You are on page 1of 12

MACAPAT

A. NGRIPTA TEMBANG MACAPAT


1. Nemtokaken jejer (teé ma)
2. Milih jinisipun tembang macapat (Dhandhanggula, Pangkur, Sinom lan sapanunggilanipun)
3. Pangripta kedah nguwaosi guru gatra, guru wilangan, guru lagu saben sapada ing sekar.
4. Milih tembung-tembung ingkang eé ndah (deé deé tembung padintenan) kadosta dasanama, eé ntar,
sandiasma, lan sapanunggilanipun
5. Kanggeé njumbuhaken kaliyan guru wilangan saged ngginakaken tembung garba, daya sastra,
plutan, wancahan, uluran.
6. Kangge njumbuhaken guru lagu saged ngginakaken baliswara inggih punika pamaliking
tembung ing tembang, kadosta Anoman malumpat sampun (kedahipun Anoman sampun
malumpat) lan sapanunggilanipun.(Kapethik saking warni-warni sumber)

B. Watak Tembang Macapat

No. NamaTembang Guru Guru Wilangan lan guru Lagu Watak lan Panganggeé nipun
Gatra
1. Mijil 6 10i,6o,10e,10i,6i,6u Wetuning rasa, mituturi, kanggeé
medharaken bukaning cariyos utawi
mangayu bagya
2. Kinanthi 6 8u,8i,8a,8i,8a,8a (8i) Awatak seneng tresna lan asih
3. Sinom 9 8a,8i,8a,8i,7i,8u,7a,8i,12a Awatak grapyak, renyah lan sumanak
4. Asmaradana 7 8i,8a,8e,8a,7a,8u,8a Awatak sedhih, sengsem, prihatin
5. Dhandhanggula 10 10i,10a,8e,7u,9i,7a,6u,8a,12e Keè wes, luwes lan resep
(12i),7a
6. Gambuh 5 7u,10u,12i,8i,8a (8u,8o) Awatak wani wanuh, kulina lan raket
7. Maskumambang 4 12i,6a,8i,8a Awatak nalangsa, kanggeé medharaken
raos prihatin
No. NamaTembang Guru Guru Wilangan lan guru Lagu Watak lan Panganggeé nipun
Gatra
8. Durma 7 12a,7i,6a,7a,8i,5a,7i Awatak galak, nantang, nesu lan
muntab
9. Pangkur 7 8a,11i,8u,7a,12u,8a,8i Awatak sereng, kejem lan nantang
10. Megatruh 5 12u,8i,8u,8i,8o Awatak sedhih, kanggeé medharake
raos memelas, getun, prihatin
11. Pocung 4 12u,6a,8i,12a Awatak kendho tanpa greget, kanggeé
medharaken, lan sembranan

C. Sasmita ing Sekar Macapat

1. Mijil : Wijil, mijil metu, miyos.


2. Sinom : Srinata, roning kamal, kanoman, ngenomi, anom, taruna
3. Kinanthi : Kinanthi, kekanthen, gandheng, ginandheng, kanthi.
4. Asmaradana: Kasmaran, asmara, brangti, brangta, kingkin, wuyung.
5. Dhandhanggula : Sarkara, manis, memaniseé , artati, dhandhang.
6. Pangkur : Wuri, mungkur, wuntat, yuda kenaka.
7. Durma : Mundur, ngunduri,durmaka, durcala.
8. Pocung : Kaluwak, pocung, wohing pocung
9. Gambuh : Nggambuh, tambuh, tumambuh.

