You are on page 1of 1

Paragraf, tinilik saka dununge ukara lajer (kalimat utama) kaperang dadi 4:

1. Paragraf Dheduktif yaiku paragraf kang ukara lajere mapan ing wiwitaning paragraf.
2. Paragraf Ineratif yaiku paragraf kang ukara lajere dumunung ing tengah paragraf.
3. Paragraf Indhuktif yaiku paragraf kang ukarablajere dumunung ing pungkasaning
paragraf.
4. Paragraf Campuran yaiku paragraf kang ukara lajere dumunung ana wiwitan lan
pungkasaning paragraf.

 Tuladha Paragraf Deduktif:

Jati dhiri kapribadhene bangsa Indonesia iku ing watak gotong royong. Ing ngendi wae
bangsa Indonesia mapan watak gotong royong tansah katon ig tata panguripane. Nyambut gawe
disangga bebaarengan kanthi guyub rukun. Ing swasana susah utawa bungah padhaa dirasakake
bareng. Manawa ana ruwet renteng diudari lan ditandangi barenga kanthi gotong royong.
Umpamane ana wong ngedengake omah, bakal kabukten guyub rukune masyarakat.

 Tuladha Paragraf Ineratif:

Wis rong dina iki dalan saka Prambanan menyang Klaten macet. Akeh tetumpakan kudu antri
pirang- pirang jam suwene. Sing saka Klaten menyang Yogya, semono uga sing saka Yogja
menyang Klaten lan Sala. Macete tetumpakan mau jebul disebabakeambroe kreteg
Pandansimping. Udan gegerotan nganti seminggu suwene iku kang dadi jalarane. Pancen
kreteg mau wus kepangan umur, ora kuwawa nanah gedhene banyu.

 Tuladha Paragraf Indhuktif:

Krana boten rumesep ing siti, sumber toya inggih langka pinanggihipun, mila tlaga tuwin
sendhang boten saged nandho toya, amargi boten kisenan toya saking tuk. Semanten ugi kewan
ingkang gesangipun wonten ing salebeting wana. Awit saking wananipun padhang, kewan sami
ura pados tedha dhateng pundi- pundi. Boten maiben manawi lajeng mlebet dhateng dhusun
ngganggu pendhudhuk sakupengipun. Pramila wana punika kedah kajagi lestarinipun,
supados sampun ngantos ndadosaken risaking lingkungan.

 Tuladha Paragraf Campuran:

Kita kabeh becike kudu ndhisikake kepentingane bangsa lan negara. Bab iku nuduhake sepira
tresna kita marang bangsa lan negara kang kita panggoni iki. Sok sapaa kang tresn bngsa mesthi
bkal njaga katentreman lan tansah nyipta manunggaling bangsa iku wujud nyata saka tumindak
ngluhurake kepentingane bangsa lan kepentingane bangsa lan negara tinimbang kepentingane
pribadi utawa golongan.

You might also like