You are on page 1of 9

NAMA : SIDIQ PAMBUDI U.

KELAS : VIIC/8C
SEJARAH PANDAWA
A.Silsilah Pandawa
Pandawa minangka istilah Sanskerta. sing secara harfiah ateges putra
Pandu, salah sawijining Raja Hastinapura ing wiracarita Mahabharata.
Mangkono, para Pandawa iku dadi putra mahkota kerajaan. Ing wiracarita
Mahabharata, para Pandawa minangka protagonis lan antagonis yaiku
Korawa, putra Dretarastra, adhine bapakne (Pandu). Miturut sastra Hindu
(Mahabharata), saben anggota saka Pandawa minangka inkarnasi dewa
tartamtu, lan saben anggota Pandawa duwe jeneng liyane. Upamane
jeneng "Werkodara" makna harfiah yaiku "weteng serigala". Lima Pandawa
nggarwa Draupadi sing ditentang ing kontes ing kerajaan Panchala, lan
nduweni putra siji. Pandawa minangka tokoh penting ing bagean penting
saka Mahabharata epik, perang utama ing Kurukshetra dumunung ing
antarane Pandawa lan Kauravas lan sekutuné. Cerita dadi crita penting ing
Mahabharata wiracarita.

Para Pandawa yaiku lima putra pangeran, tiga saka (Yudhistira, Bima, lan
Arjuna) iku putra kandung Kunti, nanging liyane (Nakula lan Sadewa) kuwi
putra kandung Madri, nanging padha karo Pandu.

Wangsa Raja Madra


. Yadawa Dinasti Kuru

Salya
Surasena
Byasa Ambalika

Madri
Kunti Pandu

Yudistira Bima Arjuna Nakula Sadewa


1. DEWI KUNTI
Raja Mendura Sura (bangsa Yadawa) gadah anak kaleh, Basudewa lan
Dewi Prita. Raja gadah sepupu asmane Kuntibohja, sing mboten
gadah anak. Trus Prita diwenehne Raja Kuntibohja. Sawise iku Prita
dikenal nganggo jeneng Dewi Kunthi. Kuntibohja kedayuhan
Begawan Drusawa, nalika cilik Kunthi dipunutus ngurus uwong iku
setahun. Trus Begawan iku ngewenehi mantra jenenge aji pameling
marang Kunthi kangge nimbali dewa, lan dewa sing ditimbali iso
menehi anak. Kunthi nyobo mantra iku, ujug-ujug Dewa Surya teka.
Dewa iku kaget amarga sing nyeluk cah cilik, trus Kunthi meteng.
Amarga emoh isin bayi iku ditoke teko kuping karo Dewa Surya lan
dijenengne Karna trus dilarungne ing kali. Karna ditemu lan diopeni
Adirata.Kunthi nikah kaleh Raja Pandu, tapi ora iso nduwe anak
amarga pandu dikutuk resi ing alas. Akhire Dewi Kunthi gunakake aji
pamelinge lan mbayangake Dewa Yama, Dewa Bayu lan Dewa Indra
trus lahiro Yudistira, Bhima, lan Arjuna. Dewi Madri belajar mantra
iku lan mbayangake Dewa Aswin trus lahiro Nakula , Sadewa. Swise
ngono Pandu seda lan Dewi Madri melu garwane diperabune.
Kunthi lan Pandhawa selamet saka peristiwa kobonge istana kayu,
lan pindah ing negri Eka Chakra. Ing kono ana raksasa serakah
Bakasura sing nyuwon panganan, kabeh uwong wedi lan akhire
pangananne diterke Bima. Trus Basukara mati dipateni Bima.

2. PRABU PANDHU DEWANATA


Prabu Pandhu iku ratu ing Astina (Ngastina), putrane Begawan
Abyasa (Wiyasa) lan Dewi Ambiki, putri saka nagara Kasi
(Swantipura), randhane Prabu Wicitrawirya. Pandhu duwé kadang
tuwa, asmane Destharastra, uga putrané Begawan Abiyasa karo Dewi
Ambika (kadangé tuwa Dewi Ambalika), randhané Prabu Citragada.
Dhestharastra duwé cacat netra (wuta), déné Pandhu duwé cacat
tengeng guluné lan rainé pucet. Prabu Pandhu wiwit timur wis kaloka
kadigdayané. Nalika lair naté dadi srayané déwa nyirnakaké mungsuh
kahyangan: Prabu Nagapaya, ratu ing Kiskendhapura. Amarga
lelabuhané iki, Pandhu olèh nugraha jamang kencana kang tinretes
barliyan, panah pusaka aran Ardhadedali (Hrudadedali) kang ing
tembé dadi pusaka Arjuna, lenga Tala, lan dikeparengaké nganggo
sesebutan Dewanata.

