You are on page 1of 6

Atur Pasrah Penganten lan Atur Panampi Penganten

Tuladhane pasrah lan panampi:

Besan : Bp./Ibu Sardjono


Ingkang hamengku gat : Bp./Ibu Sarjito
Temanten kakung : Bagus Sudibyo, S.T
Temanten putri : Rr. Salindri, S.E
Ingkang pasrah : Daryatmo
Ingkang nampi pasrah : Bp. Sadono
Wiwahan : dinten Minggu, 11 Desember 2012
Tuladha Pasrah Penganten

Nuwun,

Katur dhumateng Bp. Rahmat ingkang kinormatan, ingkang jumenengipun tnanggenah


dados wakilipun Bp. Teguh sekalian. Ing ngriki kula pinjil dados paraga sulih sariranipun Bp.
Imam sekalian, ngemban jejibahan kinen sowan saha matur wonten ing ngarsa penjenengan.

Saderenge kula ngaturaken wigatning sowan kula prelu langkung rumiyin ngunjukaken
raos suka syukur alhamdulillah dhumateng Pangeran Ingkang Maha Agung, dene awit saking sih
berkah tuwin sih rahmatpun, penjenengan kula saget sami pinanggih kanthi wilujeng, winantu
ing suka rena.

Bapak Rahmat ingkang kinormatan sasampunipun kula kasembadan sowan ing ngarsa
panjenengan, kula kinen ngaturaken salam taklimipun Bapak Imam sekaliyan mugi kaaturna
dhumateng Bapak Teguh sekalian, dene ingkang dados telenging sedya saha wigatning prelu,
kula kadhawuhan nglrapaken temanten kakung pun Rasya Aqila Pranaja, atmaja kakungipun
Bapak Imam sekaliyan ingkang pidalem ing Wangon, Banyumas ingkang ing dinten punika,
Kemis, 27 Juli 2017 badhe kadaupaken kaliyan anak Widayana Alina Putri putra putrinipun
Bapak Teguh sekaliyan, hawit saking punika ttwanci punika temanten kakung pun Rasya Aqila
Pranaja, kula pasrahaken ing ngarsa panjenengan borong menggah kalaksananing sedya. Kula
namung nderek memuji, mugi sadayanipun tansah manggiya wilujeng.

Wasana cekap semanten atur kula, menawi anggen kula sowan wonten tunadungkaping
tumindak utawi kirang jangkeping trapsila, samanten ugi manawa atur kula mboten mranani ing
panggalih, kepareng hangluberaken samodra pangaksami.

Matur nuwun.
Tuladha Nampi Pasrah Temanten

Nuwun / kula nuwun,

Katur dhumateng Bp. Wisnu ingkang kinormatan. Kula ing mriki minangka sulih
sariranipun Bp. Teguh sekaliyan, ttwanci punika mundhi dhawuhipun kinen nampi saha
hananggapi menggah rawuh panjenengan.

Ingkang punika langkung rumiyin kula munjukaken puji syukur Alhamdulillah dhumateng
ngarsanipun Pangeran Ingkang Maha Agung, dene hawit saking paringipun berkah lan
pangayomanipun, panjenengan sampun kasembadan rawuh ing mriki kanthi wilujeng.

Dene punapa ingkang dados wigatnipun, ing ngejeng sampun panjenengan


dhawuhaken, wiwit purwa ngantos wasana kados mboten kirang trewaca malih menggah
panampi kula, inggih punika salam taklim saking Bapak Imam sekaliyan sampun kula tampi lan
badhe kula aturaken dhumateng Bapak Teguh sekaliyan, samanten ugi Bapak Teguh sekaliyan
ngaturaken salam kawilujengan mugi katur Bapak Rahmat sekaliyan, salajengipun pasrah
panjenengan temanten kakung pun Rasya Aqila Pranaja, kula tampi kanthi suka bingahing
manah, lan enggal badhe kapanggihaken kaliyan Widayana Alina Putri putra putrinipun Bapak
Teguh sekaliyan. Dhumateng Bapak Wisnu sapangombyong, sasampunipun dhauping temanten
ing mangke kula suwun lenggah ngestreni saha hanjenengi wiwahan punika ngantos paripurna.

Semanten atur panampi kula, manawi wonten galap gangsuling atur mugi keparenga
paring pangapura.

Matur nuwun.
Tuladha Pasrah Penganten

Nuwun,

Katur dhumateng Bp. Warsito ingkang kinormatan, ingkang jumenengipun tnanggenah


dados wakilipun Bp. Subagyo sekalian. Ing ngriki kula pinjil dados paraga sulih sariranipun Bp.
Haryanto sekalian, ngemban jejibahan kinen sowan saha matur wonten ing ngarsa
penjenengan.

Saderenge kula ngaturaken wigatning sowan kula prelu langkung rumiyin ngunjukaken
raos suka syukur alhamdulillah dhumateng Pangeran Ingkang Maha Agung, dene awit saking sih
berkah tuwin sih rahmatpun, penjenengan kula saget sami pinanggih kanthi wilujeng, winantu
ing suka rena.

Bapak Warsito ingkang kinormatan sasampunipun kula kasembadan sowan ing ngarsa
panjenengan, kula kinen ngaturaken salam taklimipun Bapak Haryanto sekaliyan mugi kaaturna
dhumateng Bapak Subagyo sekalian, dene ingkang dados telenging sedya saha wigatning prelu,
kula kadhawuhan nglrapaken temanten kakung pun Narendra Aditama, atmaja kakungipun
Bapak Haryanto sekaliyan ingkang pidalem ing Maos, Cilacap ingkang ing dinten punika, Kemis,
27 Juli 2017 badhe kadaupaken kaliyan anak Widuri Putri Maheswari putra putrinipun Bapak
Subagyo sekaliyan, hawit saking punika ttwanci punika temanten kakung pun Narendra
Aditama, kula pasrahaken ing ngarsa panjenengan borong menggah kalaksananing sedya. Kula
namung nderek memuji, mugi sadayanipun tansah manggiya wilujeng.

