You are on page 1of 2

KUPASAN RAMALAN JOYOBOYO

JAMAN KALABENDU
Wiwit saka Sultan Paku Buwono IV sahingga Kiamat Kubra
(----,Badan Penerbit Kwa Giok Djing, Kudus, Sapta Pujangga dan Sejarah Indonesia, hal. 55-68)

Rawa dadi pada dadi bera


Iblis Jalma manungsa
Iblis menjelis
manungsa sara
Wong salah bungah-bungah
Wong bener thenger-thenger

Miturut ramalan saka Prabu Noto Aji Joyoboyo, yen wiwit Tanah Jawa diisi manungsa kaping pindone sahingga
besuk tekane Kiamat Kubra, arep ngalami 2100 Taun Surya utawa 2163 taun candra, kang kabagi dadi telung
periode jaman gedhe utawa kasebut TRIKALI utawa TRIWIKRAMA. Periode Jaman gedhe mau siji-sijine kabagi
meneh dadi Pitung Jaman Cilik utawa kang kasebut SAPTA MALOKO. Trikali utawa Triwikrama kabagi dadi telu
yaiku :
1. Kalisura (Jaman Alam Kaluhuran) suwene 700 Taun Surya.
2. Kalijaga (Jaman Panguripan) suwene 700 Taun Surya.
3. Kalisengoro (Jaman Ngalam Tirta) suwene 700 Taun Surya.
Ing kene sing arep dibahas namung Kalisengoro, sawijineng Trikali kang pungkasan. Kalisegoro kabagi dadi Sapta
Maloko, yaiku :
1. Kalajangga (Jaman Kembang Gadung)
2. Kalasekti (Jaman Kuasa)
3. Kalajoyo (Jaman Hunggul)
Kalabendu (Jaman sengsara lan Angkaramurka) Ing jaman iki Tanah Jawa ana sak ngisore lambang utawa
semboyan Ratu Hartawati, Ratu utawa Raja (Presiden) sing mikirke mung dhuwit lan Mas inten
rajabrana wae. Akeh wong ing jaman iki lali karo perikamanungsan, peri kasusilan. Sing digoleki mung
dhuwit lan sak kabeh-kabehi diukur nganggo dhuwit. Sipate ing jaman iki rakus, serakah lan agah-agah.
Imane gampang luluh lan limbung. Akeh wong sing sak wektu-wektu gampang panas amarga saka angkara
murkane panguasa. Akeh bapak lali karo anak, manungsa pada seneng nyalah, ora ngindahake hukum
Alloh.
Barang jahat diangkat-angkat, barang suci dibenci.. Akeh manungsa mung ngutamake duwit, lali
kamanungsan, lali kabecikan, lali sanak lali kadang. Akeh Bapa lali anak, akeh anak wani nglawan Ibu,
nantang bapa. Sedulur pada cidra, kulawarga pada curiga, kanca dadi mungsuh. Akeh manungsa lali asale.
Ukuman Ratu ora adil, akeh pangkat sing jahat lan janjil. Akeh kelakuan sing ganjil, wong apik-apik pada
kepencil. Akeh wong nyambut gawe apik-apik pada krasa isin, luwih utama ngapusi. Wegah nyambut
gawe, kepingin urip mewah, ngumbar nafsu angkara murka, nggedhekake duraka Wong bener thenger-
thenger, wong salah bungah, wong apik ditampik-tampik, wong jahat munggah pangkat. Wong agung
kesinggung, wong ala kepuja. Wong wadon ilang kawirangane, wong lanang ilang kaprawirane.
Nanging sajroning jaman iki bakal ana muncule Ratu Kembar , Hiku lire sesuguhe si Hajar marang ingsun
(mangsa iku suguhane Pangageng kalawan rakyat cilik), yaiku arupi KEMBANG SERUNI, paribasane
saka SERU lan WANI. Sapa sing wani ngendika lan pidato nganggo 1001 werna alasan sing muluk-muluk
bakal oleh pengaruh gedhe. Kampanye ngedol ngelmu, mung ngaku-aku atas nama Rakyat, njabane putih
nanging njerone dadu. Ngakune suci, nanging sucine palsu. akeh bujuk akeh lojo. Tandhane iku akeh udan
salah mangsa, akeh prawan tuwa, randa nglairake anak lan jabang bayi lahir nggoleki bapakne. Agama
akeh sing nantang, perikamanungsan saya ilang; omah suci dibenci, omah ala saya dipuja. Wong wadon
lacur ing ngendi-endi. Akeh laknat lan pengkhianat. Anak bangsa ngrusak Nuswantara, sedulur mangan
sedulur (Partai sijine ngrusak utawa nggawe curiga marang Partai liyane); kanca dadi mungsuh , guru
disatru. Tangga pada curiga, kana-kene saya angkara murka. Sing weruh kebubuhan, sing ora weruh
ketutuh. Besuk yen ana peperangan teka saka wetan, kulon, kidul lan lor, akeh wong becik saya sengsara,
wong jahat saya seneng. Wektu iku akeh dandang diunekake kuntul, wong salah dianggep bener.
Pengkhianat nikmat, durjono saya sempurna. Wong jahat munggah pangkat, wong lugu kebelenggu, wong
mulyo dikunjoro. Sing curang saya garang, sing jujur kujur. Pedagang (Pengusaha) akeh sing keplarang,
wong main akeh sing ndadi. Akeh barang-barang mlebu luang, akeh wong kaliren lan wuda. Wong tuku
