You are on page 1of 5

34

Nyritakake bab raden misaprabangsa sing di tundhung karo raja sing murka amarga patrape sing ora
becik. Banjur dheweke karo wadyabalane sing akeh-akehane prampok budhal ngumbara lan
meneng ing pagutan (jeneng liyane gegelang). Ing pagutan dheweke nduweni niyat kanggo ngabdi
neng raja gegelang, lan katone uga duwe kepinginan supaya dheweke dipek mantu dening baginda
raja amarga ngreti yen raja duweni niyat nyandhingna anake karo putra mahkota daha. Nanging
pangeran daha wis suwi ngilang.

Banjur dheweke ketemu raja lan raja ngerti yen dheweke ditundung dening ayahe banjur raja
mesakne marang prabangsa lan ngutus prabangsa kanggo manggon ing kana. Nanging sasuwene
prabangsa urip ing kana, dheweke penggaweane mung omben-omben, judhi, karo mateni
manungsa, sing marakke rasa welase raja marang dheweke kurang.

35

Tekane raja malaju, yaiku gunung sari, putra mahkota daha ing tuban. Banjur dijamu karo akuwu
(bupati) tuban lan manggon 2 dina 2 wengi ing tuban sadurunge nerusake lakune menyang gegelang.
Nanging sadurunge mangkat, dheweke lan rombongan sambang menyang kuil kalangen, ing kene
panggone kasuhun kidul (rara kidul).

36

Dina sesuke rombongan budhal menyang kuil lan sowan menyang para wasi. Banjur Sadurunge raja
bali dheweke matur yen menawa dheweke nemokake apa sing di goleki ing gegalang, dheweke bakal
ngaturne makuta (mahkota) marang dewa kidul.

Banjur sesuke rombongan mangkat meyang gegelang.

37

Rombongan malaju tekan ing pagutan, banjur dheweke diterke menyang kraton dening patihe.
Banjur ketemu karo raja lan dikenalke karo prabangsa lan dheweke akrab. Karo raja rombongan
dijamu mangan kanthi cara sabrang, amargi panganan cara sabrang lan jawa kuwi beda.

38

Nyritakake babagan raja lasem sing ketekan tamu ora liya yaiku dulure dhewe raja mataram lan Raja
mataram nyuwun tulung neng kakange ben digolekake bojo. Banjur raja mataram kesengsem
marang putri gegelang, lan kandha “sapa wae sing rabi karo putri gegelang, dheweke bakal dadi
musuhku. Sekirane ora oleh prawane aku bakal ngenteni randhane”. Dhayoh-dhayoh padha ngguyu.

39

Banjur raja lasem ngutus patihe kanggo nggawe layang kanggo nglamar sing sesuke kudu ndang
dikirim.
40

Sesuke layang dikirim menyang gegelang dening utusane raja lasem nanging lamarane ditolak amargi
raja gegelang wis njanjeni marang putra mahkota kedhiri utawa raja malaju. Nanging utusan ora
trima lan bakal nyerang gegelang. Nanging raja gegelang lan raja malaju wis siyap siyaga kanggo
mapag.

41

Utusan ngancem marang wong-wong gegelang banjur kebo angun-angun teka karo rombongane.
Prabangsa kaget lan ora seneng yen angun-angun teka. Angun-angun teka kanggo njaga menawa
panji ditahan dening raja singasari, nanging saiki panji ana ing pandan alas.

42

Raja gegelang kandha marang kebo angun-angun kanggo nggawa panji mulih merga gegelang kena
anceman gedhe lan kebo angun-angun njanjeni yen bakal nggawa panji mulih menyang gegelang.

43

Panji wis ngalahake pandan alas. Banjur dheweke bali menyang singasari. Tekan singasari banjur
dheweke ngajak mlayu kekasih-kekasihe, ning dheweke uga nyulik putri singasari.

44

Tekan ing panggone nirarsa ditinggal. Wong-wong ngabarake panji yen tuan putri ngilang. Panji
ethok-ethok ra ngerti lan berduka. Banjur dheweke bali nyang kutha lan ngadhep menyang ratu, ratu
ngabarake yen putrine ngilang. Nanging panji panggah ethok-ethok sedhih lan dheweke njanjeni
bakalan nggoleki tuan putri. Banjur dheweke kepethuk angun-angun, lan angun-angun ngewenehi
panji layang sing isine panyuwunan tulung saka raja gegelang.

