You are on page 1of 2

Pesene Sang Pejuang

Langit awan ngetokno wujude sing biru terang, awan putih sing edhi mlaku bebarengan
karo angina, manungso sing riwa-riwi kabeh padha repot karo urusane, koyo ngene pancen,
rupane kutho. Nanging kabeh keramean kuwi, mripatku mung nyawang siji, simbah sing ngadek
ana jembatan karo nggowo gelas plastik. Atiku krasa kudu marani, aku mbukak tas sekolahku,
arep ngetokna apa sing ana ing njerone, yo lumayan bontotku sing durung tak pangan.
“ Mbah, niki kula nggadhah sekul kangge panjenengan” tawaku marang simbah.
“ Oh, iya nduk suwun” trimone simbah karo bingung.
Simbah banjur lenggah nganggo lemek kardus bekas lan mbukak bontotku. Ora kathik
mikir simbah kuwi langsung dhahar bontotku. Aku lungguh pisan ing ngarepe simbah, aku
ngerogoh kesakku lan njupuk duit Rp. 20.000. duit kuwi banjur tak lebokno nang gelas plastic e
simbah sing isine mung Rp.500.
Sak marine simbah dhahar, aku njupuk banyu putih ing tasku lan tak paringno simbah
maneh, simbah mesem.
“ Matur suwun yo nduk, kowe pancen becik”
“ Inggih mbah sami-sami. Mbah napa kula angsal tanglet marang panjenengan?”
“ Iyo oleh, takon apa nduk?”
“ Yen kula piker-piki, simbah katingal sanes wong biasa, napa niku leres?
“ Kok bisa kowe mikir ngunu nduk?”
“ Kula tingali dugi wau panjenengan terus merhatiaken gendera Merah Putih ing
perumahan mriku saya kagum, kula mikir yen simbah salah sawijining veteran”
“ Iyo nduk, sapa sing gak seneng lan kagum ndelok gendera kuwi ngibar tanpa
gangguan”
Miris, rasane ora adil ningali simbah sing biyen direwangi mati-matian mbela negara
saiki uripe mung kaya ngene. Tapi simbah ikhlas marang nasib e saiki. Simbahpuas ngingali
gendera Merah Putih ngibar tanpa gangguan. Puas ningali wong-wong mlaku rana-rene tanpa
duwe rasa wedi. Bener-bener aku kagum banget marang simbah. Aku pingin ngomong luwih
akeh karo wong hebat iki.
Simbah nyritani aku yen jaman biyen kuwi susah lan sengsara banget. Wong Londho lan
Jepang kejem nguras negara iki, ora mung alam wae nanging uga manungsane kang ora bisa
lapo-lapo.
“ Biyen iku nduk, jan sengsara uripe simbah lan kanca-kancane simbah, delok en iki”,
simbah nunjuake tilake ditembak biyen ing sikile.
“ Simbah biyen iku nduwe rencana arep nyerang markase Londho karo kanca-kancane
simbah, tapi kalah. Dandine simbah lan kanca-kancane simbah dijblosno menyang penjara.
Kabeh wong sing dipenjara kuei didikda, diancem arep ditembak, lan sing paling ora manusiawi,
simbah dikon ngombe banyu uyuhe Komandan Londho. Tapi simbah lan kanca-kanca ora wedi
lan tetep ndangak gawe mbela negara”
Aku nangis ngerungokake ceritane simbah.
“ Mbah panjenengan purun napa? Panjenengan angsal sanjang napa mawon, itung-itung
niki hadiah dugi putune simbah”
“ Aku njaluk awakmu ngomong nang kanca-kanca saumuranmu, suoaya ojo sampek lali
marang budaya negeri iki, aja sampek budaya elek e wong-wong Barat maalh disinaoni. Aja
sampek gak ngakoni negarane dewe. Negara iki butuh pengakuan teka wong-wong kang mulya,
kang seneng ngregani anane perbedaan, wong sing andhap asor lan adil marang sapa wae”
“ Inggih mbah, InsyaAllah “
Panjaluke simbah isih nggarai aku kagum bola-bali, simbah ora mentingake awake dewe,
nanging isih mikirna piye negara iki berkembang yen dibangun karo generasi enom saiki.

NOTA PRAXTICEE SYAIRA


XII MIPA-3 / 22

You might also like