Professional Documents
Culture Documents
Pidato Bhs Jawa
Pidato Bhs Jawa
Ingkang kinurmatan bapak RT 02 RW 01. Bapak-Bapak , ibu-ibu ingkang minulya saha para
wredha mudha ingkang kula tresnani.
Ingkang sepindhah, sumangga kita panjataken puja lan puji syukur dhumateng ngasanipun
Gusti Ingkang Maha Kuwaos ingkang sampun paring kasehatan marang kita sedaya saengga
kita saget kempal wonten acara punika tansah sehat wal’afiat.
Salajengipun, kula aturaken sugeng rawuh wonten acara malam tirakatan kamardhikaan
Indonesia ingkang kaping sewidak pitu.
Bapak-ibu ingkang minulya, panjenengan kasuwun rawuh ing pahargyan punika, saperlu
tirakatan, sesarengan nyenyuwun dhumateng Gusti Allah, mugi-mugi nagari Indonesia
saklajenipun langkung sae tinimbang sakderengipun merdheka.
Wasana, cekap semanten atur kula. Bilih wonten klenta-klentu anggenipun kula matur,
nyuwun pangapunten.