B. Angota Pandawa

1. Yudistira
Yudhisthira iku putra saka Pandawa. Dheweke minangka inkarnasi Dewa
Yama lan lair saka Kunti. Alam dheweke wicaksana banget, ora nduweni
mungsuh, lan meh ora ngapusi kanggo sisa hidupe. Nduwe moral luhur
lan seneng ngapura mungsuh sing wis nyerah. Keahlian Yudhishthira
yaiku nggunakake tombak, sing diwulangake dening Resi Druna (Dorna),
lan ing budaya Jawa, Yudhishthira dikenal duwe sawetara pusaka yaiku
Jamus Kalimasada, Tunggulnaga, lan Robyong Mustikawarih.
2. Bima
Werkudara iku putrane Prabu Pandhu Dewanata Ian Dewi Kunthi sing
angka kalih. Werkudara iku titisane Bathara Bayu. Awit putra angka loro,
mula Werkudara uga sinebut putra panenggaking Pandhawa. Sesebutan
liyane Bratasena, Bimasena, Haryasena, Bayusiwi, Jagal Abilawa,
Kusumadilaga, Jayalaga. Kastriyane ing Jodhipati utawa Tunggul
Pamenang.

Garwane telu aran Dewi Nagagini, Dewi Arimbi, Ian Dewi Urangayu. Karo
Dewi Nagagini, 'peputra Raden Antareja. Karo Dewi Arimbi, peputra
Raden Gathutkaca: Karo Dewi Urangayu, peputra Raden Antasena.
Raden Werkudara duwe pusaka aran Kuku Pancanaka, Gada Rujakpala,
Ian Gada Lambita¬muka. Aji-ajine Bandung Bandawasa, Ungkal bener,
Blabag Pengantol-antol, Bayu Bajra. Sifate bima yaiku, Duwea watak
satriyatama: luhur ing budi, seneng tetulung, adil, wani ing bebener,
mbrastha angkara murka,Bektia marang wong tuwa, luwih-luwih marang
ibu,Dektia marang guru,Tresna asih marang sedulur,Darbea jiwa satriya
kang dadi bentenging negara.
3. Arjuna
Raden Arjuna (Janaka) satriya panengahing Pandhawa, putrane Prabu
Pandhu lan Dewi Kunthi. Kasatriyane ing Madukara. Wujude satriya
bagus tanpa cacad. Ing jagad ora ana tandhingane bab kebagusane,
amarga Janaka minangka simbol amal becik. Amal becik ora bisa pisah
klawan swarga (Jannah). Janaka saka tembung jannahuka, tegese
swargamu. Mula sapa sing kepengin mlebu swarga, kudu tumindak becik
lan nindakake tuntunaning agama kanthi temen.

Arjuna satriya digdaya sekti mandraguna, polatan luruh jatmika, prigel


ing samubarang, seneng tetulung marang sapa bae, mula ditresnani
dening sapa bae. Ora mokal yen garwane pirang – pirang. Bojo akeh iki
tegese Janaka ditresnani dening sapa bae. Yen priya ngondhangake
kasudibyane, yen wanita ngondhangake sigiting citra.

Arjuna kejaba sugih bojo, uga sugih kawruh (ilmu), sugih gaman lan
mantran, sugih guru. Meguru marang Begawan Padmanaba antuk aji
telung warna, yaiku : 1. Aji Sepiangin, dayane aji yen kawateg, kebating
lakune Arjuna tan prabeda kaya kebating angin. Lakune bisa ngungkuli
lakuning barat, 2. Aji Malayabumi, Arjuna bisa ilang sapalungguhan, 3.
Aji Sempaliputri, Arjuna bisa manijing ajur ajer.
Pusakane pirang – pirang. Kang asring digunakake : Keris Pulanggeni,
Kalanadhah, Panah Merdaging, Rodha Dhadhali, Haryas Sangkala,
Sarutama, Pasopati.

4. Raden Nakula
Nakula putrane Prabu Pandhu lan Dewi Madrim. Satriya sumendhining
Pandhawa (kakang ragil). Kagungan rayi siji tunggal rama ibu, kekasihe
Raden Sadewa. Wujude Nakula lan Sadewa, kembar. Kembar rupa,
swara, lan busana.Nalika timure, Raden Nakula kekasih Raden Pinten,
dene Raden Sadewa kekasih Raden Tangsen. Kasatriyane Raden Nakula
ing Sawojajar.Sedulure beda ibu ana telu, yaiku : 1. Prabu Puntadewa, 2.
Raden Wrekudara, 3. Raden Janaka. Puntadewa, Wrekudara, Janaka,
Nakula, lan Sadewa, sinebut kadang Pandhawa, saka tembung linggane
Pandhu lan hawa tegese putra Pandhu.

