You are on page 1of 3

Weleh!

Ya, jenenge Minul. Bocah kelas 8 ing SMP ABC. Kisah uripe mung
kelangan pulpen sing dicekel dewe. Kancane sing ora ngerti opo-opo diarani
njupuk lan ngakoni pulpene kancane sing mirip koyo pulpene minul iku duweke.

Terus maneh, minul iki anggota teater ing sekolah. Tiap enek pentas, minul
iku langganane dadi Pahlawan Tak Terlihat, Pahlawan Tanpa Tanda Jasa,
Pahlawan Penyelamat, alias iku kabeh maksude dadipameran pembantu. Nanging
dudu pemeran pembantu biasa, rekor pentase minul yaiku 10 judul pentas dadi
wit-witan, 7 judul pentas dadi wong berkostum ireng sing ngobahne awan-awanan,
3 judul pentas dadi wong lewat tok, 1 judul pentas dadi Roro Jonggrang pas dadi
watu.

Ing isuk dina Minggu, Minul ndelok acara kesayangane. Opo maneh lek
dudu Doraemon, robot kucing biru sing iso miber. Dudu iku favorite, tapi Takeshi
Gooda utawa Giant sing wedi karo ibue lan Suneo Honekawa sing rambut lan
monconge podo majune. Minul ngakak pas Giant diseret maneh karo ibue,
sampek ibue dewe nyeluk Minul.

“Nul, reneo nduk!” Kongkon ibue.

“Njeh buk!” Semaure Minul.

“Wonten napa buk?” Pitakone Minul sing wes ngadek nek sanding ibue.

“Nul, tulung tumbasno barang-barang iki nek pasar!”

“Sakniki buk? Mboten mbenjing mawon?”

“Mbnejing piye to nul? Yo saiki to! Iki daftare, ojo sampek lali! Engko arep
muleh dicek disek! Selak subuh neh lo ndang kono!”

“Njeh buk!” Semaure Minul pasrah. Ketimbang ibue engko mbantingi


barang-barang omah. Kadang Minul pikir uripe koyok Nobita hhhh.

Swise ngunu ibue Minul ngalih, nanging Minul malah nututi ibue ae.

“Lho, awakmu iki lo nyapo? Malah nututi ibu barang, ndang budal kono lo!”

“Lho ibu ki, sak derengipun ngaturi dipuncek malih buk,”

“Jane opo to?”

“Lha yatranipun pundi buk?”

“Lah, maeng sing tak weh ne opo?”

12
“Wau kan namung daftar buk,”

“Loh, njajal ndelok endi lek daftar tok?”

“Niki lo buk,”

“Wo iyo, yowes iki! Ndang budal!”

“Siap buk!”

Motor model skuter rupane ireng wes keparkir nek ngarep omah. Minul
metu karo nenteng helm rupa putih polkadot abang. Kunci motor sing diunyer-
unyerake ing driji tangan kiwone maeng, terus dilebokne ing bolongan kunci.
Catetan sing isine dafrtar blanja iku maeng dilebokne ing sak suwal jeans biru
sing dingge Minul. . sawise siap lan rumangsa ora enek sing lali mulai ujung
rambute tekan sikile, Minul nyetater motore terus budhal.

Sawise teko pasar, Minul cepet-cepet blanja kebutuhane sesuai daftar maeng
lan ndang mulih. Minul markirne motor ing ngarep omah. Minul marani ibue,
terus ndelehne kebutuhan blanja maeng ndek nduwur meja pawon.

“Buk, Minul pun wangsul!” Bengoke Minul. Ibune marani Minul lan
ngecek kebutuhane eneh.

“Ndengaren lengkap nul! Ora enek sing lali eneh iki maeng?”

“Lho, pripun to buk? Niki wau kan Minul sampun ngati-ngati sanget!”

“Iyo, pinter awakmu nul saiki! Suwun yo nul!”

“njeh buk sami-sami, kan manise ibuk! Hehehe”

Minul rumangsa seneng banget iki maeng ora diseneni maneh amarga lali.
Minul langsung nangkring nek ngarep tv maneh.

“drrrttt…drrrrttt” Suara saka hp-ne Minul sing kelap-kelip tanda enek


panggilan mlebu. Dipencet karo Minul tanda rupane ijo lan didelehake hp ing
kupinge.

“Halo?”

“Awakmu nek ndi nul?” pitakone suara sing nelpon Minul.

“Aku nek omah, nyapo? Ndengaren awakmu nelpon barang?” Pitakone


Minul ganti.

“Lah, piye to nul? Rumangsamu sing nelpon aku disek maeng sopo?”

12
“Lho kapan? Kan awakmu sing nelpon aku disek iki maeng?” Semaure
Minul bingung.

“Loh tenan to, ngene iki lho awakmu ki mestian. Njajal maeng sopo sing
nelpon aku terus kon ngancani nek pasar? Wes dikancani, mulih malah ditinggal!”
Jawabe suara nek sebrang karo nesu.

“ Loh maeng aku karo awakmu ta?”

“Loh, piye to? Dieling-eling disek to makane. Dicek eneh nek hp-mu barang,
dino iki maeng nelpon sopo ae?”

“Loh, berarti awakmu keri no?”

“Yo mes-to-ti-ti!”

“Waduh mak! Sorry-sorry, kadung seneng blanjanane ora enek sing keri lha
kok awakmu sing keri to, yungalah…”

“Wes! Ojo omong ae, ndang nyang pasar mapak aku!”

“Siap!”

Sawise Minul medhot sambungan telepon karo kancane maeng, Minul


ndang njupuk helm lan kontak motor menyang pasar maneh. Ora peduli karo
wajah bingung ibue sing nyawang Minul klabakan.

12

You might also like