning dhaerah-dhaerah (suku-suku) liya. Ing Jawa ana kapercayaan sedulur papat, kakang kawah adhi ari-
ari, ibu bumi, bapa angkasa. Wong Jawa percaya yen ari-ari iku sejatine salah siji sedulur
papat utawa sedulur kembar si bayi mulane ari-ari kudu dirawat lan dijaga umpamane enggon kanggo
mendhem ari-ari iku diwenehi lampu (umume senthir) kanggo penerangan, iki dadi simbol "pepadhang"
kanggo bayi. Senthir iki dinyalakake nganti 35 dina (selapan).

Brokohan
Brokohan utawa barokahan iku salahsijining upacara adat Jawa kanggo nyambut kelairan bayi.
Upacara adat iki nduweni makna ungkapan syukur lan sukacita amarga proses klairan iku slamet.
Brokohan iku asal tembunge saka basa Arab yoiku "barokah" sing maknane ngarepake berkah. Tangga
teparo ya iku mligine para ibu ing saubenge diaturi rawuh malah kerep tanpa diaturi rawuh padha
nyambangi kulawarga sing lairan saperlu ngucapake rasa melu bungah, biyasane kanthi nggawa
bingkisan arupa wedhak, sabun, kopi, gula lan sapanunggalane. Sing tumindak minangka pangarsa
adicara Brokohan iki ya iku Dhukun Bayi.

Nyapih
Nyapih asale saka tembung "sapih" sing artine pisah utawa misahake. Nyapih kalebu salah sijine
upacara adat Jawa sing ancase kangge nylameti bocah sing lagi mandhek nyusu ibune. Ing jaman biyen,
wong Jawa nggunakake bahan-bahan kangge nyapih anake.Nanging, saiki wis jarang utawa malah wis
ora ana sing nggunakake bahan-bahan kasebut.

Bersih desa
Bersih desa iku salahsijining upacara adat Jawa sing diselenggarakake bubar panen pari dadi
maksude kanggo ngucapake syukur tandhuran pari brasil dipanen lan kasile apik. Upacara adat iki
kadhang uga diarani upacara mreti desa lan biasa digabung karo upacara adat sedekah
bumi utawa mreti bumi. Saben dhaerah nduweni tata cara lan prosesi upacara sing seje-seje miturut
kabiasaan saben dhaeran iku nanging kabeh tujuane padha.

You might also like