You are on page 1of 2

Bathara Narada

S ang Hyang Narada utawa Bathara Narada iku putrane Sang Hyang Catur Kanwaka
lan Dewi Laksmi. Karana iku Narada uga sinebut Hyang Kanwaka Putra utawa Sang Hyang
Kaneka Putra.
Miturut andharan ing buku Ensiklopedi Wayang Purwa weton Balai Pustaka, ing
jagad pedhalangan Bathara Narada asale saka Kayangan Siddi Udhal-udhal. Dheweke duwe
sedulur telu yaiku Sang Hyang Pritanjala, Dewi Tiksnawati lan Sang Hyang Caturwarna.
Bathara Narada duwe sisihan aran Dewi Wiyodi. Ing palakramane kalawan Dewi
Wiyodi iku, Narada peputra Dewi Kanekawati kang sabanjure kapasrahake marang Resi Seta
putrane Prabu Matswapati, raja ing nagara Wirata. Saliyane Dewi Kanekawati, Narada uga
peputra Bathara Malangdewa.
Bathara Narada iku disuyudi dening sapa wae kang srawung kalawan dheweke. Iku
amarga Narada iku watake grapyak semanak. Narada uga kondhang, alim, pinter ing maneka
warna ilmu, jujur, atine resik, pikirane lantip, seneng gegojegan, prigel olah kaprajuritan
ananging uga temen-temen mandhita saengga antuk jejuluk resi. Saliyane iku praupane
Narada uga bagus.
Ing sawijining dina, nalika Narada mbangun tapa ing sandhuwure banyu samodra,
tangane nggegem sawijining cupu aran Linggamanik. Nalika iku Narada mertapa kanthi
pangajab antuk kasekten lan kawibawan kang luwih.
Patrape Narada iku kaweruhan dening Sang Hyang Manikmaya kang sabanjure teka
ing papan mertapane Narada. Sawise ketemu, loro-lorone banjur andon wasis maneka ilmu,
ananging Sang Hyang Manikmaya ora bisa ngasorake. Loro-lorone banjur prang tandhing
adu kekuwatan lan kasekten.
Wusanane Sang Hyang Kanekaputra bisa diasorake dening Manikmaya kanthi sarana
aji Kemayam saengga Kanekaputra malih rupa dadi cendhek awake lan ala praupane Wiwit
kedadeyan iku Sang Hyang Kaneka Putra pikantuk sebutan Narada. Sabanjure sinengkakake
minangka tuwangga utawa patih ing Suralaya.
Kabeh Dewa lan Dewaputra sujud lan manut marang Narada karana kalantipan lan
kapinterane. Malah Sang Hyang Manikmaya dhewe tansah pikantuk pituduh lan pamrayoga
saka Narada. Tanpa Narada ing Suralaya, Ngarcapada bakal tansah kisruh.
Kacihna akeh perkara kanggo ngatur Tribuwana lan racake uga angel ngudhari
maneka perkara iku, Bathara Narada tansah seneng atine ngadhepi maneka perkara iku lan
tansah kasil pikantuk dalan kanggo ngrampungi. Narada tansah bisa ngrampungi maneka
perkara kanthi pratitis.
Dening Batara Guru, Narada asring sinebut ”kakang”. Mula bukane nalika andon
wasis maneka rupa ngelmu, Bathara Guru tansah kalah saengga nuwuhake rasa nesu marang
Narada lan banjur nyepatani Narada.
Ananging karana Narada duwe ngelmu kang luwih dhuwur, dheweke banjur
sinengkakake minangka tuwangga utawa patih ing Suralaya lan dianggep luwih tuwa. Wiwit
iku Sang Hyang Manikmaya utawa Bathara Guru tansah nyeluk Narada kanthi sesebutan
”Kakang Narada”.
Ing crita liyane, nalika Bathara Narada sapatemon kalawan Bathara Guru, Narada
diece dening Bathara Guru kanthi ukara yen Bathara Narada iku tangane papat. Nalika
mertapa ing sandhuwure banyu samodra iku, Narada nganggo klambi ananging tangane sing
loro ora dilebokake ing lengene klambi, saengga katon kaya-laya tangane papat. Saka
pangecene Bathara Guru marang Narada iku malah Bathara Guru dhewe kang kena sepata,
saengga tangane dadi papat.

You might also like