kepinginan utawa cita-cita.Mbuh sing diarani cita- cita pengin dadi pejabat,tentara,polisi,mentri,mantri,bupati,lan liya- liyane utawa sing mung pingin mangan thiwul,gathot,gethuk.lemper,klemet,utawa wajik.Ana maneh sing pengin dadi wong sugih,pinter,sukses pegawean,lan duwe bojo ayu nganti duwe bojo lima.
2. Jer mangkono para sesepuh wis paring pitutur yen
sakabehing pepinginan utawa cita-cita kudu disranani ikhtiyar lan donga.Ora mung cukup semono,nanging sing pokok uga butuh modal,intine jer basuki mawa bea,kaya semboyane pamarentah Propinsi Jawa Wetan.Modal kang dimaksud ing kene ora mesthi kudu wujud dhuwit.Bisa kepinteran,keprigelan,tali paseduluran,kabar utawa informasi,lanakeh conto liyane. 3. Samengko wong nduweni ubarampe modal kang tansaya pepak mesthi wae dheweke tansaya nduwe peluang kanggo nggayuh kepinginane utawa cita- citane mau kanthi luwih gampang lan cepet.Ananging senajan sawijining wong wis nglakoni usaha utawa ikhtiar kanthi laku kang bener,trep,,lan pas dikantheni kapinteran,disranani modal kang nyukupi,kabeh ikhtiar mau kudu dikondurake marang Gusti Kang maha kuwasa.
4. Pituture para sepuh, aja nganti nggege mangsa
utawa ndisiki kersane Pangeran.Jer manungsa wajibe mung usaha.dene sing ngabulake mesthi wae Gusti Allah. Mula saka kuwi manungsa orakena rumangsa umuk yen sakabehe mesthi bakal klakon dadi kasunyatan kaya apa kang dikarepake.
5. Bisaa rumangsa aja rumangsa bisa.bisaa ngrasake
yen manungsa mono sejatine mung titah sawantah jalma lumrah kang tansah kudu gumantung mring Gustine.Lamun kanthi sipat kang tansah sumeleh lan sumarah iku wong bakal bisa nglakoni uripe kanthi samadya lan ora kumudu kudu tansah kelakon panggayuhe. 6. Sipat rumangsa bisa mung ndadekake wong gedhe ndase ,umuk,lan lan kedawan pengangene,malah asringe dadi nglalekake kang hakarya jagad,prasasat banjur nekad ngalalake sakabehing cara amrih kepinginane bisa kelakon.Mula aja kaget yen banjur ana tumindak korupsi,kolosi,lan nepotisme ing jaman kang tansaya edan iki.
7. Ana tuladha sawijining kanca kang pengin
nerusake pendhidhikane ing jenjang kang luwih dhuwur.Mesthi wae cita-citane kuwi luhur lan mulya.Ning mesthi wae kudu disranani kanthi sinau kang temenan amrih bisa lulus ujian saringan utawa seleksi.Ora bisa bab iku dilakoni kanthi sembrana,kanthi modal rasa rumangsa bisa.Yen mung rasa rumangsa bisa dadine sak umpama bisa kasembadan lulus ujian seleksi.wong mau bakale thukul rasa umuk,ananging kosok baline yen jebul gagal bisa wae dheweke dadi mutung lan kelaran atine.
8. Mula nggayuh sakabehing pepinginan utawa cita-
cita apa wae kudu dilandhesi ikhtiar kang temen lan panyuwunan donga marang Kang Maha Kuwasa.Wajibe manungsa mung nuntasake usaha lan donga,sabanjure Gusti kang ngijabahi.Ladhesan urip kanthi sipat waspada lan sakmadya