5. Raden Sadewa
Raden Sadewa (Sahadewa) putrane Prabu Pandhu lan Dewi Madrim.
Satriya wuragile Pandhawa. Kembarane Raden Sadewa asmane Raden
Nakula. Wujude Nakula lan Sadewa kembar, kembar rupa, swara, lan
busana.
Nalika timure, Raden Sadewa kekasih Raden Tangsen, kasatriyane
Sadewa ing Baweratalun (Bumiretawu).
Sedulure beda ibu ana telu, yaiku : 1. Prabu Puntadewa, 2. Raden
Wrekudara, 3. Raden Janaka. Puntadewa, Wrekudara, Janaka, Nakula,
lan Sadewa, sinebut kadang Pandhawa, saka tembung linggane Pandhu
lan hawa tegese putra Pandhu. Raden Sadewa titising bhatara Aswin,
dewa tabib. Wiwit cilik digulawenthah dening Dewi Kunthi. Wujude
Raden Sadewa satriya bagus, mbranyak pasemone. Watake jujur lan
bekti marang sedulur tuwa.
Ing lakon Babad Alas Mretani, Raden Tangsen bisa ngasorake yudane Jim
Sadewa (riwayat liya sinebut Ditya Sapulebu), satemah Jim Sadewa mau
masrahake kasatriyane, yaiku Baweratalun lan paring Aji Pramanajati
kang dayane bisa ngerti sadurunge winarah.

C.KORAWA
Ing Mahabharata dingerteni manawa Gandari, garwane Dretarastra,
kepengin duwe putra. Banjur Gandari nyuwun marang Byasa, sawijining
pertapa sing kuat, lan diwenehake. Gandari dadi ngandhut, nanging
sawisé suwe ngandhut, putrane durung lair. Dheweke cemburu karo
Kunti sing wis menehi putra Pandu telu. Gandari banjur dadi frustrasi lan
banjur ngetokake garwane. Sawise nglampahi pegawe, lair saka
rahimane mung minangka benjolan daging. Byasa banjur ngetokaké
daging mau dadi satus dhuwit lan dilebokake ing guci, banjur ditenem
ing lemah kanggo setahun. Sawise setahun, botol wis dibukak maneh lan
saka jero saben guci, bocah lanang muncul. Sing pisanan sing katon
yaiku Duryodana, diiringi Dursasana, lan sadulure liyane.

D.ANGGOTA KORAWA

1. DURYUDANA
Duryodana utawa Duryudana iku ratu ing Ngastina (Hastina) Ing
layang Mahabharata disebut Droyudhana. Dasanamane miturut
padhalangan:Suyudana, Jakapitana , Jayapitana
,Kurupati,Gendharisuta, Dhasthaputra ,
Tri Mamangsah . Duryudana iku putrane Prabu Dhestharastra lan
Dewi Gendhari sing tuwa dhéwé. Nalika lair ora salumrahe bayi,
nanging wujud tengkelan daging, kaya tugelan daging kebo.
Duryudana sa adhi-adhine iku watake angkara murka, srei, jail-
methakil, jalaran tansah diapusi lan diojok-ojoki déning bapa
pamane, Patih Harya Sengkuni (Sakuni). Bedha karo Prabu
Dasamuka, nata ing Ngalengka kae, senajan padha-padha watake
angkara murka, nanging yèn Dasamuka kabèh tumindhake sing
angkara murka iku tukul seka prentule atine dhewe. Dene yèn
Duryudana anggone nduwèni watak angkara murka merga disetir
déning Patih Sengkuni. Mula Duryudana iya banjur tansah mungsuhi
marang para Pandhawa.

2.DURSASANA
Dursasana minangka jeneng antagonis penting ing Mahabharata
wiracarita. Dheweke yaiku adhine Duryudhana, pimpinan Kurawa,
utawa putra Prabu Drestarasta karo Gandari. Dursasana nduweni
awak gagah, mulut cedhak lan alam arrogane, seneng tumindak
kanthi arbitrase, nggodha wanita lan seneng ngina wong liyane. ng
pawayangan Jawa, Dursasana nduweni bojo jenenge Dewi Saltani,
lan putra kang duwe kekuwatan gaib ngluwihi dheweke, dijenengi
Dursala. Jeneng Dursasana tegese "angel dikuwasani" utawa "angel
dikalahake". Sedulur-sedhéng sing paling tuwa ing Duryudhana yaiku
Dursasana lan adhine Dursala.

You might also like