You are on page 1of 3

‫سالَ ُم َعلَ ْي ُك ْم َو َر ْح َمةُ هللاِ َوبَ َر َكات ُ ْه‬

َّ ‫ال‬

‫سبِي ِل ِه َوهُ َو أ َ ْعلَ ُم ِب َم ِن‬ َ ‫الحمد هلل الحــمد هلل الذ ي على العـرش اسـتـوى* إِنَّهُ أ َ ْعلَ ُم ِب َم ْن‬
َ ‫ض َّل َع ْن‬
‫ا ْهتَدَى*أشـهـد أن ال اله اال هللا وحده ال شـريـك له الـذي أوحى الى عـبــده مــاأوحـى* وأشـهد‬
‫أن محمدا عبـده ورسـولــه المبعـوث الى ســبـيـل الـهــدى * لــيــنــجــو قـائــلــهــا فى‬
‫الــدنــيــا الى الــعــقـبـى* اللهـم صـل وسـلم على ســــيد نــا محمـدالــمـصــطفى * وعلى ألـه‬
ِ ‫اض ُر ْونَ ْال ِك َرا ُم أ ُ ْو‬
‫ص ْي ُك ْم َونَ ْفسِي‬ ِ ‫وأصــحـابه ذوى الــفـضــل والــنـهى * أ َ َّما بَ ْعد ُ فَيَآأَيُّ َها ْال َح‬
َ َ‫ فَ َم ْن أَقَا َم َها فَقَ ْد أَق‬،‫صالَة َ ِع َمادُ ال ِدِّي ِْن‬
‫ َو َم ْن ت َ َر َك َها فَقَ ْد َهدَ َم‬،‫ام ال ِدِّي ِْن‬ َّ ‫بِت َ ْق َـوى هللاِ * َواْعلَ ُم ْوا أ َ َّن ال‬
‫الر ْح َم ِن‬
َّ ِ‫الر ِجي ِْم * ِب ْس ِـم هللا‬ َّ ‫ان‬ ِ ‫ط‬ َّ ‫ع ْـوذ ُ ِباهللِ ِمنَ ال‬
َ ‫ش ْي‬ ُ َ ‫ال ِدِّي ِْن * َوقَ ْد قَا َل هللاَ تَعَالَى ِفي ِكتَا ِب ِه ْال َك ِر ْي ِم * أ‬
‫َت َعلَى ْال ُمؤْ ِمنِيْنَ ِكتَابًا َم ْوقُ ْوتًا‬
ْ ‫صالَة َ َكان‬
َّ ‫الر ِحي ِْم * ِإ َّن ال‬
َّ *

Para sederek jama’ah Jum’ah rahimakumullah,

Minangka purwakaning atur keparenga kula ngunjukaken puji lan syukur


wonten ngarsa dalem Allah Ta’ala awit peparingipun rahmat lan kanugerahan
kawilujengan dateng kita sedaya, sahingga ngantos dinten punika kita saget
sesarengan makempal ing papan minulya punika,. Panyuwun kita mugi sedaya
amal ibadah kita tinampi wonten ngarsa dalem Allah Ta’ala. Amin.
Sak lajengipun kula ngajak dateng awak kula lan panjenengan sedaya,
mangga sami kita tingkataken taqwa lan ajrih kita dumateng Allah, kanti
ngestokaken dawuh dawuhipun, lan nebihi sedaya awisanipun, Inggih kanti
taqwa dumateng Allah punika kita bade kaparingan rahmat lan kawilujengan
gesang saking ngarsa Dalem Allah Ta’ala, wiwit gesang ing alam dunya punika
ngantos mbenjang dumugining akherat, Amiin. Jalaran inggih namung kanti
iman lan taqwa punika kita sedaya bade manggih kawilujengan , Allah sampun
njanjekaken kanti dawuhipun :

