You are on page 1of 2

RIWAYAT ASAL MULA NAMI KOTA BATANG LAN DESA KALI

KRAMAT

Ing jaman ingkang sampun kepungkur,kinten-kinten ing jaman Majapahit daerah


Batang menika sampun dipunkenal wonten ing sejarah,nanging nami Batang menika
piyambak nembe lair kinten-kinten kalih tengah abad lajeng ing jaman kerajaan Mataram
islam ingkang kapimpin dening Sultan Agung Hanyokrokusumo Th.1613-1645.Ing wekdal
semanten daerah Batang sisih wetan, kinten-kinten sisih wetan kali sambong , saniki taksih
dados wana belantara ingkang dipunkenal alas roban siluman. Dipunnamani kados mekaten
krana ing alas roban wau konon dipunhuni dening para siluman utawi jin-jin setan lan
sanesipun. Dipuncariyosaken bilih ingkang dados raja jin / siluman ing ngriku ingkang nami
Dadungawuk.

Sultan Agung sampun nyiapaken bekal kangge nyerang Walanda ( V.O.C ) menyang
Jakarta ingkang wekdal semanten dipunnamani Batavia. Sultan Agung ngutus Bupati
Kleyangan ( samenika daerah subah ) ingkang nami Dipokusomo kangge nebang alas roban
siluman kangge dipundadosaken sawah-sawah guna nyukupi kebutuhan pangan para prajurit
ingkang badhe nyerang menyang Batavia. Nanging krana gangguan-gangguan saking para
siluman ingkang manggon ing wana wau,kamangka para pekerja Bupati Kleyangan kathah
ingkang sedo,lan penebangan wau boten kasil. Bupati Dipokusuma bingung, wonten laporan
saking Mataram bilih piyambakipun boten sanggup nebang.
Tiyang punggawa kerajaan Mataram ingkang nami ki gedhe Cempaluk krana wonten salah
kalian S.Agung mangka dipunpedhot saking jabatanipun lan piyambakipun kondur menyang
Kesesi (sisih kidul pekalongan ).Ki Ageng Cempaluk sampun kathah dipunkenal dados
tiyang ingkang sekti lan kathah ilmunipun.
Kelingan babagan mekaten lajeng Bupati Dipokusumo tindak menyang Kesesi kangge
nyuwun bantuan kalian ki Ageng Cempaluk, kalian janji menawi piyambakipun saged
nebang alas roban siluman wau, badhe dipunsuwunaken ngapura kalian S.Agung. Bingah
manahipun ki Ageng, mangka dipunutuslah putranipun nem-neman kang sekti ingkang nami
Joko Bahu kangge nglaksanakaken tugas wau.
Ananging Joko Bahu ngalami nasib kang sami kalian Bupati Kleyangan. Para pekerjanipun
ugi kathah ingkang dipuntimpa malapetaka krana gangguan saking siluman. Bersemedilah
Joko Bahu kangge mangerteni sebab musabab malapetaka kang nimpa anak buahipun.
Mangka mbikaklah selubung misteri / rahasia kang nylimuti alas roban wau, lan ketingal
dening piyambakipun bilih ingkang ngganggu anak buahipun wau inggih menikan siluman
ingkang dipunpimpin Dadungawuk. Mangka kedadosan perang antarane Joko Bahu nglawan
Dadungawuk sarta anak buahe. Dadungawuk lan anak buahe saged dipuntundhukaken lan
tobat boten malih wantun ngganggu anak buahe Joko Bahu,kalian kalahe para siluman
mangka nebang alas wau saged dipunlaksanakaken kanti lancer.
Penebangan dipunlaksanakaken saking arah wetan (kleyangan subah ) menyang kulon
ngantos kali gedhe ( kali sambong / kali kramat ). Krana alas wau badhe dipundamel dados
daerah persawahan mangka perlu dipunwontenaken pengairan. Lajeng dipundamel
bendungan ing kali wau. Banyu mili menyang daerah-daerah alas kang sampun dipuntebang
wau supados lemah wau saged lekas dipungarap kangge persawahan. Mangka piyambakipun
cepet-cepet ndamel bendungan. Nanging rupane aliran kali wau boten tetep, kadhang
arusipun lendhek, kadhang banter. Nanging tiba-tiba arus dados gedhe sahingga bendungan
kang nembe dipundamel jebol. Joko Bahu nylidiki sebab-sebabe. Dipunngertosi dening
piyambakipun bilih wonten nginggil kedung kali wonten watag (watag prahu ageng ) kang
malang ing tengah kedung wau. Anak buahipun boten sanggup mindhahaken watag wau
krana saking agenge,ugi mbetahaken watu ageng kangge mbendung.Mangka Joko Bahu
nglakokaken tapa ing pinggir kali supados angsal kekiyatan gaib, supados saged nyingkiraken
watag kang malang ing tengah kali wau,sarta angsal watu kang ageng ,lan wekdal semanten
keleresan malem jumuah kliwon. Saking tekune olehe tapa mangka badhe fajar,bener-bener
angsal watu ageng. Sasampunipun yakin bilih piyambakipun angsal keramat utawi kekiyatan
gaib mangka piyambaakipun langsung tumuju menyaang panggonan watag kang malang
wau. Watag kang waune ageng sanget saniki ketingal dados alit. Lajeng watag wau
dipunjunjung lan dipuntugel dados kalih tanpa rekaos. Saking prastawa ngembat watag
menikalah daerah menika dipunnamani “ Batang “ inggih menika saking tembung “ ngembat
watang “ dados “ mbatang “ . Lajeng kali kangge panggenan Joko Bahu angsal kekiyatan
gaib dipunnamani “ kali kramat “ krana Joko Bahu angsal kekiyatan gaib ing maalem jumuah
kliwon, mila ing saben dinten jumuah kliwon kali wau dados tradisi “ kliwonan “ kathah
dipunrawuhi tiyang-tiyang kangge mengeti dinten lan panggenan kramat wau

You might also like