You are on page 1of 2

Assalamu,alaikum Wr. Wb.

Kawula nuwun, para Pinisepuh, Adisepuh, para rawuh kakung sumawana putri ingkang kinurmatan.
Nuninggih sakderengipun nyuwun agunging samudra pangaksami, mundhi dhawuh saking
panjenenganipun kadang pranatacara bilih kawula ingkang piniji, kajibah angaturaken menggah
wedharing sabdatama wulang utami dhumateng putra pinanganten sarimbit. Tuhu dereng darajat
menawi kawula paring sabdatama, jer Sabda mekaten, boten wonten ingkang pantes hangagem, kajawi
amung Gusti ingkang dados tuking samukawis. Bilih sabdatama makaten, mengku teges wulang utami
dhedhasar sadaya Sabda-sabdaning Pangeran, ingkang sampun kawahya ing salebeting serat-serat suci.
Nuninggih sanadyan kanthi awrating manah, karana kathah para winasis, para pepundhen, para
sesepuh, pinisepuh, ingkang sakelangkung lebda ing piptutur, parikedah boten saged hambantah,
minangkani pamundhutipun ingkang hamengku gati, sawatawis suka wawasan ing babagan
prayogining bebrayan. Tuhu pinanganten sarimbit, yekti langkung wasis dalah wiar ing pangertosan.
Mbokbilih salebeting gesang patembayatan bebrayan, kawula estu langkung rumiyin, sahingga saget
pinangka gada suka wawasan tumraping gesang patembayatan bebrayan enggal.

Anakmas temanten sarimbit,


Gegaran tumrap gesang bebrayan enggal punika kasebat wonten gangsal prekawis ingkang sinebat
Malima. Malima ing mriki saking tembung mlumah, mengkurep, modot, mlebu lan metu.

- Mlumah, punika nglumahaken tangan, utawi kridaha lumahing asta tegesipun dados tiyang gesang
wonten madyaning bebrayan agung punika aja seneng ngathung, utawi nggadhahi watak ingkang
remen njagekaken dhateng pawewehing liyan. Punika pakarti ingkang boten sae.

- Mengkurep, tegesipun ngurepaken asta, bilih tiyang gesang wonten madyaning bebrayan agung
punika kedah suka paweweh dhumateng tiyang sanes ingkang tanpa pamrih. Senenga tetulung marang
sapa wae sing mbutuhake pitulungan, nanging aja seneng diweruhi wong akeh. Sajroning nindakake
dana driyah, paribasane tangan tengen menehi dhuwit, tangan kiwa aja nganti weruh.

- Modot, punika tegesipun modot pikirane, modot nalare, werdinipun bilih dados tiyang tumitah wonten
ing alamdonya punika kedah tansah mbudidaya murih undhaking kawruh, dimen jembar wawasanipun.

- Mlebu, tegesipun sadaya kawruh utawi tumindak ingkang mandhapipun dhateng kasaenan, kedah
katampi saha dipun lebetaken jroning manah, minangka dados gegebenganipun tiyang gesang
bebrayan.

- Metu, mengku werdi sadaya kawruh utawi tumindak ingkang sae ingkang migunani dhumateng tiyang
sanes utawi bebrayan agung, kedah dipun tularaken dhateng tiyang sanes.

Saksampunipun Malima katindakaken, kedah Dana ing tepa, Tepa ing rasa, saha Temen tobating rila
ingkang pinangka reseping bebrayan sae.
- Tepa ing rasa tegesipun tepa punika ukuran, rasa punika pangraos. Samukawis patrap lan pakarti
punika kedah manut pangrasaning raos . Menawi pakarti tumrap raosing pribadi boten sae lan prayogi,
sampun ngantos dipun tindakaken dhumateng tiyang sanes.

Dana ing tepa tegesipun raos pangraos kedah dipun tindakaken utawi dipun patrapaken ing bebrayan
agung, sadaya watak srei, drengki, jahil, methakil, dahwen, panasten, kamiopen kedah dipun
singkiraken saking salebeting manah.

Temen tobating rila tegesipun kakung, kanthi temen tresna dhumateng kang garwa dumugi nini lan
mintuna.

Wonten malih tembung Sacatur, inggih punika Sarupa, sajiwa, Sawanda lan Saekapraya.
- Sarupa, tegesipun kekalihipun rumaos manawi garwanipun sampun ingkang bagus lan sulistya
piyambak.

- Sajiwa, mengku werdi kedah saged momong watak, satunggal lan satunggalipun.

- Sawanda, tegesipun adeging bebrayan, pamoring jiwa kekalih.

- Saekapraya, tegesipun tansah jumurung dhateng karsa, cipta tuwin sedya ingkang sae lan utami.

Hambok bilih namung semanten menapa ingkang saged kawula andharaken katur anakmas temanten
sarimbit, kinen nularaken ing babagan wulang utamining bebrayan. Pepuntaning atur sugeng
nindakaken jejibahaning bebrayan mugi tansah pinaringan kanugrahaning Gusti, nuwun, matur nuwun.

Aakhirul kalam, billahi taufik wal hidayah,


Wassalaamu ‘alaikum Wr. Wb.

You might also like