You are on page 1of 3

Amarga salah paham

Dening : Mudya Nuryanti Zulfa (19)

Kaya biasane ing wayah isuk Risa tekan bangkune lan nemoake mejane kebak tulisan ora
nggenah. Risa banjur nyelehake tas ing bangkune lan mlaku mara jeding njupuk banyu kanggo
ngresiki mejane. Nalika bali saka jeding, Risa malah nemoake bukune kasebar ing tekel.
Dheweke ngingeti kancane kang pada ribut karepe dhewe. Risa wes reti ngeniki kelakuane sapa
wae.
“Risa!” kang ngerumangsani diundang banjur mlengak lan mesem.
“ngeniki apa maneh? Kok iso kaya ngene? kandakno ning guru wae lah”
Omonge Kania, kancane Risa kaet cilik.
“wes ah, rapopo.diresiki yo iso wae kok”
“la apa kowe ora mangkel?” sing diunen uneni mung mesem. Kania banjur ngewangi
Risa nyambi muring muring lan ngelirik kanca kancane Risa.
Pas wayah istirahat, geng sing senengane bully Risa yaiku Mia lan kanca kancane marani
Risa kang lagi nulis ing bangkune lan sengaja nibakake ombenane ing bukune Risa.
“eh, sepurane loh. Aku sengaja” omonge Mia karo mesem banjur cekikikan lan ngadoh.
Risa mung ngingeti bukune kang teles lan wernane wis ora nggenah. Dheweke ngerasa
mangkel tapi ya ngerasa salah. “tet tet tet” swara bel masuk. risa kang krungu swara bel, banjur
mberesi bukune kang teles mau. Ora ana sak menit risa wis rampung mberesi, amarga guru kang
ngulang durung rawuh, risa banjur mara jedeng arep ijek lan bukune mau di selehake ing ngisor
meja. Amarga mia lan kanca kancane ora puas njahili risa. Mia banjur delikake bukune risa kang
di selehake ing ngisoor meja mau. Wes ana limang menit risa ing jedeng lan ora bali bali. Guru
kang ngulang rawuh.
“assalamualakum wr wb” salame guru kang ngulang.
“waalaikumsalam wr wb” jawabe muid murid.
“ana sing ora masuk cah?” takoke guru karo mandangi muride siji siji
“mlebet sedaya bu” jawabe murid murid
“lhoh, lha risa ing ngendi?” takoke guru maneh. Murid murid kang ana ing njero kelas pada
celingukan. mia kang dasare ora seneng karo risa arep ngomong ing guru nek risa mbolos. Tapi
sakdurunge mia ngomong, risa wis melbu ing njero kelas.
“assalamualaikum, sepuntene bu, kula saking kakus.” Omonge risa ing guru.
“oalah, ya wis, lungguho kono.” Kongkone guru marang risa. “oh ya, wingi kan ana tugas, ayo
cah kumpulno!. Omonge guru maneh
Murid murid wis di kumpulke kabeh, beda karo risa kang bingung nggoleki bukune sing
mau di selehake nek ngisor meja.
nganti 2 menit risa nggoleki bukune, tapi tetep ora ana. Guru kang ngulang, sadar nek ana sing
durung ngumpulke.

“iki ana sing kurang cah, sapa sing durung ngumpulke?” takoke guru.
Risa ngacungke tangan lan ngomong “sepurane bu, kula dereng ngempalke. Buku kula ical,
ndek wau tak salap teng adhape meja. Tapi sakniki kok mboten wonten”. Omonge risa
jujur. Guru mau percaya. tapi mia kang ngerti nek guru kang ngulang percaya karo omonge risa
lan risa ora dihukum, mia ora terima lan ngomong, “halah bu. Risa niku alesan bu. Dheweke
mboten nggarap tapi ngaku ngaku bukune ical.” Mia mesem. Risa meneng lan ndiluk, risao ra
wani ngomong apa apa. Guru mau bingung ora ngerti sing bener endi. amarga kanca kancane
mia newangi dheweke. Andadi guru kang ngulang percaya ing mia lan kanca kancane.
“risa, rene maju” kongkone guru marang risa. Tanpa ngucap apa apa risa maju.
“metu saka kelas ,metu. Garap tugas mau ping 5” omonge guru. Risa metu lan gawa buku sak
peralatane.

Jam nunjuk ing angka 4 tandane wayahe muleh. “tet tet tet” swara bel muleh. Murid
murid pada seneng lan mberesi bukune. Dhewe karo risa. Krungu bel muleh, risa ora cepet cepet
muleh malah mlaku moro taman sekolah. Ing kono, risa merenung risa mikir carane anggawe
hubungane karo mia mbalek kaya mbiyen. Risa ing taman wis ana setengah jam. Kania kang
biasane muleh bareng risa, nggoleki risa mubeng mubeng sekolah, lan akhire ngerti risa lungguh
ing kursi taman.

“risaaaaa” swara cempreng kania kang iseh adoh saka taman, tapi tetep risa krungu. Risa
ngadek lan arep marani kania. Tapi pas arep mlangkah, tangane risa ana sing narik ko ngguri.
Sing narik yaiku mia. Risa kaget lan nunduk. Ngerti risa nunduk, kania marani risa ing kursi
taman. Mia mandangi kania sing arep marani risa, mia cepet cepet nyurung awake risaa nganti
risa tiba. Kania gak terima yen risa di larani mia.
“heh, maksutmu piye? Nyurung nyurung risa kaya mangkono” omonge kania
“lha ngapa kowe melu melu barang? Iki ora urusanmu”. Omonge mia
“heh mia! Risa iku kancaku. Urusane ndekne ya dadi urusanku. Paham?” omonge kania
“uwes kania, aku rapopo kok”. Omonge risa.
“mia. Aku arep ngomong, kowe iku salah paham, sakbenere aku arep ngenalke kanca kancaku
nek kowe, tapi nganggepmu malah aku lali karo kowe lan kowe malah saya ngadoh.” Omonge
risa.
Deg.
Mia ngerasa salah, mia ngerasa nek awake jahat marang risa. Amarga jahil karo risa lan sering
bully risa.
“piye? Puas?” takoke kania. Mia meneng lan mandang ing risa njaluk sepura
“risa, sepurane. Aku salah lan jahat karo kowe”. Omonge mia karo nyekel tangane risa.

Risa mesem ing mia lan ngomong “ya wis a rapopo, aku ya salah” omonge risa tulus saka
ati “piye? Mbalek kancanan maneh?” takoke kania.
Risa lan mia saling pandang lan mesem “iyo ah” omonge risa bebarengan karo mia.
****

You might also like