You are on page 1of 5

Tugas Bahasa Jawa

Cerita Wayang Ramayana

Disusun dening:

Nama : Lumadi
No.a : 23
Kelas : XI ATR

SMK Negeri 1 Mojosongo


Cerita Wayang Ramayana
Sawijining dina ing Kerajaan Mantili ingkang kerajaan ramanipun Dewi Shinta,
asmane Prabu Janaka . Prabu Janaka ngadhaake saembara sopo sing bisa manah
paling apik bakal didadekke mantu. Salah sijine paserta sayembara yaiku Prabu
Rama lan Rahwana nanging Rahwana ora bisa ngangkat panah kasebut , lan Rama bisa
ngangkat panah kasebut. Saengga Rama bisa menangke sayembara lan ngentukke
Shinta dadi bojone . Rahwana ora seneng yen Rama bisa dadi bojone Shinta.
Ing Alengka kuwi kerajaan Rahwana, Kumbakarna, Indrajid, Patih Prahasta.
Sarpanaka menehi kabar ing Rahwana yen ana wong wadon ayu. Rahwananipun ndang
goleki wong wadon mau. Kasunyatan putri mau jenenge Putri Kalamarica sing bisa
ganti wujud apa wae, lan bisa ngrubah wujud dadi buta cakil.
Ing alas dandaka Rama Shinta lan Laksamana iseh ngembara mengertosnipun
Rahwana lan Kalamarica melu ing alas lan ngincer serta lan godoni Shinta. Kalamarica
ngerubah wujud dadi kijang mas ingkang godoni Shinta. Shinta deloi kijang mas
kasebut langsung ngongkon Rama kanggo nyekel kijang mas kasebut. Nanging kijang
kasebut malah mlayu ing jero alas, lan Shinta jaluk Rama kanggo ngoyak kijang mau.
Lan Laksmana tetep karo Shinta. Nanging Shinta nesu amarga Laksmana ora melu
ngoyak kijang bareng Rama ing jero alas . Akhire Laksmana nuruti kapinginane
Shinta supaya ngoyak Rama ing jero alas. Wedi karo kaselamatane Shinta, Laksmana
gawe bunderan kanggo Shinta supaya Shinta tetep selamet.
Sawise Rahwana teko, Rahwana jajal nyedakki Shinta lan jajal kanggo nimbus
bunderan mau. Nanging Rahwana ora mampu nglewati bunderan mau. Akhire Rahwana
ngerubah wujud dadi Brahmana tuwo supaya bisa narik perhatian Shinta lan jaluk
sedekah. Dewekke nyedakki Shinta lan jaluk sedekah, amarga rasa mesakke, akhire
Shinta menehi sedekah Brahmana tuwo mau. Nalika Shinta lagi ngeki sedekah,
dewekke ditarik metu saka bunderan mau lan digowo mabur karo Rahwana.
Sakmenika, Rama lan Laksmana terus ngoyak kijang mas. Lan nalika kijang mas
kasebut dipanah wujudde ganti dadi cakil. Nalika Shinta digowo mabur karo
Rahwana, teko manuk jatayu sing nolong Shinta. Lan kadadean perang antara manuk
jatayu lan Rahwana. Nganti akhire manuk jatayu kalah lan kelangan loro sayape lan
Rahwana lungo gowo Shinta. Sakwijineng dina Rama lan Laksmana metu lan ketemu
karo manuk jatayu sing wis kejet kejet. Jatayu nyritakke kedadian mau karo Rama,
Jatayu akhire mati ngerteni Shinta diculik Rahwana, Rama lan Laksmana semedi
kanggo ngintukke cara nylametke Shinta. Banjur rama ketemu Anoman sing nulungi
Rama nyelametke Shinta lan Rama diajak ing guwa kiskenda, ing kono omahe
Anoman.