1
10. Megatruh : Pegat, duduk, anduduk.
11. Maskumambang : Kumambang, keé ntir, timbul.
i. Timbulipun Sekar Macapat
Sekar Macapat sampun wonten nalika jaman Majapahit, nanging sakalangkung enem
tinimbang sekar Tengahan. Manut Tedjohadisumarto, sekar macapat karipta dening Prabu
Dewawasesa alias Prabu Banjaransari taun jawi 1191 utawi 1269 masehi (Prawiradisastra,
1997:101). Ngantos samenika sekar macapat taksih lestari. Menika nedahakane daya
keadiluhunganing kagunan. Menawi boten adiluhung, boten badhe saged lestari. Boten wonten
seni budaya ingkang saged lesatri ngantos 10-an abad menawi boten ngandhut daya linuwih.
Antawisipun sekar Tengahan kaliyan Macapat paugeranipun meh utawi sami inggih
menika guru gatra, guru wilangan, saha guru lagu. Awit saking menika R. Ng. Poe
rbatjaraka mastani menawi sekar Macapat menika boten wonten. Ingkang wonten inggih
sekar Tengahan enem. Dipunwastani sekar Tengahan awit mawi paugeran kasebat.
Dipunwastani enem awit nggindakaken basa Jawa enggal. Sekar tengahan limrahipun winastan
kidung (Rejomulya, 1998: 15).
Wonten ingkang gadhah pamanggih, badheya kados pundi tetep prelu dipunbedakaken
antawisipun sekar ingkang mawi basa Jawi Tengahan kaliyan basa Jawi enggal, sanajan
paugeranipun tembang sami (kapriksanana tembang Tengahan Wirangrong, Girisa; rumiyin
Gambuh kaliyan Megatruh kalebet sekat Tengahan (Atmadarsana, 1956: 51). Rehning sampun
wonten sekar ageng, sekar tengahan, lajeng timbul nama sekar alit utawi sekar macapat.
1. Paugeran Anggitan
Kajawi paugeran sekar kados guru gatra, guru wilangan, saha guru lagu, ugi wonten
paugeran caranipun nganggit sekar. Paugeran anggitan inggih menika caranipun nganggit
sekar macapat. Ingkang magepokan kaliyan paugeran anggitan antawisipun.
a. Baliswara
Inggih menika rerangkening tembung ingkang nyebal saking paugeran awit kangge
njangkepi guru lagu. Upaminipun:
1) Anoman sampun malumpat dados Anoman malumpat sampun (sekar kinanthi gatra
kapisan)
2) antut runtut bisa momong dados antut runtut momong bisa (sekar dhandhanggula
gatra 8)
b. Daya sastra
Daya sastra inggih menika ngicali akrara irung (hanuswara) kangge njangkepi guru
wilangan. Daya sastra limrahipun dumados ing sekar macapat seratan Jawi.
sem\guguk/ nbD;b`stTekdLru`,
ket`<g\><w`><hdn/
bluxusTnWU[?hi`hisin/

2
l?rskN<yP[<pT`wisMtkHj\.

‘Semar (ng)guguk, nabda: bangsat teka dlarung,


Ketanggor wong nekad,
(m)baludhus tan wruh ing isin,
Lah rasakna yen prapteng wisma tak ajar.
c. Plutan
Plutan inggih menika ngringkes tembung kangge ngirangi guru wilangan.
Upamnipun: seru --> sru, melas --> mlas, liyan --> lyan,
weruh --> wruh
d. Wancahan
Wancahan inggih menika ngicali wanda kangge nyuda guru wilangan. Limrahipun wanda
ngajeng ingkang dipunicali.Upamnipun: agung --> gung, ingkang --> kang, aywa --> ywa.
e. Uluran
Uluran menika kosok wangsulipun plutan kaliyan wancahan. Menawi plutan saha
wancahan kangge ngirangi guru wilangan, dene uluran menika kangge nambah wanda.
Caranipun kanthi nambah ater-ater /a/, /ma/ utawi /hanuswara: nya, ma, nga, na/.
Upamnipun:
nangis --> anangis
ngetan --> mangetan
mijiki --> hamijiki
f. Sandi utawi garba
Sandi utawi garba inggih menika manunggalaken kalih tembung ingkang mahanani luluh
utawi ewahin aksara swara (vokal). Ginanipun kangge ngirangi guru wilangan saha damel
endah basa susastra. Upaminipun:
nara + iswara --> nareswara
ratu + agung --> ratwagung
lebda + ing --> lebdeng
g. Sandiasma
Sandiasma inggih menika asmanipun panganggit ingkang dipunsingitaken ing salebeting
sekar. Sandiasma saged mapan ing awal pupuh, awal pada, awal gatra, pedhotan, wanda
awal tembung, gatra, akhir gatra.

