You are on page 1of 1

Bab tanêman ingkang gadhah daya kenging kangge jampi

Patikan Cina, jampi sakit padharan (gambar ôngka 1).

Patikan Cina punika tuwuh wontên sadhengah panggenan ing tanah ngare, sarta botên kêndhat ing dalêm sataun
muput, rêmênanipun thukul wontên sêlaning sela, punika jampi ingkang ngasrêpakên sangêt, sarta angêdalakên
bêntèring badan.

Tanêman wau sawatawis kathahipun kagodhog kalihan toya tuwin gêndhis Jawi sakêdhik, punika kaunjukna
dhatêng lare ingkang juburipun asring mêdal, utawi kaunjukakên tiyang sêpuh ingkang wawratan mawi ngêdên.

Patikan Cina punika kawoworan kajêng timur sasendhok tèh, sarta êmpuning kunir sapanjanging dariji, sarta kajêng
pulasari sakêdhik, punika kangge jampi pampêtipun sakit murus, sadaya wau kagodhoga kalihan toya sagêlas tepok,
kakantunakên sapalih.

Manawi badhe jampèni lare, supados botên ngêdên, katapêlana tigang lêmbar ron jarak iri,

You might also like