Ing gowa kuwi Anoman nduwe kanca antarane yaiku Subali lan Sugriwa, wong
loro kuwi podo podo sakti lan podo podo seneng karo Dewi Widiyawati. Akihire cah
loro kuwi tukaran kanggo ngintukke Dewi Widiyawati. Pas cah loro tukaran Rama lan
Anoman teko delokki tukaran kuwi Anoman ngusahakke nyegah Subali lan Sugriwa.
Nanging amarga rak iso nglerai cah loro, akhire Anoman ngongkon Rama kanggo
manah salah siji ing antara wong loro mau. Lan Subali keno panah kasebut, lan akhire
mati. Sugriwa iseh pengen ngutarakke niate karo Rama, yen wonge arep melu nulungi
Rama nylametke Shinta.
Anoman mulai nylametake Shinta. Wonge njaluk sehelai rambut, sing arep
diparingki ing Shinta, kanggo bukti yen wonge bener bener utusane Rama seng arep
nyelematke Shinta.
Ing taman Argasoka, ning kerajaan Ngalengka, Shinta dikancani karo Trijata
keponakan saka Rahwana. Nalika Rahwana njajal mbujuk Shinta supaya mau dipek
bojone. Nanging Shinta wegah. Lan nalika Shinta dewekan, Anoman mlebu ing taman
Argasaka kangge nemoni Shinta lan ngekekke rambut Rama ing Shinta kangge
mbutikake nek deknen bener bener utussane Rama kangge nyelamatake Shinta.
Nanging Indrajid, anak saking Rahwana ngerti tekone Anoman, deknen ngusahakke
kanggo nangkep lan dikekke ing ngarepe Rahwana. Akhire Rahwana mutuske kangge
mbakar Anoman. Persiapan dilakokke kanggo mbakar Anoman. Wektu iku
Kumbakarno, saudarane Rahwana nglindungi Anoman seng ameh di bakar Rahwana.
Nanging niyate iku ora berhasil amarga dialangi karo Kumbakarna.
Nalika pasukane Rahwana mbakar Anoman, jebule Anoman ora mempan
dibakar nganggo geni. Malah justru Anoman ngrebut obor geni seko tangane
Rahwana nganggo buntute lan geni kuwi digo dolanan Anoman sakdurunge mbakar
kerajaan Ngalengka. Pasukan Rama mbendung kali seng cedak kerajaan Ngalengka,
saengga pasukane Rahwana ora bisa opo opo
Perang antara Rahwana lan Rama kedadean. Kumbakarna mati dipanah Rama
nalika ngewangi Rahwana ngalahke Rama. Indrajid melu ngewangi Rahwana iku mati
sisan. Akhire kedadean perang sengit antara Rahwana lan Rama. Rahwana mati
dipanah karo Rama lan deknen dicepit ing gunung.
Sakwese menang ngalahke Rahwana, Rama ketemu meneh kaliyan Shinta.
nanging Rama curiga karo kesuciane Shinta, sakwese diculik karo Rahwana nganti
suwi. Akhire Shinta mbakar awake dewe kanggo mbuthiake kesuciane. Nalika Shinta
mbakar awake dewe ternyata geni ora mempan mbakar awake Shinta, iki mbuthiake
yen Shinta iseh suci. Lan Rama nerima Shinta meneh. Rama lan Shinta akhire urip
tentrem.
Cerita wayang Ramayana : Sintha Kandhusta

Pegat, apisah, Rama lan Shinta, kidang kencana tanggap ing


sasmita, hangendering cancut mlajeng lumebeng wana, saya hanengah, saya tebih,
denira apepisahan kalawan garwa mayangsari.

Ngancik telenging wana, peteng ndhedhet lelimengan, ical lacaking kidang,


sapandurat kumlebet katingal kidang kencana haleledhang, Rama sigra hangembat
gendhewa, menthang langkap, wastra lumepas, hangener dening kidang, tumancep
warayang mring hangganing kidang sangsam kencana, gumlundhung pejah kasulayah,
eloking kahanan, sareng gumalundhunging kidang kapiyarsa swara dumeling, Marica
hangemba-emba suwaranipun Rama, jelih-jelih asesambat mring arinta Laksmana.