ngglenik sing dodol, sing dodol akal okol. Wong golek pangan kaya gabah di-interi. Sing kebat kliwat, yen
telat sambat. Sing gede kesasar, sing cilik kepleset; sing anggak ketunggak, sing wedi mati. Sing nekat
mbrekat, sing jerih ketindih; sing ngawur makmur, sing ngati-ati ngrintih. Sing ngedan keduman, sing
waras nggagas. Wong tani ditaleni, wong dora ura-ura. Ratu (Presiden) ora netepi janji, musna kekuasaane
(tanggal 21 Mei 1999).
Mbok menawa wektu semana wis dadi kodrat ananing wolak-waliking jaman ing kalabendu. Tindake
menungsa saya kuciwa. Banjur asring ana Grahana Srengenge, Grahana Bulan, Celeret (petir gedhe).
Bupati dadi Rakyat, Wong cilik dadi priyayi. Sing mendele dadi gede, sing jujur kujur. Angkara murka saya
ndadi, kana-kene saya bingung. Pedagang akeh alangane, akeh buruh nantang juragan, juragan dadi
umpan. Sing suwarane seru oleh pengaruh. Wong pinter diingar-ingar, wong ala diuja. Wong ngerti
mangan ati. Banda dadi memala, pangkat dadi pemikat. Sing sawenang-wenang rumangsa menang, Sing
ngalah rumangsa kabeh salah. Ana Bupati saka wong sing asor imane, Patihe kepala judi. Wong sing atine
suci dibenci, wong sing jahat lan pinter jilat saya derajat. Pemerasan saya ndadra, maling lungguh wetenge
mblenduk. Maling wani nantang sing duwe omah, begal pada ndugal, Rampok pada keplok-keplok. Wong
momong mitenah sing diemang, wong jaga nyolong sing dijaga, wong njamin njaluk dijamin. Akeh wong
mendhem donga, kana-kene rebutan unggul, angkara murka ngombro-ombro. Agama ditantang; Akeh
wong angkara murka, nggedeake duraka. Ukum agama dilanggar, perikamanungsan di-iles-iles, kasusilan
ditinggal; Akeh wong edan, jahat lan kelangan akal budi. Wong cilik akeh sing kepencil, amarga dadi
korbane si jahat sing jajil. Banjur ana Ratu duwe pengaruh lan duwe prejurit. Negarane ambane sapra-
wolon. Tukang mangan suap saya ndadra. Wong jahat ditampa, wong suci dibenci. Timah dianggep perak,
Emas diarani tembaga. Dandang diandakake kuntul. Wong dosa sentosa, wong cilik disalahake. Wong
sugih krasa wedi, wong wedi dadi priyayi. Senenge wong jahat, susahe wong cilik. Akeh wong dakwa
didakwa. Ratu karo Ratu pada rembugan negara endi sing dipilih lan disenengi. Hore ! ; hore !. Wong
Jawa kari separo, Landa-Cina kari sejodo. (?) Akeh wong ijir, akeh wong cethil. Sing eman ora
keduman, sing keduman ora eman. Akeh wong mbambung, akeh wong limbung. Selot-selote mbesuk
wolak-waliking jaman teka. Wong nyilih mbalekake, wong utang mbayar. Utang joiwa nyaur jiwa, utang
wirang nyaur wirang Wong curang keplarang, wong jail drekikil. Durjana musna, pengkhianat dipangan
laknat. Sing dosa rekasa, sing salah nemoni susah. Akeh wong dicokot lemut mati, dicokot semut mati.
Akeh suwara aneh sing ngundang-ngundang sapa sing dosa. Akeh wong dadi edan, akeh wong musna lan
akeh wong dadi rudin amarga kakehan mangan suap. Tukang tadah pada susah. Wong kendel pada
kepethel. Wong nganggur pada kebanjur. Wektu iku nyata, dadi untunge sapa sing eling lan waspada. Ing
pungkasan Kalabendu wiwitane Kalasuba utawa jaman kamulyan, tandane ana Ratu karo Ratu pasulayan
lan anane paperangan gedhe utawa ontran-ontran. Ing wiwitan Kalasuba akeh wong wis lega atine, Ratune
sing nyekel kaprajan yaiku : Ratu Ginaib Ratu (Presiden) sing ngutamake KETUHANAN,
PRIKAMANUNGSAN lan KEADILAN. Raja (Presiden) kang kasebut uga Raja Hamisan, linuwih nama
miskin, yaiku sing ora ngutamakake kamulyan lan kasugihan utawi kementerengan lair. Muncule Ratu iku
ora nganggo syarat-syarat apa-apa. Tentrem, aman lan padang awit sing diutamaake mung tata tertib,
keamanan lan katentreman Negara. Saka istanane ora ana keramaian lan kamulyan kanggo nyambut tekane.
Tandha tekane yaiku yen kahanan wis pulih."Becik ketitik ala ketara" ora mung ning pitutur nanging wis
dadi tumindake. Sukma Kinaryo Buwono sing tegese keadilan lan kebijaksanaan wis tumimbal lair lan
jengkar dadi Ratu Penandio.

4. Kalasubo ( Jaman kamulyan)


5. Kalasumbaga ( Jaman kesohor)
6. Kalasurata (Jaman Alus)

You might also like