Upamanipun: Sekar Dhandhanggula (ing Serat Aji Pamasa)

RA-cikaning sarkara kaesthi,


DEN-nya kedah memardi mardawa,

3
NGA-yawara puwarane,
BE-la belaning kalbu,
I-nukarta niskarteng gati,
RONG-as rehing ukara
GA-garanirantuk,
WAR-ta wasitaning kuna,
SI-nung tengran, “sembah trus kaswareng bumi”
TA-litining carita

h. Sengkalan
Sengkalan inggih menika tetenger taun ingkang sinawung ing tembung-tembung
salebeteing sekar. Kados ing sekar dhandhanggula kasebat wonten sengkalan “sembah
trus kaswareng bumi” . Tembung sembaH = 1, trus = 9, kaswareng = 7, bumi = 1.
Caranipun nyusun angka dipunwalik. Sengkalan sembah trus kaswareng bumi = 1791
TEMBANG MACAPAT

A. JINISIPUN TEMBANG

Miturut periodenipun sastra tembang kaperang dados tiga:


1. Kasusastran Jawi Kina sekaripun nama kakawin,pangriptanipun kasebat kawi
(sang kawi). Kakawin menika wirama, kaiket wewaton (aturan), basanipun Jawi
Kina (kawi), sakawit kakawin ingkang baken abasa kawi (sanskerta), ingkang
sinawung ing sekar.
Tuladha: kakawin Arjuna wiwaha, Negarakrtagama, Ramayana, Bharata Yudha
lsp.
2. Kasusastran Jawi Tengahan sekaripun nama kidung.
Kidung menika sekar ingkang cakepanipun abasa Jawi Tengahan (kawi miring).
Tuladha: kidung Subrata, Sundayana, Harsawijaya lan sapanungilipun.
3. Kasusastran Jawi Enggal sekaripun wujud sekar Ageng lan sekar Tengahan.
a. Sekar Ageng.
Paugeranipun Sekar Ageng (Tembang Gedhe):
 Saben sapada (satembangan) dumadi saking sekawan pada lingsa,
ingkang limrah dipunwastani padapala.
 Kalih pada pala dipunwastani sapadadirga.
 Sekawan pada pala (kalih pada dirga) dipunwastani sapadeswara
(pada iswara)
 Saben pada pala cacahing wanda sami. Cacahing wanda saben
sapada pala menika kawastanan “laku” utawi “lampah”.
Tuladha: Mintajiwa, Kumudasmara, Citramengeng lsp.
b. Sekar Tengahan.
Paugeranipun Sekar Tengahan:
 Cacahing gatra saben sapada sampun tartamtu.
 Cacahing larik saben sapada kawastanan guru gatra.

4
 Cacahing wanda saben sagatra kawastanan guru wilangan.
 Tibaning swanten ing pungkasanipun gatra kawastanan guru lagu.
Tuladha:

Nama Guru Gatra


Tembang I II III IV V VI VII VIII IX
Lonthang 12a 12a 12a
Balabak 15e 15e 15e
Girisa 8a 8a 8a 8a 8a 8a 8a 8a
Wirangrong 8i 8o 10u 6i 7a 8a
Jurudemung 8a 8u 8u 8a 8u 8a 8u
Palugon 8a 8a 8o 8u 8o 8a 8u 8o
Pranasmara 8a 12e 12e 8a 8a 8i
Pangajabsih 12u 8i 12u 12u 12u 8a 8i 6u 8a

c. Sekar Alit (Macapat)


Menapa Sekar Alit (macapat)? Wonten pinten-pinten pangertosan sekar
macapat.
1) Kathah ingkang mastani bilih sekar macapat menika sekar ingkang
anggenipun maos pamedhotanipun sekawan-sekawan wanda. Menawi
boten jangkep sekawan-sekawan wanda, urut saking awal gatra kawaos
sekawan wanda kalajengaken tirahanipun wanda.. Umpami:

“Bapak pocung/ dudu watu/ dudu gunung/ :4–4–4


Asal saka/ Plembang/ :4–2
Ngon-ingone/ sang bupati/ :4–4
Yen lumampah/ si pocung lem-/ beyan grana/” :4–4–4

Nanging pamedhot ingkangsekawan-sekawan wanda wau nuwuhhaken


perdondi antawisipun lagu kaliyan wanguning suraos. Menawi
pamedhotipun ngepas akhiring tembung botendados prekawis kadosta ing
sekar Pocung: bapak pocung, dudu watu, dudu gunung, asal saka, ngon-
ingone, sang bupati, yen lumampah. Ing sekar gambuh: aja nganti, barang
polah, ingkang nora, yen kebanjur. Cara pamedhoting tutur/ lagu kados
mekaten sinebat pedhotan kendho. Ing pedhotan kendho, eca
dipunpirengaken ugi dipunsuraos maknanipun. Kosok wangsulipun
wonten pedhotan kenceng. Pedhotan kenceng inggih menika cara tutur/
lagu ingkang medhot wandanipun tembung. Umpami ing sekar pocung: si
pocung lem-, ing sekar gambuh: sayekti ko-, becik ngupa-, pitutur ing-.

Pamrayogi:
a. Menawi sekar macapat kalagokaken kanthi maos, saenipun ngangge
pedhotan kendho. Caranipun nglagokaken sekar kanthi lagu maos
dipunsebat dhendha kerata.
b. Menawi sekar macapat kairing gendhing (sekar gendhing),
kalagokaken miturut wiramaning gendhing.

5
2) Wonten ingkang mastani sekar macapat menika sekar ingkang
anggenipun maos cepet. Pocapan maca cepet dados macapet. Rehning
macapat boten wangun tumrap kaendahaning suwanten vokal, pocapan
dados macapat. Tuladhanipun:
a. Jaman rumiyin menawi raja nembe sinau bab olah keprajan. Sang
raja cekap dhawuh dhateng abdinipun supados maosaken buku-buku
karya sastra para pujangga utawi karyanipun sang raja piyambak.
b. Macapatan ing pasamuan, umpami: ing wiyosan (kelairan bayi),
sepasaran,selapanan utawi ing pengetan-pengetan dinten menapa
kemawon kadhang kala wonten macapatan.
c. Samenika taksih kathah paguyuban macapatan, umpami: ing hotel
Garuda, Sanabudaya, Dalem Kepatihan lan sapanungilipun.

3) Wonten ingkang mastani sekar macapat ugi kawastanan maos sekar


ingkang kaping sekawan, kanthi dhasar menika:
a. Maos sekar I : maos sekar ageng sapadeswara (sapada utawi kali
padadirga)
b. Maos sekar II : maos sekar ageng sapadadirga(kalih padapala
utawi kalih gatra).
c. Maos sekar III : maos sekar tengahan
d. Maos sekar IV : maos sekar macapat
(nara sumber: Kusnadi adhedhasar Mardawalagu)

B. NAMANING SEKAR MACAPAT

Kangge pangemut-emut sekar macapat (11 sekar) kados dene nggambaraken


cakramanggilinganing tiyang (daur hidup), saking lair ngantos pejah.

NO. NAMA TEMBANG WERDI UTAWI MAKNA

1. Mijil Bayi lair

2. Kinanthi Bayi tansaya ageng prelu dipuntuntun


3. Sinom Tuwuh dados remaja, enem (enom)
4. Asmaradana Menawi enem nandhang asmara

5. Dhandhanggula Asmara menika endah,manis

6. Gambuh Asmara ing nyawiji (gambuh) mangun keluwarga

7. Maskumambang Gesang tansaya sepuh, penggalihipun dereng menep


antawisipun nepsu kadonyan lan akherat, taksih

6
kambang-kambang

8. Durma Penggalihipun wiwit condhong dhateng kepentingan


ukhrowi utawi akherat

9. Pangkur Yuswa sepuh, penggalihipun tansaya ngungkuraken


kadonyan

10. Megatruh Tiyang seda menika pegat/ pedhot ruh/ nyawanipun

11. Pocung Mayit dipunbuntel dados pocung

C. PAUGERAN SEKAR MACAPAT

Paugeran sekar macapat wonten tiga:


