You are on page 1of 5

RESENSI NOVEL “KADURAKAN ING KIDUL DRINGU”

I. Identitas Buku :
a) Penulis : Suparto Brata
b) Penerbit : Narasi
c) Tahun Terbit : 2012
d) Tempat Terbit : Yogyakarta
e) Tebal Buku : 192 hal
f) ISBN : 979-168-305-0
g) Panjang Buku : 14x20 cm
h) Jenis Kertas : HVS

II. Sinopsis Novel

Desa dringu menika wonten ing sawetanipun kutha Probolinggo,taksih kepetung


trajange dalan gedhe Daendels. Nalika wonten ing taun 1947 Wimbadi dipun pindhah
jawatipun wonten ing Probolinggo. Wimbadi mboten kedah pados pondhokan amargi
wonten saderekipun saking sala wonten ing Dringu yaiku mbakyu Pandam, garwanipun
mbakyu, mas Pandam ngasta wonten pabrik gula. Mbakyu Pandam saweg ngandhut lan niate
badhe babaran wonten Sala, dados Wimbadi saged ngancani Mas Pandam.Saben dinten
Wimbadi nitih sepeda saking Dringu-Probolinggo. Amarga kantore mboten tebih sanget
dados ngangge sepeda

Mbakyu Pandam mboten kagungan abdi, dados sedaya dipun cepeng piyambak.
Gadhah ingon-ingon asu jenenge Tambur.

Dina iku tanggal 21 Juli awan-awan jam loro Wimbadi mulih saka kantor, akeh
montormabur klinteran mbrengengngeng. Ngantos jam 4 sonten, Wimbadi lan mas Pandam
sami-sami bingunge. Jebul swara montormabur lan swara bedhil-bedhil senjata api mau kuwi
tandane perang. Wonten prahoto kang sejatosipun kangge momot-momot barang ananging
prahoto menika malah momot-momot wong , banjur Wimbadi lan mas Pandam mlayu saka
kana, liwat mburi omah nanging liwat mburi omah kedah mlumpati tembok kang dhuwure 3
meter. Lajeng mas Pandam mlumpat, Wimbadi bingung tapi melu ngetutaken mas Pandam, si
Tambur jegog-jegog ana ing ngisor tembok, diprentah mas Pandam mubeng. Wimbadi lan
mas Pandam mlayu liwati sawah, mas Pandam tiba ngrungkebi galengan, mas Pandam ora
obah . Wimbadi bingung, Wimbadi mlayu saka kana lan nggolek panggonan kang aman.
Nalika iku jaman-jaman walanda ngawontenaken serangan sasi juli 1947, objek-objek vital
dipun bumihangusaken.

Wimbadi saiki wonten ing dusun sak kidulipun dusun Dringu. Wonten mriku
Wimbadi sareng kaliyan pengugsi sanes. Wonten Dulmanan, Dasiyun, Martimbang lan
Martimbul , Dul Genuk , Basuki, Kusman, mas Adi Waluya lan sapiturutipun. Wimbadi
inggih tresna kaliyan Kenya ingkang ayu namanipun Kingkinarti. Piyambakipun ngarosaken
benten nalika pepanggihan kaliyan Kingkinarti. Wimbadi nyuwun marang si Dulmanan
supados piyambakipun saged cedhak kaliyan Kingkinarti. Wimbadi sampun nganggem
pinten-pinten cara, nanging Kingkinarti mboten mendhel.

