You are on page 1of 3

Crita Legenda : Dumadine Rawa Pening

Dumadhine Rawa Pening


Ing gunung Merbabu ana Pandhita tarak brata, kagungan putra kang salah kedaden awujud
naga. Naga mau sangsaya mundhak gedhe. Nuju sawijine dina naga mau mara menyang
pratapane Sang Pandhita, ngaku menawa putrane.Sang Pandhita banget anggone kewuhan ing
penggalih. Wusana ngendika mangkene, “Eh naga, elok temen kowe yen ngaku anake manungsa,
Ewa semono aku iyo gelem ngakoni anak marang sira menawa gelem tapa nglekeri gunung
Merbabu iki kongsi tepung gelang, yen sira bisnyakepi gunung iki iya dakaku anak temenan.”
Kacarita naga mau banjur nglekeri gunung Merbabu. Saking suwene anggone tapa, awake
dirambati oyot-oyodan nganti ora katon wujude naga. Suwene pethithing buntut arep
digathukake karo sirahe isih cupet, ilate banjur dieletke supaya bisa gathuk karo buntut. Wusana
Sang Ajar priksa, ilat ditigas, lan kethokan ilat mau dadi wesi nuli kinarya gegaman dening Sang
Ajar. Naga mau tumekeng tiwas, awake sangsaya suwe sangsaya ora katon amarga saking akehe
rerungkudan.
Ing sawijining wektu, wong-wong padhusan padha mbeburu kewan alas, arep kanggo
wilujengan besih dusun. Meh sedino muput ora antuk gawe, terus padha ngaso lungguhan ing
sangisoring wit gedhe. Ana salah sawijine wong kang kethok-kethok kayu landhesan oyod
gedhe. Saiba kagete dene oyod mau ngetokake rah. Kanca-kancane padha gawok, sarta duwe
pandunga menawa kang metu rahe iku ula gedhe.
Tinimbang ora anthuk kewan alas, antuk ula gedhe iya lumayan. Wong-wong mau banjur
pada mbruncah ula, daginge digawa mantuk kapasrahake menyang daleme Pak Bayan.
Esuke ing daleme Pak Bayan wong-wong wadon pada rewang olah-olah, marga sorene
arep wilujeng bersih dusun. Suksmane ula mau memba-memba bocah lanang, mara menyang
daleme Pak Bayan njaluk sega karo iwak, nanging ora dir ewes babar pisan. Ana sawijine wong
wadon tuwa sing welas marang bocah mau, banjur menehi sega lawuh iwak. Bocah lanang mau
seneng banget, saking rasa panarimane, banjur meling marang Simbah Wedok mangkene, “Mbah
mangke badhe wonten bena ageng, sampeyan sedhiya lesung kalih enthong, lesung kangge prau,
enthongipun kangge melahi”.
Bocah lanang mau bareng wis wareg, banjur menyang latarnancepke sada ing lemah, ing
kono akeh bocah liyane sing pada ngrubung. Bocah sing duwe sada mau kandha mangkene, “
Ayo, sapa bisa mbedhol sadaku iki? “akeh bocah sing padha nyoba genti-genten mbedhol,
nanging siji-siji ora ono sing kuwawa. Wong-wong ing pendhapa bareng krungu bocah-bocah
ngguyu ger-geran banjur padha metu. Wusana wong-wong mau padha melu nyoba mbedhol,
nanging yo ora anak sing kuwawa. Bocah kang duwe sada nuli kandha, “Yen ora ana sing
kuwawa mbedhol, endi dak bedhole dhewe!”.
Sawise saa kebedhol, tilase sada mau mancur banyu. Banyu mili gumbrojog, sangsaya
suwe nuwuhake banjir, wong sadhusun pating jerit ora karuwan polahe, wusana padha mati
keblabak banjir. Nanging ana siji slamet merga numpak lesung, yaiku wong tuwa wadon kang
menehi sega bocah lanang mau. Papan kang kebanjiran kasebut nganti seprene dadi rawa,
ingaran Rawa Pening, kang pinangka tuk sumbere kali Tuntang.

Struktur Obyektif Cerita Terjadinya Rawa


Pening
1. Judul Terjadinya Rawa Pening
2. Tema Perjuangan hidup
seseorang
3. Alur Maju
4. Tokoh:
-protagonis -Baru Klinthing, Endang
Sawitri, Ki Hajar
Salokantara.

-antagonis Penduduk desa Pathok.

5. Perwatakan
-protagonis -penyabar.

-antagonis -sombong, serakah.

6. Setting -sebuah pedesaan di Jawa


Tengah (Desa Ngasem).
7. Sudut Pandang Orang pertama pelaku uta

You might also like