1. Guru gatra : cacahing larik/ gatra saben sapada
2. Guru wilangan : cacahing wanda saben sagatra
3. Guru lagu : dhawahing suwanten vokal ing akhir gatra (dhong-dhing)

No. Namaning Sekar Paugeran

1. Mijil 10i, 6o, 10e, 10i, 8i, 6u


2. Kinanthi 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
3. Sinom 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
2. Asmaradana 8i, 8a, 8e/o, 8a, 7a, 8u, 8a

3. Dhandhanggula 10i, 10a. 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a

6. Gambuh 7u, 10u, 12i, 8u, 8o


7. Maskumambang 12i, 6a, 8i, 8a
8. Durma 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i
9. Pangkur 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a,8i
10. Megatruh 12u, 8i, 8u,8i, 8o
11. Pocung 12u, 6a, 8i, 12a

A. Kasusastran ing salebetipun ing gendhing:


1. Cakepan inggih punika syair, tetembungan ingkang dipunangge ing tembang.
2. Cengkok inggih punika Lak – luking swanten kangge nglagokaken tembang.
3. Gendhing inggih punika swara lelagoning gamelan

7
4. Gamelan punika Piranti karawitan kangge ngiringi tembang. Kadosta ; bonang,
kendhang, gong kempul, gender, gong gedhe, peking, demung, saron, kenong,
slenthem, gambang, rebab, siter, lan sapanunggilipun.
5. Laras punika rasa thinthinganipun swanten andhap ngantos swanten inggil.
6. Titi laras punika angka minangka gentosipun laras ( swanten andhap tekan
swanten inggil).
7. Pathet punika ukuran andhap lan inggilipun swanten kangge nglagokaken
tembang.
8. Pedhotan punika pamedhoting swanten ing tengahing tembang ing saben larik.
9. Senggakan punika unen – uen mawi lagu ing satengahing tembang ingkang
binarung swaraning gendhing / pradangga
10. Swarawati punika waranggana, pesindhen, penyanyi putri.
11. Wiraswara punika penyanyi kakung
12. Gerong punika tembang ingkang dipunlagokaken sareng kaliyan gamelan kangge
nyarengi gendhing, wondene ingkang gerong para wiraswara / pradangga.
13. Sindhenan punika tetembangan kang dipunlagokaken dening waranggana utawi
pesindhen binarung swaraning gamelan / lelagoning gendhing.
14. Irama punika ukuran rindhik rikating penabuhing gamelan.
15. Bawa punika tembang ingkang kangge bukani gendhing utawi miwiti gendhing
tanpa tabuhan.
16. Buka punika tetabuhan kangge bukani gendhing.

Amrih gampil anggenipun ngemut-emut nama saha urutaning sekar Macapat.


Saleresipun sekar macapat menika nggambaraken lampahing gesang manungsa saking
lair ngantos seda (daur hidup).
NGRIPTA MACAPAT

Kanggé ngripta sekar macapat temtu kémawon kedah mangertosi paugeraning sekar
macapat, ing antawisipun guru gatra, guru wilangan, saha guru lagu ing saben sekar.
Pramila boten nama gampil menawi ngripta sekar macapat, awit sedaya kedah
kaselarasaken kaliyan paugeranipun. Kanggé njumbuhaken riptan kaliyan paugeran,
pramila pangripta kedah mangertosi bab-bab ingkang asring kaginakaken déning para
pujangga rikalanipun ngripta sekar.

