Ing sawijining panggon, wonten criyos damel lare alit. Nalika
taksih alit kula seneng dolan, kondur dalu. Amargi seneng dolan, ibu dhawuh “le, lek mulih aja bengi-bengi, sampeyan engko di gondol wewe gombel lho.”. Kula jawab “menapa la bu kok digondol wewe lek mulih bengi?”. Ibu dhawuh “wewe iku seneng banget karo bocah cilik-cilik sing dolane sore-sore”.
Jaman kula taksih alit niku, kula taksih mboten pitados.
Mbenjinge kula dolanan kaliyan kanca-kanca kula ing lapangan. Namung, kula ditimbali ibu “le, lek mulih aja bengi-bengi” “ya bu”, kula jawab. Sontene, kula kondur, namung kanca-kanca kula taksih dolanan ing lapangan.
Mbenjinge, ing lapangan wonten rame-rame. Kula kalih ibu
dhateng ing lapangan. Ing lapangan wonten kanca-kanca kula kalih tiyang sepuh. Tibake kanca kula kang namane Agus di pun delikaken kalih wewe utawi genderuwo ing wit gedhang amargi Agus niku sampun Maghrib dereng kondur. Lajeng, kula kaliyan kanca-kanca kula mboten wantun kondur dalu.