You are on page 1of 1

Pidato Perpisahan Kelas 9

Assalamu'alaikum Wr. Wb.

Panjenenganipun Bapak Kepala Sekolah ingkang kulo hormati, Bapak/Ibu Guru


saha staf karyawan/ti ingkang kulo hormati, adhik-adhik kelas lan rencang rencang
kelas 9 ingkang kulo tresnani.

Sumangga kita sedaya ndereaken puji syukur wonten ngarsanipun dalem Gusti
Allah ingkang Maha Agung, ingkang sampun paring kanikmatan dumateng kita
sedaya, saengga kita saged kempal manunggal ing aula ( nama SMP ) kanthi sehat
wal afiat.

Saklajengipun kula aturaken panuwun dateng Bapak/Ibu Guru ingkang sampun


nglonggaraken wekdal nrawuhi adicara menika.

Kulo minangka wakil saking kelas 9 ngaturaken agunging panuwun dumateng


Bapak/Ibu Guru, amargi awit saking katresnan panjenengan anggenipun
nggulawentah dumateng kulo sakanca ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan
menika, saha saged lulu 100%. Ingkang nomer kalih, kulo sakanca nyuwun ndonga
pangestu, mugi mugi ketampi wonten sekolah ingkang dipun idam-idamaken.
Ingkang pungkasan, kulo sakanca dinten menika nyuwun pamit nilaraken ( nama
SMP ) menika.

Kulo dedonga, mugi mugi ( nama SMP ) tetep jaya lan majeng prestasinipun.

Cekap semanten atur kulo, menawi kathah kalepatan atur saha solah bawa ingkang
mboten mranani penggalih, kulo nyuwun pangapunten.

Wassalamu'alaikum Wr. Wb

You might also like