45

Panji isih mikir-mikir sadurunge dheweke bali menyang gegelang, amarga ing kana ana prabangsa
sing bakal ora seneng yen katekan panji. Uga ngono panji ya urung pingin kedhoke kebukak. Sesuke
panji nemoni raja kanggo nyuwun idin bali menyang gegelang, lan raja ngidinake kanthi syarat
sawise perang panji kudu bali menyang singasari

46

Ngreti laporan saka patihe yen raja gegelang nolak layang lamarane, raja lasem murka. Banjur
nyiyapake wadyabalane dhisik. Lan dheweke nyuwun raja raja liyane kayata raja cemara, raja pajang,
lan raja mataun kanggo melu perang, nanging raja mataun ora bisa melu amarga isih lara. Panji
tekan ing gegelang.

47

panji wis entuk ijin kanggo bali menyang omahe karo bojo-bojone. Banjur dheweke bali liwat omahe
raja malaju. Raja malaju lan wadyabalane ndeleng lakune panji katon kesengsem marang
kawibawane panji. Prabangsa sing ngerti kuwi ngrasa meri lan nesu marang raja malaju, banjur
prabangsa ngalih. Ngerti kuwi, raja lan senetan bingung ndeleng patrape prabangsa sing katon benci
baget marang panji.

48

Panji tekan omahe ing pranaraga. Dheweke dijamu ala jamuan raja. Nrangarsa nesu marang panji
amarga dhewke mangkat nang panggon liya. Panji mulih ing omahe kanthi mendem, dheweke nesu
lan mangkat nang selir. Nanging ing tengah dalan dheweke kepethuk nrangarsa lan dheweke turu.
Banjur dheweke metu meneh kanggo nekani bojo-bojone siji mbaka siji.

49

Panji nyepakake benteng-benteng kanggo perang lan ngajak prabangsa uga raja malaju kanggo melu,
nanging prabangsa ora gelem lan nesu. Banjur panji ngomong marang raja gegelang menawa
dheweke siyap kanggo perang. Uga ngono prabangsa sing wis siyap karo bentenge. Nanging
prabangsa ngrasa digawe dolanan merga disuwun raja gegelang kanggo nyawijina bentenge karo
panji, banjur dheweke mlayu. Saka kuwi raja mangerteni kenapa raja janggala nundhung prabangsa.

50

Persiyapane panji lan para pendhekar kanggo perang. Dheweke padha nglumpuk ing istana kanggo
didungani dening wong suci, para pendheta ndungani ben dheweke kabeh menang anggone perang.
Raja malaju, panji sarta anak buahe mlayu nang benteng, nanging saiki prabangsa ya melu.

51

Nyritakake babagan raja sing bakale nyerang. Musuh nyerang nalika tengah wengi, benteng
prabangsa diserang lan diobong nganti entek. Banjur raja malaju lan panji tempur nganti bengi.
Banjur mungsuhe mundur lan ninggal akeh kurban. Prabangsa janji sesuke yen bakal mateni
musuhe, banjur dheweke ngalih. Nanging sejatine dheweke mung ora seneng karo anane panji

52

Sesuke nalika arep perang, keris panji lan raja malaju kijolan. Saka keris iku mau, panji sing nganggo
kerise raja malaju ngreti yen jeneng asline kuwi wiranantadja, alias putra mahkota kedhiri. Semana
uga raja malaju sing ngreti yen panji iku putra mahkota janggala. Raja seneng banget lan terharu
ngreti ngono kuwi. Dheweke 2 wis padha-padha tepang, banjur dheweke 2 menyang raja Gegelang
kanggo siyap-siyap perang Tentara gegelang budhal.

Raja-raja mataram, pajang lan cemara wis siyap-siyap budhal perang, uga ngono tentarane. Nanging
namung raja lasem sing katon ora siyap merga sri ratu lan para abdine nduweni firasat ala kanggo
raja lasem nalika arepe budhal perang. Uga ngono nalika dheweke mangkat, dheweke wis oleh bab-
bab sing janggal, nanging dheweke tetep tabah lan mangkat.

54

Panji lan musuhe perang. para wadyabala padha gantiyan kalah-menang. Prabangsa maju nyerang
raja mataram, nanging dheweke kepeksa mlayu. Perang saya gedhe. Lan akhire raja lasem mati
klawan raja malaju. Saka arahane patihe, raja cemara nyerahake kerajaane marang panji. Banjur
saka arahanepanji, raja cemara digawa ngadhep menyang raja gegelang.

