You are on page 1of 4

LAPORAN BASA JAWA

SERAT WEDHATAMA SINOM 7,8,9.

SMA N 1 REMBANG

Anggota bergada:

1. Asnal Masyawi

2. Badriatul Fikriah

3. Intan setiani

4. Rita Novian

5. Wuyung Pangestuti
Serat Wedhatama Pupuh Sinom 7,8,9

Padha 7

Ambawani tanah Jawa,

Kang padha jumeneng aji,

Satriya dibya sumbaga,

Tan lyan trahing senopati,

Pan iku pantes ugi,

Tinelad labetipun,

Ing sakuwasanira,

Enake lan jaman mangkin,

Sakyektine tan bisa ngepleki kuna.

Artinipun:

Manguasani tanah Jawa(nusantara)

Ingkang padha dumadi raja(pemimpin)

Satriya sekti kang masyhur,

Mboten wonten saking keturunanipun senopati,

Perkawis kuwi ugi pantes,

Kangge tuladha budi pekerti,

Sak isanipun ngagem ing zaman mengko,

Sanadyan mboten sami kados ing zaman biyen.

Parafrase:

Pemimpin-pemimpin utawa raja- raja kang anduweni kuwasa ing nusantara ingkang sekti lan masyhur
kedah dipun dadiake tauladan budipekertinipun kangge wonten ing zaman mengko sanadyan mboten
sami persis.
Padha 8

Lowung kalamun tinimbang,

Ngaurip tanpa prihatin,

Nanging ta ing jaman mangkya,

Pra mudha kang den karemi,

Manulad nelad nabi,

Nayangengrat gusti rasul,

Anggung ginawe umbag,

Saben seba mampir masjid,

Ngajab ajab tibaning mukjijat drajat.

Artinipun:

Luwung nalika dibandingaken

Wong ingkang sugeng(urip) tanpa prihatin

Nanging ing mangsa sak iki

Ingkang di remeni wong enem

Namung niru nabi

Rasul kang dikirim gusti Allah

Kang mung digunakaken kangge onggak (nyombongaken)

Saben pakaryan mungkasi ing masjid

Mung ngarep mukjizat supados angsal derajat kang duwur

Parafrase:

Ing mangsa sak niki ingkang diremeni wong enem namung niru-niru nabi,kangge nyombongaken
dheweke,sejatine namung pingin derajat kang dhuwur

Padha 9

Anggung anggubel sarengat,


Saringane tan den wruhi,

Dalil dalaning ijemak,

Kiyase nora mikani,

Ketungkul mungkul sami,

Bengkrakan mring masjid agung,

Kalamun maca khutbah,

Lelagone Dandanggendis,

Swara arum ngumandang cengkok palaran.

Artinipun:

Namung mahami sariat kemawon,

Nanging hakekate mboten dikuasni,

Pengetahuan digunaake kangge mahami makna,

Lan suri tauladanipun durung mantep,

Tiyang mekanten punika mboten sadar,

Anduweni kelakuan leluwih yen ana ing masjid gedhe,

Nalika maos khotbah,

Iramanipun nentremake ati,

Suarane apik tur banter.

Parafrase:

Tiang ingkang namung mahami ilmu ananging mboten digunakaken lan suri tauladane durung mantep
tiyang punika sia-sia ilmunipun..

You might also like