You are on page 1of 4

BIDSTON SOKUR

Brayat Ageng Ibu Tusini


Selasa, 7 Agustus 2018
Wekdal Ening Pribadi
Kidung Pambuka KPK 33:1-2 “Sawernaning Puji”

Votum & Salam (Psw Jumeneng)


PF : Bidston Sokur Brayat Ageng Ibu Tusini ing dinten punika
katindakaken ing Asmanipun Yehuwah Allah ingkang nitahaken
langit kaliyan bumi.
Psw : Amin (3x)
PF : Sih rahmat lan Tentrem Rahayu saking Gusti nunggil
panjenengan sedaya.
Psw : Nunggil panjenengan ugi
Mazmur Pamuji
PF : Padha saosa puji sokur marang Sang Yehuwah, awitdene
Panjenengane iku sae! nUjer sih-susetyane iku langgeng ing
salawase
Psw : Mangkono pangucape para wong kang padha katebus dening
Yehuwah, kang ditebus saka ing pangwasane kang gawe susah,
PF : kang dikumpulake saka ing nagara-nagara, saka ing tanah wetan
lan kulon, saka ing lor lan saka ing kidul
Psw : Sajroning karubedane mau nuli padha sesambat marang
Pangeran Yehuwah, banjur padha diluwari saka ing sangsarane
Sdy : ditedahi dalan kang bener, temah banjur tekan ing kutha kang
dienggoni ing wong
Kidung Pamuji KPJ 334:1-2 “Aja Sumelang”
Peladosan Sabda
- Pandonga
- Wedharing Pangandika
Kidung Kesanggeman KPJ 441 “Kita Sami Tinimbalan”

Pandonga Syafaat
Kidung Panutup KPJ 429:1-2 “Dhawuhe Gusti”

Berkah (Psw Jumeneng)


PF : (Nglantaraken berkah)

You might also like