Raja gegelang nrima raja cemara. Ditakokake babagan kondhisi perang lan ing ngendi lelakone
prabangsa. Raja cemara mangsuli yen prabangsa mlayu mundhur. Raja gegelang saya maklumi
kenengapa raja koripan nundhung prabangsa.

55

Raja malaju mlaku ing widasari (markas musuh). Ing kana akeh putri putri arepe nglakoni bela, sri
ratu, kalebu putrine. Nanging sri ratu menging putrine merga isih bocah.

Sri ratu ngirim dhayang marang putri mataun (anrangkesari) kanggo nyuwun melu nglakoni bela
bareng-bareng. Nanging diguyu karo bayang merga pikire ora ana alesan nrangkesari melu raja
minangka bela. Nanging sri ratu nyuwun banget marang nrangkesari sahingga dheweke mangkat.

Banjur wong-wong padha iring-iringan lan nglakoni bela. Nalika iring-iringan, garwane raja liwat ing
ngarepe raja malaju. Baginda ngerti anrangkesari minangka putri daha banjur gunung sari mlayu
methuki. Dheweke karo methuki kanthi sedhih. Banjur nrangkesari digawa menyang tohpati barek
gunungsari.

56

Raja gegelang lan panji ndeleng wong-wong nglakoni bela. Banjur Sri ratu lasem nyedhak ing mayat
bojone lan ngucapake saperangan tembung banjur nikam awak e dhewe. Raja cemara minangka
dulure semaput ndeleng kahanan kaya mangkono. Banjur sawise sadhar dheweke nyuwun ing raja
gegelang ben mayit-mayite ora disurjakan.

Raja gegelang ora ana maksud kanggo mangkono, malah dheweke ngongkon supaya mayit-mayite
diobong lan dipendhem ing kerajaan dhewe-dhewe.

Banjur ngerti yen anaputri raja lasem sing ketinggalan ing pesanggrahan, gunung sari ngutus kanggo
nyusul putri kanggo ngadhep raja.

57

Sawise menang, gegalang ngadhakake pesta gedhen-gedhen . Kuda senetan nyusul putri lan
dhayang"e. Banjur sawise nyusul lan balik, tuan putri ketemu raja cemara lan nangis.Sesuke raja
ngirim wong neng pajang kanggo njupuki harta rampasan. Saka printah e raja gegelang, banjur raja
malaju didusi dening brahmana. Lan banjur raja malaju balik menyang omahe. Senetan teka neng
dulur"e. Nalika mangan", 2 putri sing budhal bareng raja malaju ing jawa. Banjur panganan digawa
menyang putri lasem. Sing manggon ing sisih liya ing omah kasebut.
58

Panji bali mulih. Nirarsa sedhih merga bojone mati lan dheweke ora bakal rabi maneh kajaba
dheweke nemu pawongan sing ayune padha kaya bojone sing wis mati. Panji terus mlaku mulih ing
omahe (pranaraga).

59

Sesuke Panjilan raja malaju ngadhep marang raja gegelang. Raja malaju diutus raja gegelang kanggo
bali menyang omahe merga dheweke nembe rabi.

60

Panji bali nyang omahe kanthi mendem sawise omben" ing kraton. Banjur dheweke katon putri
gegelang nyoba lagu sing diwenehi saka dheweke kanthi ngunekke gambang. Banjur dheweke 2
nembang lan dolanan gambang bareng nganti dilem" karo wong" sing ndeleng.

61

Prabangsa geger barek panji merga prabangsa wis mateni jarane panji yaiku dalang anteban lan
prabangsa mlayu. Panji arepe nguber nanging dipenging barek raja malaju.

62

Panji lan gunung sari menyang tohpati. Gunung sari arepe ngewenehi jaran liya marang panji,
nanging jebul dalang anteban urung mati lan ditambani barek senetan. Panji bungah. Dheweke
mangan lan panji sarta pengiringe bali menyang pranaraga. Prabangsa ora bisa turu amarga isin
barek tumindake. Dheweke isih golek akal kanggo mateni panji. Dheweke ora maneh ngadhep raja,
nanging saben-saben metu kanggo judhi.

63

Raja mataun murka nalika krungu 3 sedulure mati. Luwih" dheweke murka merga anak angkate
(nrangkesari) digawa dening raja malaju. Njur dheweke niyat kanggo nyerang musuhe nanging
dheweke isih lara. Nanging dheweke panggah ngutus menteri-menterine kanggo nyiapake
wadyabalane..

You might also like