Wasana cekap semanten atur kula, menawi anggen kula sowan wonten tunadungkaping
tumindak utawi kirang jangkeping trapsila, samanten ugi manawa atur kula mboten mranani ing
panggalih, kepareng hangluberaken samodra pangaksami.

Matur nuwun.
Tuladha Nampi Pasrah Temanten

Nuwun / kula nuwun,

Katur dhumateng Bp. Darman ingkang kinormatan. Kula ing mriki minangka sulih
sariranipun Bp. Subagyo sekaliyan, ttwanci punika mundhi dhawuhipun kinen nampi saha
hananggapi menggah rawuh panjenengan.

Ingkang punika langkung rumiyin kula munjukaken puji syukur Alhamdulillah dhumateng
ngarsanipun Pangeran Ingkang Maha Agung, dene hawit saking paringipun berkah lan
pangayomanipun, panjenengan sampun kasembadan rawuh ing mriki kanthi wilujeng.

Dene punapa ingkang dados wigatnipun, ing ngejeng sampun panjenengan


dhawuhaken, wiwit purwa ngantos wasana kados mboten kirang trewaca malih menggah
panampi kula, inggih punika salam taklim saking Bapak Haryanto sekaliyan sampun kula tampi
lan badhe kula aturaken dhumateng Bapak Subagyo sekaliyan, samanten ugi Bapak Subagyo
sekaliyan ngaturaken salam kawilujengan mugi katur Bapak Warsito sekaliyan, salajengipun
pasrah panjenengan temanten kakung pun Narendra Aditama, kula tampi kanthi suka bingahing
manah, lan enggal badhe kapanggihaken kaliyan Widuri Putri Maheswari putra putrinipun
Bapak Subagyo sekaliyan. Dhumateng Bapak Darman sapangombyong, sasampunipun dhauping
temanten ing mangke kula suwun lenggah ngestreni saha hanjenengi wiwahan punika ngantos
paripurna.

Semanten atur panampi kula, manawi wonten galap gangsuling atur mugi keparenga
paring pangapura.

Matur nuwun.
PASRAH PENGANTEN

Assalamu 'alaikum wr.wb

Nuwun, Para sepuh, para tamu kakung putri ingkang luhur ing budi. Nyuwun
pangapunten dene kulo paripeksa nggempil kamardikan panjenengan sedaya, saprelu kulo
matur ing ngarsanipun Bapak Sugiharto sarimbit. Nuwun, Bapak Sugiharto sekaliyan. Kulo
kakersakaken dening kadang kulo enem pun Arief Suyatno sekaliyan. Sepisan : ngaturaken salam
taklim, kanthi pemuji mugi-mugi Bapak Sugiyatno sakluwarga tansah pinayungan ing Pangeran
satemah ambabar rahayu wilujeng lumebering sedayanipun. Kaping Kalih : kulo kinanten rowing
sawetawis, kadhawuhan nyowanaken calon putra penganten, asmanipun Rasya Aqila Pranaja
ingkang sampun sarembag badhe kadhaupaken kaliyan Widayana Alina Putri putra putri
panjenengan. Ingkang punika mugi kaparenga nampi. Dene wonten kekiranganipun, Bapak Arief
Suyatno sekaliyan nyuwun agenging pangapunten. Salajengipun, kalampahanipun dhauping
penganten kasumanggakaken ing kepareng panjenengan sakluwarga.

Minangka panutup ing atur, mbok menawi wonten atur kulo saklimah, sowan kulo
sarowang, ingkang kirang trapsila satemah mboten ndamel renaning penggalih panjenengan
punapa dene para tamu, kulo nyuwun lumunturing pangaksami. Cekap semanten, Nuwun.

Wassalamu 'alaikum wr.wb

TAMPI PENGANTEN

Assalamu 'alaikum wr.wb

Kulo nuwun, Para sepuh, para tamu kakung putri ingkang luhur ing budi. Nyuwun
pangapunten dene kulo paripeksa nggempil kamardikan panjenengan sedaya, saprelu kulo
matur ing ngarsanipun Bapak Sugiharto sarimbit. Nuwun, Bapak Sugiharto sekaliyan. Kulo
kakersakaken dening kadang kulo enem pun Arief Suyatno sekaliyan. Sepisan : ngaturaken salam
taklim, kanthi pemuji mugi-mugi Bapak Sugiyatno sakluwarga tansah pinayungan ing Pangeran
satemah ambabar rahayu wilujeng lumebering sedayanipun. Kaping Kalih : kulo kinanten rowing
sawetawis, kadhawuhan nyowanaken calon putra penganten, asmanipun Bagus Saefull Ali
Nurdin ingkang sampun sarembag badhe kadhaupaken kaliyan Rara xxxx putra putri
panjenengan. Ingkang punika mugi kaparenga nampi. Dene wonten kekiranganipun, Bapak Arief
Suyatno sekaliyan nyuwun agenging pangapunten. Salajengipun, kalampahanipun dhauping
penganten kasumanggakaken ing kepareng panjenengan sakluwarga.

Minangka panutup ing atur, mbok menawi wonten atur kulo saklimah, sowan kulo
sarowang, ingkang kirang trapsila satemah mboten ndamel renaning penggalih panjenengan
punapa dene para tamu, kulo nyuwun lumunturing pangaksami. Cekap semanten, Nuwun.
wassalamu 'alaikum wr.wb

You might also like