Sinta lan Laksmana ingkang hanganti dhatenging ingkang raka Rama dinandak
hamiyarsa suwara nyaring asesambat tiwasing dhiri. Kusumaning ayu Sinta sajroning
wardaya, hanyipta lamun swara ingkang kapiyarsa punika, tuhu swaranipun raka
Rama, mila tarataban manahira, sigra dhawuh mring ari Laksmana, supaya enggal
lumawat mring Rama, aweh pitulungan, Laksmana ingkang wicaksana tansah sung
pemut, bilih swara punika sanes suwarnipun Rama.

Saiki, Rama sadar menawa dheweke wis ketipu. Dheweke gage-gage bali ing
panggon Sinta ngenteni. Ing dalan dheweke papasan karo Laksmana, banjur dheweke
bali bebarengan. Endah kagete Rama lan Laksmana menawa Sinta wis kasil dicolong
Prabu Dasamuka.

Manuk Jatayu mbudidaya ngalang-ngalangi malah tekaning pati kaperjaya


dening gegamane Rahwana, lan Sinta bisa digawa menyang Ngalengka. Sadurunge
mati Jatayu isih bisa ngabari Rama lan Laksmana tumrap kaanane Sinta. Amarga
gugur njalanake darmane, Rama lan Laksmana nyuwun marang Sang Kuasa supaya
gugure Jatayu bisa sempurna. Awit saka panyuwune Rama lan Laksmana, Jatayu
bisa gugur secara moksa. Awake melu ilang lunga ing Suarga.

Ing perjalanan menyang Ngalengka, Rama lan Laksmana ketemu karo Anoman
kethek putih putrane Bathara Guru. Anoman didhawuhi ngabdi karo Rama.

Nalika, ing tengahing alas, padha mireng suara tangis. Sawise diceraki, swara
iku saka kethek ingkang kejepit ing silangan wit gedhe Rama banjur nulungi kethek
iku saka jepitan. Kethek iku ngaku menawa dheweke iku Raja ing Guwakiskendha,
sing jenenge Sugriwa. Kakange sing jenenge Subali mbrontak karo Guwakiskendha,
banjur dheweke di siksa lan dijepit ing silangan wit. Lajeng kanggo ngrebutke
Guwakiskendha, Sugriwa padu karo Subali, Rama nglepaske wastra pusaka
Gumawijaya. Dening Resi Subali nduweni Aji Pancasona, dheweke tetep kalah. Kanthi
dibantu Rama, Sugriwa bisa dadi Raja maneh ing Guwakiskendha.

Kanggo bales budi, Sugriwa ngerahke wadyabalane kanggo mbantu Rama


ngrebut Sinta saka Prabu Dasamuka. Anoman didhawuhi Rama supaya nggoleki Sinta
menehake ali-aline Rama lan mangerteni kekuatanne Kerajaan Ngalengka. Nalika
arep bali Anoman dicekel wadya bala Ngalengka. Anoman arep diobong nanging
banjur mabur nggawa geni kanggo ngobong kraton Ngalengka, kajaba taman
Argasoka, panggon Sinta didhelikake.

Akhire, kedadean perang gedhe Pancawati mungsuh karo Nglengka.

Wadya balane Ngalengka wujud buta-buta lan wadya balane Rama dibiyantu
kethek-kethek balane Sugriwa, Senapati Nglengka akeh sing tiwas. Pancawati
menang. Sawise perang Rama lan Shinta bali menyang Ayodya, Nanging Sinta susah
ora enggal ketampa dening Rama, amarga dianggep wis ora perawan maneh. Sinta
reresik awak saka geni lan banjur ditampa. Pratelane Rama, sesucen iku kudu
ditindakake kanggo ngilangi pandakwa ala tumrap garwane.

You might also like