You are on page 1of 2

Maling Sandal Sing Bingung

Ning sawijining dina Jum’at tepate ning dhusun kali asat, ana salah siji wong sing terkenal banget
dadi Maling. Wong mau jenege Paidin, paidin terkenal sering nyolong nang desane. Nanging nyolonge
udu barang sing mewah kaya TV, Pit Motor utawa lia-liane nanging nyolonge sandal jepite warga
dhusun kali garing utawa dhusun nang jejere dhusun kali asat.
Pas kue paidin arep beraksi maning dinane pas dina Jum’at pas warga lagi pada sholat jum’at,
dasar paidin batire pada sholat jum’atan deweke malah sibuk milihi sandal.
“Allahu akbar, Allahu akbar” tandane wis komat lan jemaah pada menyat arep sholat jum’at, pas
lagi pada sholat, paidin teka njur milih sendal sing apik. Mbuh nggo ngapa si paidin nyolong sandal,
Nah pas dina kue ana Sandal sekang kayu apik tenan sandal kue ana trotol-trotole utawane sendal
rematik. Jarene tanggane paidin, nek nganggo sandal rematik penyakit rematike bisa ilang. Nah pas
kemutan kue, paidin pengin gawa sendal kue sebab awake sering rematikan, tapi pas arep jikot sandal
kue ana sandal sing lewih apik lan lewih modern. Kayane iki sendale bocah enom, paidin banjur jikot
terus diemek, rasane alus lan kepenak. Nanging paidin kue maling sing konsisten dadine kudu milih
salah siji sandal mau.
Paidin bingung merga loro – lorone apik kabeh, pas lagi bingung paidin ra nyadar nek jamaah
masjid wis pada bubar. Pas paidin arep jikot salah siji sandal jamaah sing duwe sandal kue teka
“Ehhmm” Paidin kaget terus mlayu ora ulih apa – apa merga ketungkul bingung.
BALAPAN

Ing jaman saiki akeh bocah cilik ingkang pada iso nunggang motor. Salah sijine Aji ingkang ngumur
sewelas tahun utawa kelas lima SD. Amerga wis ngrasaake kepenake nunggang motor, dadi kebiasane
Aji yen dolan-dolan nganggo motor. Menawa miturut Negara sing oleh numpak montor iku tiyang kang
uwis anduweni SIM utawa Surat Ijin Mengemudi.
Ing wayah sore, Fatih kancane aji moro ing ngomahe.
“Ji, aji…aji….” Fatih bengak-bengok ing ngarep omahe Aji.
“ Woi…..dilit” suarane Aji saka njero ngomah.
Let sadela suara pating gedebuk kaya ana lindu dirasake Fatih .
“Wah…. Iki apa sek tak goleki,lagi ngopo Ji kok suwe banget?” pitakone Fatih marang Aji kang lagi
wae mlayu marani Fatih.
“He..he..he..he lagi wae madang, alhamdullilah wareg!!”
“Wuuuuu…..awak wae sing digedeke, pikiran ya digedeke !”calethune Fatih.
“ Kadingaren dolan sore-sore, ana apa?” pitakone Aji.
“Ayo Ji mubeng-mubeng nganggo motor. engko balapan wis, gelem ra?”jawabe Fatih karo cengar-
cengir.
“Ayo!!! paling sampeyan yo kalah mas bro.”
“Weh aja ngremehke,ngeneki aku wis tau juara balap karung jhe.”
“Apa hubungane ro ciduk???”
“Ha…ha..ha… dingo adus.” Jawabe fati karo nguyu cekikikan.
Sak banjure Aji mlebu ing garasi ngetoake motore. Treng…treng…teng….teng…teng…suarang motor
jet collede Aji lan Fatih kaya wajan kang ditutuki marang ibune aji Pas lagi duka.
“Siap rung tih?”pitakone Aji kang wos siap arep balapan.
“ Siap ndan.” Wangsulane Fatih
“Siji…loro…telu…”
Treng …..treng….teng….teng…..aji lan fatih pada banter-banteran numpak montorr mubeng ndesa.
Wong loro kuwi pada selip-selipan kaya balapan motor antarane Valentino Rossy lan lorenzzo.
Ana ing pertelon aji lali ora ngurupake klakson. Ora nyongko ing lawan arah ana bakul some. Aji kaget
banget,dheweke bingung lan gugup.
“Lik….lik….lik…awas”
Grubyuk,klonteng , tlepok-tlepok-tlepok. Some kang ana ing kwali pada menculat ing lemah. Praupane
Aji lan Fatih mbalek sak untara,dadi pucet kaya mayet kanga arep dikubur.
“kepriye tha le…? Nek numpak motor aja banter-banter. Daganganku temumplak kabeh , piye nek
ngeneki?”pituture bakul some.
“ Kula nyuwum pangapunten pak, sak estu kula mboten sengaja” jawabe Aji kang kaweden.
“Saiki daganganku uwis ora payu,amerga someku tak tumplakke. Kowe kudu ngijoli duit seket ewu”
“Injih pak, kula tetep tanggung jawab. Kula tak mantuk rumiyin mendet arta.”
Ahire Aji lan Fatih tarikan selawe ewu-selawe ewu kanggo ngijoli tukang some kang uwis ditabrak
sewau. Sakwise kajadian kasebut Aji lan Fatih uwis ora wani nupak motor banter-banter.

You might also like