You are on page 1of 2

Ing sawijining dina, kaluarga Pandawa lima lagi remen-remene uga prihaten

sanget nalika putane Raden Werkudara lan Dewi Arimbi lair. Amarga bayi kang dilahirake
dening Dewi Arimbi awujud raksasa, lan sampun umur 1 taun ari-arine isih nempel durung bisa
pedhot. Putrane Raden Werkudara lan Dewi Arimbi mau diwenehi jeneng Tetuka, nanging ing
sawijining dina banjur dadi Gathut Kaca.

Amarga nalika lair Tetuka awujud raksasa (buta), Raden Werkudara lan para sedhereke
Pandhawa ngrasa isin, amarga Tetuka awujud raksasa lan tali pusare durung pedhot-pedhot.
Banjur para Pandhawa lima padha ngupaya kepriye carane bisa ngubah Tetuka dadi wujud
manungsa biasa lan medhot tali pusare Tetuka kuwi. Kanggo ngrampungake masalah iki banjur
Arjuna diutus kanggo njaluk pitulungane para Dewa kanthi cara semedi njaluk petunjuk para
Dewa. Ing wektu kang padha, Panglima perang Kurawa yaiku Karna uga nglakoni semedi njaluk
senjata pusaka marang Dewa.

Kaprasahan lan Kekhusyukan semedi kang dilakoni Arjuna iku bisa dadekake goncange
kahyangan, saengga Dewa gawe kaputusan bakal menehi pusaka kanggo medhot tali pusare
Tetuka, saengga ari-arine bakal pedhot saka awake. Banjur Bathara Narada diutus kanggo
menehake senjata Kunta wijayadanu marang Arjuna. Ing kene kedadean anane kakeliruan,
Bathara Narada ora bisa bedakake antarane Arjuna lan Karna kang padha nglakoni semedi.

Amarga saka Bathara Narada kang ora bisa bedakake Arjuna lan Karna, akhire Bathara Narada
menehake senjata marang Karna. Nalika ngerti yen kliru, Bathara Narada banjur cepet-cepet
goleki Arjuna lan ngutus Arjuna njaluk senjata Kunta wijayadanu marang Karna. Ora suwe
Arjuna wis ketemu Karna lan njaluk senjata Kunta wijayadanu marang Karna. Nanging Karna
ora gelem menehake senjata Kunta, banjur ndadekake perang tanding antarane Arjuna lan Karna.
Ing perang mau akhire Arjuna bisa ngrebut sarung pusaka, nanging senjatane isih digawa mlayu
Karna.

Arjuna mulih kanthi gawa sarung/warangka senjata Kunta wijayadanu. Senjata mau pancen
sekti, karo sarunge wae bisa medhot tali pusare Tetuka. Nanging anehe sarung senjata mau
mlebu ing jero awake Gathut Kaca. Sawise iku Kresna ngramalake kadadean kasebut, bilih
besok Gathut Kaca bakale mati ing tangane kang duwe senjata kasebut.

Ing wektu iku kahyangan para Dewa lagi ngadepi masalah gedhe. Patih Sekipu lan bala tentarane
ngobrak-abrik kahyangan amarga diutus Prabu Kala Pracona. Para Dewa kalah banjur Sang
Hyang Bathara Prabu ngutus para Dewa supaya golek jago kang bisa ngalahake Sekipu lan Kala
Pracona. Akhire Bathara Narada diutus ngubengi jagad raya, menawa ana satriya kang khusyuk
semedine, saengga bisa ngalahake Patih Sekipu lan Prabu Kala Pracona.
Satriya Pandhawa ing wektu iku lagi khusyuk semedine njaluk marang Dewa supaya ngubah
wujud Tetuka kang wujud raksasa. Amarga semedine kang kanthi temenan iku, bisa ngubah
langit dadi peteng, gunung-gunung padha obah, segara asat amber, lan jagad gonjang-ganjing,
sarta udan salah mangsa. Saka kadadean iku Bathara Narada ngerti yen ana manungsa kang
khusyuk semedi njaluk marang Dewa supaya maksude dikabulake Dewa.

Bathara Narada banjur gugah semedi para Pandhawa. Nanging Bathara Narada njaluk marang
para Pandhawa menehake bayi Tetuka marang dheweke supaya didadekake jago nglawan Patih
Sekipu lan Prabu Kala Pracona kang wis ngrusak kahyangan. Sawise entuk ijin saka Pandhawa,
bayi Tetuka digendhong digawa mabur dening Bathara Narada ing Kahyangan.

Nanging Sekipu lan Kala Pracona ora gelem nglawan bocah cilik. Akhire, Bathara Narada
nggawa Tetuka marang ahli senjata pusaka Empu Ramadi. Sang Empu siap nempa Tetuka
supaya siap tanding karo Sekipu lan Kala Pracona. Banjur Tetuka digowo ing kawah
Candradimuka, dilebokake ing kawah bebarengan karo kabeh pusaka ampuh.

Balunge digawe saka wesi. Drijine saka gunting, telapakane saka pacul, brengose saka kawat.
Sawise iku banjur dijipuk maneh saka kawah. Tetuka ora awujud bayi, nanging awujud pamuda
kang wis dewasa nanging durung bisa ngomong. Banjur diobati supaya bisa ngomong. Tetuka
diwenehi jeneng lengkap, yaiku Gathut Kaca lan Kacanagara.

Dening Bathara Guru diwenehi 3 busana pusaka. Kang kapisan Caping basunanda, supaya yen
udan ora teles lan yen panas ora kepanasen. Kang kaping pindo, kotang antakusuma, supaya bisa
mabur tanpa elar. Kang kaping telu, selaput pada, supaya yen mabur ing duwur lemah bisa lancar
tanpa gangguan angin.

Dening Bathara Narada, Gathut Kaca banjur ditemokake karo Kala Pracona. Kaloro-lorone pada
perang. Kabeh Dewa Dewi ndelok perang tanding iku. Kabeh padha ngarepake Gathut Kaca
menang lan bisa balekake katentraman ing kahyangan. Akhire sawise tarung, Gathut Kaca bisa
ngethok sirahe Kala Pracona.

You might also like