‫ونــجـيــنـا الــذيــن أمــنـو ا وكانــوا يــتـقــون‬


“Lan Ingsun nyelametake marang wong wong kang pada iman lan wong kang
pada tansah netepi taqwa”.(QS. Fushshilat: !8).
Para sederek kaum muslimin rahimakumullah……
Sampun sesarengan kita maklumi bilih kwajiban tumrap kita tumanduk ing
ngarsanipun Allah Ta’ala ingkang asifat harian lan mboten saget tinilar babar
pindah inggih punika kwajiban shalat gangsal wekdal.
Pramila kita tansah ngupaya lan mbudi daya amrih tumandang ibadah
shalat tansah dipun tingkataken, kanti tansah nyinaoni ilminipun saha tata cara
shalat ingkang langkung sae. Jalaran mboten sekedik antawis kita ingkang
nindakaken shalat, nanging mboten kanti mangertosi ilmi ilminipun, syarat
rukunnipun, makruh lan sunatipun lan ugi batalipun shalat. Tumindakipun
namung sarana apalan lan kulinan, nanging tuntunan lan piwucalipun shalat
mboten dipun mangertosi. Eman sanget tuwas kangelan wusananipun mboten
keleresan, shalat kita menika mila tansah perlu dipun dandosi. Sinten mawon
tiyangipun tetep perlu ningkataken kwalitas ibadah shalatipun. Menapa tiyang
menawi sampun lawas anggenipun nindak aken shalat mesti shalatipun sampun
sae ? Mboten. Malah kadang kadang nyatanipun langkung mboten kantenan
tumandangipun. Amergi shalat mboten sekedar apal waosan saha gerakanipun,
nanging kados pundi sagetipun nggaota lan manah saget manunggal kumadep,
kumawula dateng ngarsanipun Allah. Ampun ngantos badanipun tumandang
shalat, ruku’ sujud, lisanipun ndremimil maos lafadlipun waosan shalat, nanging
manahipun suwung mboten nderek shalat, utawi malah kluyuran kesah
ngetutaken pengangen angenipun. Sahingga katingalipun tiyang shalat, nanging
piyambakipun supe menawi nembe shalat. Bab menika Allah maringaken
pepenget :

َ ‫سا ُه‬
‫ون‬ َ ‫ع ْن‬
َ ‫صالتِ ِه ْم‬ َ ‫ين * الَّ ِذ‬
َ ‫ين ُه ْم‬ َ ‫فَ َويْل ِل ْل ُم‬
َ ِّ‫ص ِل‬
“Saktemene neraka wail iku kanggo wongkang pada shalat, yaiku wong kang pada lali karo
shalate” ( QS.Al Ma’un : 4-5 ).

Manah sageta dipun kencang ampun wonten pundi pundi, kanti angen
angen dateng makna lafadlipun shalat ingkang dipun waos. Menawi shalat saget
katindakaken kanti sahe, tentu bade mbeta hikmah lan faedah ingkang katah,
Mekaten ugi shalat menawi kanti sahe lan rajin kita tindak aken saben dintenipun
Insya Allah dosa lepat kita inggih tansah pinaringan pangapura dening Allah
Ta’ala.
Mila kangge nggayuh kasampurnanipun ibadah shalat kita, sanget wigatos
nyinaoni kanti ngaos, dateng sukaraos lafal ingkang sak lebetipun shalat kita
waos, jalaran shalat minangka sakanipun agami . Kanjeng Nabi paring dawuh :

َ َ‫ فَ َم ْن أَقَا َم َها فَقَ ْد أَق‬،‫صالَة ِع َمادُ ال ِدِّي ِْن‬


‫ َو َم ْن ت َ َر َك َها فَقَ ْد َهدَ َم ال ِدِّي ِْن‬،‫ام ال ِدِّي ِْن‬ َّ ‫ال‬
“Shalat iku minangka cagake agama, sapa wonge njejekake shalat, mangka
ateges njejekake agama, Lan sapa wonge tinggal shalat ateges wong iku
ngrubuhake agama” (HR. Muslim).
Para sederek kaum muslimin rahimakumullah……
Shalat ingkang dados inti lan pokokipun agami Islam mila mboten kenging
dipun sepelekaken, kedah tansah kita jagi lan kita reksa, syukur saget
katindakaken kanti jama’ah, amergi langkung enteng tanggung jawab kita, ugi
ganjaran ingkang cetha kita mangertosi dipun tikel tikelaken dening Allah. Mugi
kita kalebetna kawula ingkang tansah nuhoni kwajiban shalat kanti ajeg lan jejeg,
pikantuk ridlanipun Allah Ta’ala.

‫آن ْال َك ِري ِْم* َونَفَ َع ِني‬


ِ ‫ار َك هللاُ ِلي َولَ ُك ْم فِي ْالقُ ْر‬
َ ‫َب‬
ْ َ‫الر ِحي ِْم * قَا َل ت َ َعالَى َو ُه َو أ‬
‫صدَ ُق‬ ُ ‫ت َوال ِذِّ ْك ِر ْال َح ِكي ِْم* إِنَّهُ ُه َو الت َّ َّو‬
َّ ‫اب‬ ِ ‫َو ِإيَّا ُك ْم ِبااْآل َيا‬
‫الر ِحي ِْم* ِإنَّي انا هللا ال الــه‬
َّ ‫الر ْح َم ِن‬
َّ ِ‫الر ِجي ِْم* بِ ْس ِـم هللا‬
َّ ‫ان‬ َ ‫ش ْي‬
ِ ‫ط‬ َّ ‫ع ْـوذُ ِباهللِ ِمنَ ال‬ ُ َ‫اْلقائِ ِليْنَ * أ‬
‫* اال أنــا فــا عــبــدني و أقم الـصـلـوة لـذكـري‬
َ ‫ار َح ْم َوأَ ْن‬
َّ ‫ت َخي ُْر‬
َ‫الر ِح ِميْن‬ ْ ‫ب اْغ ِف ْر َو‬
ِ ِّ ‫* َوقُ ْل َر‬

You might also like