You are on page 1of 2

Pidato Bahasa Jawa Tentang Palang Merah Remaja

Pembukaan Pidato Palang Merah Remaja :

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Para rawuh sedaya, para remaja putri ingkang kawula kurmati. Saderengipun, sumangga kita sesarengan
muji syukur ing pangarsanipun Gusti Allah ingkang Akarya Jagad, awit sih nugraha ingkang kaparengaken
dhumateng kita sedaya, saengga ing siang/dalu menika kita sedaya saged sesarengan makempal ing
papan saha wekdal menika kanthi raharja mboten kirang satunggal menapa.

Isi Pidato :

Para rawuh sedaya,

Palang Merah Indonesia punika tugasipun warni-warni ing babagan sosial. Tiyang saged nyumbang rah
lumantar PMI. Wonten ing PMI ngrika boten lajeng dipun sedhot rahipun, nanging dipunpriksa rumiyin.
Tiyang ingkang badhe dhonor dharah utawi nyumbang rah kedah saras. Rahipun pancen tirah. Manawi
makaten saweg dipunsedhot. Bibar dipun sedhot dipunobati saprelunipun.

Para rawuh sedaya,

Papriksan golongan darah ugi saged katindakaken wonten ing PMI. Kathah lare sekolah dipunpriksa
golongan darahipun. Sasampunipun dipunpriksa kanthi tliti lajeng diunsukani kartu golongan darah.
Kartu punika prayoganipun dipunbekta dhateng pundi kemawon, umpamanipun badan pinuju apes,
manggih alangan kacilakan wonten ing margi, ngantos mebtahaken sumbangan darah, boten ndadak
bingung-bingung. Kantun nocogaken kartu golongan darahipun kaliyan sumbangan ingkang cocog
golonganipun.

Penutup Pidato Palang Merah Remaja :


Pamung menika ingkang saged kula aturaken, mboten kesupen kula ngaturaken agunging panuwun,
Menawi anggen kula matur wonten kalepatan saha solah bawa ingkang kirang mranani penggalih
panjenengan sedaya, kula nyuwun pangapunten.Nuwun

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

You might also like