You are on page 1of 3

Dedongengane Kangjeng Nabi Adam

Ature: Kresno Aji

Minangka atur bebukaning carita, sak wise pikantuk pangapura saking Gusti Allah,
Kangjeng Nabi Adam utawa kang kasebut dening Hyang Ad-hama banjur jumeneng
dadi Kalipatullah ana ing Kusniyamalebari, angratoni sato kewan. Wondene dhahare
amung saking mukjijat, menawa ing Jitabsara diarani saka pamuja.

Wondene papane dununge nagara Kusniyamalebari mau ana ing tanah Asia lor kulon,
kapernah sakulone segara Kaspi, sakidule gunung Kaukasus, sak lor wetane tanah
Turki Asia, kang samengko diarani dening bangsa Eropah, tanah Trans Kaukasus.

Ing kana Kangjeng Nabi Adam karsa gawe etungan taun warna loro, yaiku taun
Kamariyah lan taun Samsiyah. Yen ing Jitabsara, Samsiyah disebut uga taun Surya
utawa taun Srengenge, sedhenge taun Samsiyah kasebut uga taun Kartika/Rembulan.
Angkaning taun kapetung saka wiwit jumenenge Kalipatullah, taun 1 yaiku kang diarani
taun Adam. Bareng karo tekane taun 129 ing taun Srengenge, utawa 133 ing taun
Rembulan, Kangjeng Nabi nyipta Tanajultarki, tegese turune tanduran, ambabarake wiji.
Ora watara suwe, garwane Kangjeng Nabi Adam, kang asmane Babu Khawa babaran

Halaman 1
mijil dhampit, kakung klawan putri, nganti limang babaran, ajeg nurunake dhampit
kabeh. Sepisan lahir apik pasuryane, sabanjure lair ala pasuryane, mangkono sateruse.

Sawise kagungan putra limang babaran mau, Kangjeng Nabi karsa njodhokake para
putra putrine. Putra kakung ingkang pekik kadhaupake karo putrine sing ala pasuryane.
Putri ingkang ayu kadhaupake karo putrane ingkang ala pasuryane, dadi ora
kadhaupake karo sedulure ingkang padha kelairane. Ewa dene, Babu Khawa kagungan
karep, menawa ingkang kadhaupake mau para putra-putri kang lair bebarengan. Dadi
sing pekik dientukake karo sing ayu pasuryane, dene sing ala didhaupake padha sing
ala pasuryane. Anane benceng karep iki andadekake tuwuhing sulaya ing antarane
sakarone. Amarga padha dene kencenge rebut bener bab dhaupe para putra putrine
mau, sakarone banjur ngetokake Asrar, tegese rahsa kang sabanjure diwadhahi ana ing
cupu manik, kang sabanjure nenuwun marang Gusti Allah.

Bareng karo tekane mangsa kang dumadi, cupu banjur kabukak. Rahsa kang ana ing
cupune Kangjeng Nabi Adam jumedhul bayi, nanging mung awujud ragangan bae,
dene tandha kan diwateg Babu Khawa ana ing cupu cabar (ora kelakon). Rahsa sing
ana cupune isih maujud rah (getih) bae. Bab iki ndadekake Babu Khawa dadi nelangsa.

Nalika kuwi, bayi kang dumunung ing cupune Kangjeng Nabi Adam, kena kudrat iradate
Gusti Allah, ora suwe dadi jangkep (lengkap) saranduning sarira (awak), kulit, daging,
getih, bayu, sungsum lan liya-liyane. Tumuli cahya Nurbuwah kang dumunung ing
larapane (ngarsane) Kangjeng Nabi Adam, ngalih marang ingkang putra bayi mau,
Kangjeng Nabi Adam uga nampa sasmitane Gusti Allah, supaya si jabang bayi
kaparingan asma Sayidinna Sis, ing Jitabsara kasebut Sang Hyang Sita. Kangjeng Nabi
angestokake dhawuh karo puji sokur, sang putra banjur kaemban.

Ora watara suwe, katekan anane prahara sindhung riwut, anempuh cupu kasebut, kang
banjur kabuncang ing prahara lan tiba ana ing Bahrul Aklar, tegese telenge segara ijo,
ing samengko diarani dening bangsa Eropa kanthi sebutan segara ireng (laut hitam).
Cupu nuli dening Malaekat Ngazazil (Ajajil). Nalikane Kangjeng Nabi Adam apeputra
Sayidinna Sis mau ana ing taun 160, taun Srengenge utawa angka 165 taun Rembulan.

Sabubare Babu Khawa kalah anggone bebantahan klawan Kangjeng Nabi Adam,
anggone njodhokake putra kakung kalawan putra putri manut miturut ing karsane keng
raka, saben taun mbabar dhampit. Gunggung kumpul, kabeh ana patang puluh jodho
pria lan wanodya ing kang dhampit, wondene sing ora amung loro, yaiku Sayidinna Sis
kang wus kasebut ing dhuwur lan Siti Hunun.

Kabeh para putra mau banjur kajodhokake, putra lanang angka siji kaentukake putra
putri angka loro, putra lanang angka loro kaentukake putra putri angka siji, amngkono
sapiturute. Sawise kajodhokake, banjur kaparingan pituduh papan dununge dhewe-
dhewe, supaya bisa pencar menyang papan-papan liyane.

Dadi nalika samono, Kangjeng Nabi Adam anggone angratoni sato kewan uga
angratoni putra-putri wayahe dhewe. Hamung putrane priya angka siji, Sayid Kabbil,
putra putri Siti Alimah, dalah putra lanang angka lima, Sayid Ngabdulkaris, putri Siti
Dayunah, sarta putra lanang angka 15 Sayid Lata, putri Siti Ngujya, putra telung jodho
mau kang ora manut miturut karsaning ingkang Rama. Padha nggugu karepe dhewe-
dhewe, jejodhowan padha entuk sedulur kang metu bareng, uga padha lunga

Halaman 2
dedunung ing papan kang disenengi dhewe-dhewe. Putra angka15, mapan ing tlatah
Cina, putra angka 1 karo 5 padha bareng menyang tanah Afrika, sakulone tanah
Ngarab, ing mengko diarani dening bangsa Eropa minangka tanah Afrika.

Amarga saka anggone murang tata marang karsane Ramane mau, putra priya kang
angka 1 Sayid Kabbil mau, bisa jejodhowan klawan sedulur putri kang metu bareng
sawise mateni sedulure dhewe, yaiku putra lanang angkaloro kang asma Sayid Abbil.
Sayid Kabbil banjur krama karo sedulur wedok kang metu bareng, yaiku kang asma Siti
Alimah. Sabanjure, tilas garwane Sayid Kabbil kang asma Siti Damimmah ora duwe
jodho.

Ana maneh, putra priya kang angka14, asmane Akjuja, saka panguwasaning Gusti
Allah dadine amarga saka supena (impen), sipate aneh, kupinge amba lan kepleh,
siyunge dawa, beda klawan para sedulure, kadhawuhan ingkang Rama, banjur
manggon sangarepe tanah Aprika. Ewa dene putra putri angka 41, ingkang asma Siti
Hunun, sing miyose tanpa sedulur, sipate ya beda karo sedulur-sedulure, gedhe
dhuwure sarirane ora padha dene sapadaning manungsa, prasasat padha gedhene
karo gunung anakan. Sarehne ora entuk jodho, banjur ora krama.

Sumber: Kapethik saka "Serat Paramayoga", anggitanipun R. Ng. Ranggawarsita.

Halaman 3

You might also like