You are on page 1of 2

Nemu Dhompet

Isih esuk Sari wis budhal sekolah


Ing dalan Sari nemu dhompet
Dhompet iku banjur dijupuk
Sawise dijupuk banjur dibukak
Dhompet iku isine dhuwit lan surat penting
Tekan sekolahan dhompet diaturake marang Bu Guru
Dhompet iku tibake kagungan Pak Lurah
Bu Guru banjur tindak daleme Pak Lurah
Pak Lurah rumangsa bungah
Pak Lurah banjur nggoleki Sari arep maringi bebungah
Sari ora gelem diparingi hadiah

Wangsulana pitakon ing ngisor iki !


1. Ing ngendi Sari anggone nemu dhompet ? .........................
2. Apa wae isine dhompet ? ......................................
3. Dhompet iku banjur diaturake marang sapa ? ....................
4. Sapa kang kagungan dhompet ikut ? ............................
5. Kena apa Pak Lurah nggoleki Sari ? ............................

Pilihen aksara kang bener !


1. Sing nemu dhompet ing dalan ...........
a. Sadi
b. Budi
c. Sari

2. Dhompet iku banjur diaturaken ..............


a. Ibu Guru
b. Pak Guru
c. Bapak

3. Sing kagungan dhompet ..............


a. Pak Guru
b. Pak Lurah
c. Ibu Guru

4. Sari arep diparingi ...............


a. dhuwit
b. hadiah
c. panggawean

5. Kuping gunane kanggo ..........


a. mlaku
b. nyekel
c. ngrungokake

6. Godhong pelem rupane ................


a. ijo
b. kuning
c. putih
7. Tembung mata, kramane ..........
a. mripat
b. soca
c. mata

8. Rambute Bapak ireng. Tembung rambut kramane............


a. mustaka
b. talingan
c. rikma

9. Yen arep budhal sekolah kudu .............


a. pamitan
b. tukaran
c. nangis

10. Pamitan Bapak lan Ibu karo..............


a. ngguyu
b. salaman
c. nangis

11. Banyu segara iku rupane ..............


a. abang
b. ireng
c. biru

12. Genderane kita warnane abang karo..............


a. putih
b. ijo
c. ireng

13. anak sapi iku arane ...


a. piyek
b. kuthuk
c. pedet

14. Andi diparingi hadiah soko bu guru


andi banjur ngucapake ...
a. ngapurane
b. sugeng enjang
c. matur nuwun

Isenana titik-titik ing ngisor iki !


1. Yen saben dina sinau dadi bocah ...............
2. Sikil iku gunane kanggo .....................
3. Godhong bayem iku rupane .......................
4. Lombok yen wis tuwo rupane .....................
5. Yen matur Bapak karo Ibu nganggo basa ......................
6. Yen nemu barang ing sekolahan kudu diaturake .......................
7. Sari budhal sekolah wayah ............................

You might also like