1. Baliswara

inggih punika rerangkèning tembung ingkang nyebal saking paugeran awit


kanggé njangkepi guru lagu
Tuladha:
Anoman sampun malumpat
Anoman malumpat sampun (kinanthi)
2. Daya sastra

inggih punika ngicali aksara irung (hanuswara) kanggé njangkepi guru wilangan.
Daya sastra limrahipun dumadi ing sekar Macapat seratan Jawi.
Tuladha:

8
Ing Serat Abimanyu Kèrem
Semar (ng)guguk, nabda:”Bangsat teka n(dlarung), katanggor wong
nékad, (m)baludhus tan wruh ing isin, lah rasakna yèn praptèng wisma
tak ajar.
3. Plutan saha Wancahan

inggih punika ginanipun kanggé ngirangi guru wilangan amrih jangkep. Plutan:
sru, mlas, lyan, wruh. Wancahan: gung, kang, ywa.
4. Uluran

inggih punika mimbuhi aksara hanuswara, vokal a, utawi ma. Kados (m)bludhus
dados (m) baludhus, nangis dados anangis, mijiki dados hamijiki, lsp. Uluran
kanggé mimbuhi guru wilangan amrih jangkep.
5. Tembung garba,

inggih punika tembung ingkang kedadosan saking kalih tembung lan


kadadosaken setunggal kanthi nyuda cacahing wandanipun.
Rikalanipun ngripta sekar kala mangsa manggihaken tembung ingkang
wandanipun kekathahen dados boten jumbuh kaliyan guru wilanganipun. Pramila
kanggé njumbuhaken guru wilangan saged nyuda cacahing wanda kanthi
kadadosaken tembung garba.
Wusnya prapta ing pasamuanèki. Menawi ukara punika kaétang wandanipun
wonten 11, kamangka namung betah 10 wanda. Pramila kedah wonten ingkang
dipunsuda, dadosipun:
Wusnya praptèng pasamuanèki
6. Sandiasma

inggih punika asmanipun panganggit ingkang dipunsingitaken ing salebeting


sekar. Sandiasma saged mapan ing wiwitaning pupuh, wiwitaning pada,
wiwitaning gatra, pedhotan, wanda wiwitaning tembung, gatra pungkasan.
Tuladha: ing Serat Ajipamasa
Racikaning sarkara kaèsthi
Dènnya kedah mamardi mardawa
Ngayawara puwarané
Béla bélaning kalbu
Inukarta niskarèng gati
Rongas rèh ing ukara
Gagaranirantuk
Warta wasitaning kuna
Sinung tengran sembah trus kaswarèng bumi
Talitining carita.
7. Dasanama,

inggih punika tembung-tembung ingkang nggadhahi teges sami, menawi wonten


ing basa Indonesia kasebut sinonim.
Rikalanipun ngripta sekar, manggihaken tembung ingkang boten jumbuh kaliyan
guru wilangan lan guru lagunipun, tembung kala wau saged kagantos kanthi
tembung sanès ingkang nggadhahi teges sami. Tuladhanipun badhé ngripta

9
Dhandhanggula. Ing gatra 1 guru wilanganipun wonten 10 lan guru lagunipun i,
ukara ingkang kapanggihaken ingkang sakawit:
awit saking soroting sang surya
Guru wilanganipun sampun 10, ananging guru lagunipun a. Kanthi makaten
kedah madosi tembung ingkang tegesipun sami kaliyan surya, dadosipun:
Awit saking soroting sang rawi
Tuladhanipun dasanama:
Srengenge : surya, rawi, bagaskara, bagaspati, pratanggapati, baskara
Rembulan : sasangka, wulan, badra, sitamsu, sasadara, sasi
Lintang : wintang, taranggana, sudama
Banyu : we, tirta, toya, ranu,
Anak : atmaja, sunu, putra, siwi, yoga
Lsp.
8. Sengkalan

inggih punika tetenger taun ingkang sinawung tembung salebeting sekar. Kados
sengkalan ing nginggil “Sembah trus kaswarèng bumi”= (1791).
9. Sasmitaning Tembang/Sekar

Namaning sekar boten mesthi kaserat, ananging sampun kaemot ing gatraning
sekar kasebut saé ing gatra sepisanan utawi gatra pungkasan saben pupuhipun.
Namaning sekar asring boten cetha utawi cumeplos, nanging sinawung ing sekar,
klempakaning tembung utawi ukara. Tembung, klempakaning tembung utawi
ukara ingkang nedahaken namaning sekar kasebut sasmitaning tembang/sekar.
Tuladha sasmitaning tembang miturut R.S. Subalidinata ing antawisipun:

a. Sasmitaning sekar Pocung:


