You are on page 1of 2

A. Pilihen jawaban sing bener bener !

1. Ukara-ukara ing ngisor iki kang wasesane tembung wilangan yaiku….


a. Bu Tuti ayu banget c. Prajurite akeh banget
b. Aku tuku buku lima d. Adi diwenehi dhuwit Rp. 1.500,-
2. Karyanti pancen ayu banget, mula pantes yen dadi …….
a. Kembange lambe c. Kembange banyang
b. Kembange desa d. Kembang sawuran
3. Tuladhane tembung umum, yaiku…
a. Bedil-bedilan c. Sepur-sepuran
b. Boneka d. Dolanan
4. Ukara-ukara ing ngisor iki kang ora kalebu ukara tanggap yaiku…
a. Mas Budi di tukokake montor-montoran ibune
b. Budhe Lastri mundut duren ing pasar buah
c. Dik Wahyu daktukokake crayon selosin
d. Eyang apa arep kopundhutake bubur sungsum
5. Ukara kang wose njaluk katrangan ngenani bab kang durung diweruhi diarani ukara …
a. Ukara carita c. Ukara andaran
b. Ukara mawa gatra katrangan d. Ukara pitakon
6. Siti karo adine nganggo klambi anyar.
Tembung kahanan kang ana ing ukara nduwur
a. Siti karo adhine b. Klambi c. Nganggo d. Ukara
pitakon
7. Adhiku lara wudunen. Wudunen iku kalebu tembung
a. Kahanan b. Kriya c. Aran d. Katrangan
8. Para…. Lagi nyawang kaendahane Candi Borobudur.
Tembung kang cocog kanggo nggapi ukara ing nduwur iku :
a. Broker b. Turis c. Investor d. Promotor
9. Pakdhe Sastro di infuse dening perawat loro.
Ukara ing dhuwur nganggo tembung sesulih:
a. Utama purusa c. Madyamapurusa
b. Pratama purusa d. Sadhengah
10. Mbak jamilah kuru.
Tembung katrangan/panerangan wasesa kang cocog kanggo ukara nduwur yaiku….
a. Durung b. Arep c.. Lagi d. Banget
11. Mas Partono di utus ibu menyang pasar.
Ukara ing dhuwur nggunakake gatra katrangan
a. Papan b. Piranti c. Tujuan d. Sebab
12. Ing wayah sore rajakaya mulih dhewe menyang kandhange.
Ukara ing dhuwurnggunakake gatra katrangan.
a. Wektu lan tujuan c. Wektu lan papan
b. Tujuan lan piranti d. Tujuan lan papan
13. Menawa ana wong kang bali menyang jaman kelanggengan kita mung bias
ndongakake muga-muga….
a. Padhange hawa c. Warnane padhang
b. Dalane padhang d. Langite padhang

14. Yen kepingin mulya carane kudu ….


a. Laku bengi b. Laku c. laku tirakat d. laku dagang
dhodhok
15. Tembung-tembung ing ngisor iki kang aswara “o” jejeg, yaiku….
a. Terong, lonjong,kopong c. Lombok,bosok,loro
b. Soto,bakso,rawon d. Lodheh,kroto,mlinjo
16. Kula ngaturi bapak dhahar.
Ukara iki yen diowahi ngganggo basa ngoko alus dadine…..
a. Aku ngongkon bapak mangan c. Aku ngaturi bapak dhahar
b. Aku ngutus bapak dhahar d. Aku ngengken bapak nedha
17. Ukara-ukara ing ngisor iki kang nggunakake basa ngoko alus
a. Menawi panjenengan tindak Kediri kula aturi pinarak
b. Sing lagi pidato kae Pak. Lurah
c. Bu Marto kagungan putra lima, lanange telu wadone loro
d. Mas Darmaji gadhah mendda sekawan
18. Aku arep sowan budhe ing Tulungagung
Ukara ing dhuwur yen diowahi ngganggo basa karma alus, dadine..
a. Karma lugu b. Ngoko lugu c. Karma alus d. Ngoko alus
19. Bapak tuku sepatu di wenehake adhiku
Ukara ing ndhuwur yen diowahi ngganggo basa karma alus, dadine..
a. Bapak tumbas sepatu disukaken adhiku
b. Bapak mundhut sepatu diparengake adhiku
c. Bapak mundhut sepatu dipunparingaken adhik kula
e. Bapak mundhut sepatu dipuncaosaken adhik kula
20. Ana karsa ana marga.
Tegese sesanti ing dhuwur …
a. Yen duwe karep mesti bakal ana sarana nggayuh kekarepan.
b. Samubarang iku mesti butuhake wragat
c. Yen atine mantep, kekarepan iku mesti bakal kasembadan.
d. Tumindak culika bakal dikalahake dening laku utama.

B. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanti bener!


1. Terangno apa kang diaranai basa kromo lugu !
2. Gaweo conto 3 wae ngenani boso kromo alus
3. Apa bedane antarane tembung lingo karo tembung andahan ?
4. Tembung andahan sing di rangkep cacahe ono 3 sebutno ?
5. Kramakno inggil boso ngoko iki
“ aku wingi mentas melok ibu menyang omahe simbah “

************************

You might also like