Kahananipun kutha Probolinggo sangsaya kisruh. Pemudha-pemudha wonten


dusunipun Wimbadi mboten amung ngratapi kedadeyan sedaya menika. Nalika ndalu padha
ngawontenaken serangan bebarengan. Padha nyabrang dalan Daendels. Ingkang dados kepala
regu Mas Adi Waluya, wakil regu Ananta, Dul Genuk, Wimbadi, Basuki, Dasiyun,
Dulmanan, Martimbang lan Martimbul, Kusman. Ananging wonten serangan menika Dul
Genuk kena peluru lan sekarat. Para pemudha inggih menika bingung amargi Dul Genuk
ketembak tentara walanda. Lajeng Dul Genuk dibekta wonten dusun malih, wonten ing dusun
menika para pemudha bingung amarga peluru menika kedah dipundhut supados Dul Genuk
mboten ke lara lara, badhe wonten mantra tebih, kahanan inggih mboten saged dipun paksa,
ketua regu lajeng damel undian kangge sinten tiyang ingkang kedah nembak mati Dul Genuk,
supados Dul Genuk mboten ke lara-lara. Dasiyun kang kedah nembak Dul Genuk.
Kedadeyan menika sedaya ugi ndamel perkawis ingkang boten rampung , Dasiyun bunuh
diri, Kusman kenthir. Wibadi sangasaya bingung dening kahanan menika, lajeng
piyambakipun tindhak saking dusun menika pados panguripan ingkang langkung tentrem,
kutha Sala ingkang dados tujuan. Wonten Sala Wimbadi saged pepanggihan malih kaliyan
Kingkinarti, ingkang jebul saweg ngandhut. Kingkinarti lajeng nyariosaken kedadeyan
saksampunipun Wimbadi kesah saking dusun menika.
III. Unsur Intrinsik Novel
1. Tema : Perjuangan
2. Latar Belakang : Nalika semanten bangsa Indonesia pitados dening janji-
janjinipun Walanda babagan perjanjian Linggarjati. Wonten mupakatan menika
Walanda wani nerak. Dados kawontenan peperangan menika. Probolinggo
dibumihangusaken lajeng para pemudha-pemudha ing kidul Dringu nyoba nyerang
Walanda. Sabab sedaya kersa kemerdekaan menika inggih kemerdekaan ingkang
rakyatipun tentrem raharja
3. Waktu : 1.Saderengipun perang kamerdekaan (Perjanjian Linggarjati)

2.Sesampunipun perang kemerdekaan.

3. Enjang

4. Sonten

5. Ndalu

4. Tempat : 1. Dusun Kidul Dringu

2. Dusun Dringu

3. Kutha Sala

5. Suasana : 1. Tegang

2. Seneng

3. Duka

4. Nelangsa

5. Hening

6. Sepi
6. Alur : Campuran
7. Penokohan : 1.Wimbadi : Ajrih,remen nulung, wicaksana,

2. Mas Pandam : Kendhel, eman, tegas, wicaksana

3. Mbakyu Pandam: eman marang adi , pekerja keras

4. Kingkinarti : eman, penyayang, preduli kalih


tiyang,isinan

5. Dul Genuk : eman, cerewet,

6. Dulmanan : eman, preduli kanca, tiyang introvert

7. Martimbang lan Martimbul: eman, boten preduli

8. Dasiyun : boten saged nrima kahahan, ngajeni

9. Basuki : remen ngehasut tiyang

10. Mas Adi Waluya : egois, wicaksana, jiwa pemimpin

11. Ananta: eman, nrima kahanan

12. Kusman: ajrih, eman

13. Narwata: eman, pasrahan

14. Pak Guru Bakir: Wicaksana, santun,

15.Naraindras : kemayu, manja, gampang nesu

16. Lilik Handayani : pengerten, apikan, tiyang sae

8. Gaya Bahasa : Wonten novel menika kirang langkungipun ngangge bahasa ingkang kias.
Dialek Surabaya.

9. Sudut Pandang : Tiyang 1 pelaku utama


10. Amanat : Kita boten pareng ajrih lawan para penjajah, menika samoun dados kewajiban
para WNI ingkang sae, berkorban jiwa raga kangge bangsa tercinta. Kita ugi ampun amung
ratapi nasib ingkang saweg dipun adepi ananging kedah usaha supados saged urip raharja
mulya lan bahagiya.

IV. Kelebihan Novel

Novel menikah inggih sae sanget, amargi isinipun novel menika babagan perjuangan
nglawan para Walanda. Novel menika ugi ngawontenaken romansa-romansa katresnan
tiyang ingkang setia, nrima pasanganipun punapa wontene. Novel menika paring tuladha
ingkang sae. Ciri khas karya Suprapto Broto menika inggih ketingal sanget.

V. Kekurangan Novel

Novel menika ngangge dialek Surabaya, dados mboten sedaya tiyang mangertosi.
Kedahipun ngaggem bahasa ingkang dipun mangertosi sedaya. Boten kekathahen kiasan.
Novel menika sethithik damel bosen ingkang maos. Cariyos ipun panjang lebar, kadang
boten cetha.

VI. Saran terhadap novel

Variasi cariyos wonten novel menika kedah dipun kathah. Novel menika sampun sae
nanging, para tiyang ingkang maos bosen. Ananging isi novel menika inggih sae sanget
pesan moral wonten novel sampun dipun saged pundhut secara tersirat. Novel ingkang
mekaten inggih novel ingkang dibetahaken dening remaja saniki. Novel novel jawa kados
puniki inggih dipun padosi inggih angel , boten setiap took buku wonten, kedah wonten
agen-agen ingkang nyaluraken novel-novel menika wonten toko-toko buku ageng. Variasi
cariyos kedah langkung kreatif.

You might also like