Bapak Pocung dudu watu dudu gunung, ..................
kang pinucung sakawit met dongèngipun, ...................
kadi ancung raras pangiketing kidung, .................
.................... tur wus manggon pamucungé mring makripat
.................... amucung ingampil gadhing
.................... ywa kaya pucung kaluwak
b. Sasmitaning sekar Maskumambang:
Kambang-kambang kumambang dènira nganggit, ................
...................., lir mas tumimbul ing warih
...................., manahira lir mas tumimbul ing toya.
c. Sasmitaning sekar Mijil:
Wijiling kang pangripta murwani, .................
pantes sinekaran raras ati, .............
wuryaning rèh njajah mikatoni, ...............
...................., prabawa wijiling tapa.
...................., nyimpen wadi ywa kawijil
...................., tiba bet nyawané mijil
d. Sasmitaning sekar Kinanthi
Kanthi harsayèng kayun, .......................
Kinanthi sujanma idhup, ........................

10
Mangka kanthining tumuwuh, ..................
e. Sasmitaning sekar Durma:
Mundur dadi weruh tataning karawitan, ..............
......................, ayo aja na ngunduri
......................, aja na mundur ing kéwuh
......................, tan nedya mundur ing prang
f. Sasmitaning sekar Asmarandana:
Kasmaran duk aningali, ......................
werdining asmara kingkin, ....................
Rarasing rèh nawung brangti, ........................
........................., sira ja brangta kingkin
........................., asmara mring sasmita
........................., brangtaa ing ngèlmu
g. Sasmitaning sekar Pangkur
Kapungkur rèh ing sujana, ..............
Mingkar-mingkur ing angkara, ...............
Sekar pangkur kang winarna, ...............
........................, ingsun kula wisudha sapungkurira
........................, ingkang yuda kenaka
........................, kapungkur dhahar néndra
........................, wus mungkur ig kamulyan
h. sasmitaning sekar Sinom:
Sesinoming tyas kandhuhan, ..................
Raras sesinoming kenya, ...............
Dèn titi wong anom sira, .................
Pindha taru tumaruna, ...................
Sumping sekar roning kamal, ...............
........................, anuli paringa gupuh, ywa pakéwuh roning kamal

........................, ywa nganggo budi nonoman


........................, ing sabda srinata mudha
i. Sasmitaning sekar Dhandhanggula:
Tabuh sapta nudya buda manis, .....................
Purwaning rèh sarkara winangsit, .......................
Winardi ring sekar madu manis, ................
purwaning rèh rinenggèng hartati, ...................
Kaga kresna purwaning makarti, ...............
........................, ciptanira ndhandang nuli praptèng praja
........................, ngupayaa kawruh manis
........................, pantes lamun dados memanising praja
j. Sasmitaning sekar Gambuh:
Tyas mirong murwèng gambuh, ...........................
Kadi ingkang wus gambuh, .....................
Sekar gambuh ping catur, ..................
........................, kang gambuh karya usada
........................, tangèh nedya anggambuh mring Hyang Wasésa
k. Sasmitaning sekar Megatruh(Dudukwuluh)
Lir anduduk dadakan dènira ngidung, .................

11
Megat marang rarasing rèh kang sinerung, ................
sasat mangsa katri katengga ing truh, ..................
..............................., megatruh raosing galih
..............................., gampil angel amegat jiwaning janma

Caranipun ngripta sekar:


a. Nemtoaken tema utawi jejer
b. Kedah milih lan netepaken sekar/tembang ingkang badhé karipta .
c. Mangertosi paugeranipun sekar ingkang badhe karipta, kadosta guru lagu,guru
wilangan,guru gatra,pada,pupuh,watak lan sasmita.
d. Njumbuhaken tembung-tembung ingkang sampun kapilih kaliyan paugeraning sekar
(guru wilangan lan guru lagu)
e. Njumbuhaken tembung-tembung ingkang sampun kapilih kaliyan rerengganing sekar
(uluran,wancahan,plutan,sengkalan,daya
sastra,garba,baliswara,dasanama,rurabasa,saroja,entar lan sapanunggilanipun).

12

You might also like