You are on page 1of 2

TUGAS BASA JAWA

Kelas VIII B jam ke 3 dan 4


Kelas VIII A jam ke 5 dan 6
Kelas VIII C jam ke 7 dan 8
Keterangan : dipun catet ono ing buku, banjur golekana unsur pawarta 5 W + 1H ne?
Dikumpulke ing mejane Ibu Mardina Anindita

Gajah-Gajah Padha Ngamuk

Desa cacah 9 (sanga) ing wewengkon kabupaten Organ komering ulu (OKU) selatan,
Sumatra Selatan dilapurake diserang gerombolan gajah, Selasa Gajah-gajah mau ora mung
ngrusak pategalan duweke warga wae nanging uga mlebu desa lan mgobrak-ngabrik omahe
pendhudhuk ing Desa Serupumpum, Sipin, Tanjung Sembilan, Danau Kuning Lan Buai
PamananMiturut pejabat sementara Bupati OKU Selatan, Ruli Rawi, Gajah-gajah mau wis
waninyerang manungsa lan nyebabke wong siji tiwas kepidak.

Ruli ngaku pihake sarwa salahanggone nangani perkara gajah kuwi,arep dibedhili wedi
nerak aturan amarga gajah kalebukewan kang diayomi dening pemerintah. nanging yen ora
dipateni grombolan gajah kasebut wismbebayani tumrap warga padesan. kang bisa dilakoni
dening rawi mung aweh pengumuman marang masyarakat supaya waspada marang pangamuke
gajah-gajah mau.Rawi nduga pangamuke gajah gajah mau disebabake enteke pasedhiyan
mangan lan ngombemerga alas alas kang sasuwene iki minangka habitate kewan kesebut wis
rusak bosah baseh dening tumindake menungsa.

Miturut Dinas Kehutanan Simatra Selatan, saka total ambane alas 3,7 (telu koma pitu)
hektar, 60% (suwidhak persen) ing antarane jroning kahanan rusak amarga panebangan liar.
kajaba kuwi alas produksi kang ambane 2 (rong) hektar saka total 2,4 (loro koma papat) hektar
uga jroning kahanan gundhuling taun 80-an (wolong puluhan) uga tau kadedean ana
grombolabne gajah kang nyerbu perkampungan warga.nanging nalika iku gajah mau bisa
digiring menyang Taman Nasional Way Kambas Lampung kanthi nggunakake helicopter
duweke kodam Sriwijaya. Miturut Rawi bisa wae cara kang kayangono dibaleni meneh, nanging
mbutuhake ragad kang gedhe.
Upacara Kadang Tani Ing Tanah Jawi

Kadang Tani mliginipun ing tanah Jawi, menawi badhé wiwit nanem wonten ing sabin
tansah nindakaken Adicara Metri Sawah utawi Wiwitan. Upacara menika minangka panyuwunan
dhumateng Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, supados asiling tetanèn ing mangkénipun saged
kalis saking ama lan bebendu. Ing jaman modern menika, mbokbilih sampun kathah warga
ingkang mboten mangertosi ngèngingi tradhisi menika. Pramila, Masyarakat Tradhisi Bantul
ingkang dipunsengkuyung déning Mahasiswa ISI Ngayogyakarta ngadani upacara wiwitan kang
dipunrawuhi wakil Bupati Bantul, Sumarno.
Upacara kawiwitan kanthi mendhet winih pantun saking setunggaling sabin
kagunganipun warga ing Bulak Pangkah, Sumberagung, Jetis, Bantul. Upacara Wiwitan menika
dipunlajengaken wonten ing Lapangan Sumberagung. Pantun winih menika miturut tradhisi
rumiyin dipunbagèkaken dhumateng sedaya kadang tani ingkang dipungéndhong déning
sesepuhipun Dhusun. Wonten ing Lapangan Sumberagung, upacara Wiwitan dipunlajengaken
dhahar tumpeng lan sekul wiwitan. Sekul wiwitan ingkang dipunwungkus ron pisang,
saksampunipun dipundongani, lajeng kabagi dhumateng laré-laré. Swasana regeng sanget awit
sedaya warga sami rebatan sekul wiwitan ingkang dipunjangkepi sambel Gepeng. Kanggé acara
Ruwatan sawah saklajengipun ugi dipungelar ringgit Kancil minangka jangkeping acara merti
sawah. Kejawi menika, masyarakat ugi dipunlipur déning manéka warna seni lan paméran
kerajinan.

You might also like