You are on page 1of 3

Gagal Dhelikan

Ora Sida Delik an Ing wayah sore, Jiman kancane aji moro ing ngomahe. “Ji, aji…aji….” Fatih bengak-
bengok ing ngarep omahe Aji. “ Woi…sek..dilut” suarane Aji saka njero ngomah.. “Wah…. Iki apa sek
tak goleki,lagi ngopo Ji kok suwe banget?” pitakone Jiman marang Aji kang lagi wae metu saka jero
omah. “He..he..he..he lagi wae madhang, alhamdullilah akhire wareg!!” “Wuuuuu…..awak wae sing
digedeke, pikiran ya digedeke !”calethune Jiman. “ Kadingaren dolan sore-sore, ana apa?” pitakone
Aji. “Ayo Ji dolanan delik an bareng arek-arek, gelem ra?”jawabe Jiman karo cengar-cengir. “Ayo!!!
Paling awakmu sing dadi terus.” “Weh aja ngremehke,ngeneki aku wis tau juara balap karung jhe.”
“Apa hubungane suu ???” “Ha…ha..ha….” Jawabe karo nguyu cekikikan. Sak banjure kuwi bocah loro
nyeluk konco kancane numpak sepedha montor. Worr worr…suarang motor C70 modif Aji lan Jiman
sing brebeg i kuping. Worr.. worrr..worrr …..aji

lan Jiman pada banter-banteran numpak montorr mubeng ndesa. Wong loro kuwi pada selip-selipan
kaya balapan motor. Ana ing pertelon aji lali ora ngurupake klakson. Ora nyongko ing lawan arah ana
wong gawa tobos. Aji kaget banget,dheweke bingung lan gugup. “Lik….lik….lik…awas”
Grubyuk,klonteng , tlepok-tlepok-tlepok. tobose kang ana ing kwali pada menculat ing lemah.
Praupane Aji lan Jiman mbalek sak untara,dadi pucet kaya mayet kanga arep dikubur. “kepriye tha
le…? Nek numpak motor aja banter-banter. Tobosku ngguling kabeh , piye nek ngeneki?”pituture
wong gawa tobos. “ Kula nyuwum pangapunten pak, sak estu kula mboten sengaja” jawabe Aji kang
kaweden. “Saiki tobosku jebol kabeh tumplakke. Kowe kudu ngijoli duit seket ewu” “Injih pak, kula
tetep tanggung jawab. Kula tak mantuk rumiyin mendet arta.” Ahire Aji lan Jiman tarikan selawe
ewu-selawe ewu kanggo ngijoli tobose kang uwis ditabrak mau. Sakwise kuwi malah ora sida delik an
lan sepedha montore

Amarga Tresnaku Marang Sampeyan

Sawijining dina, bubaran sekolah...

"Pras, delokna kae sapa sing mlaku dhewean ning ngarepan kae?" Pandu bisik-bisik karo nyikut
lengene Pras

"Ehem,ayo pras, gek ndang dikancani, mesakna Endah soale kan si Putri dina iki gak mlebu sekolah,
dadi ora ono barengane" Yudhi nambah

"Wah, nganu aku isin lha mbiyen kae genah...."

Durung rampung olehe nggawe alesan, Pandu wis mbengok sinambi mlaku njejeri Endah

"En, ki lho Pras arep bareng, jarene sih arep sisan rembugan bab persiapan lomba nembang macapat
minggu ngarep"

Pras wis ora iso sélak maneh amarga diskak mat bala-balané.
***

Pras lan endah wusanané mulih bareng, kekaroné sajak gayeng crita rupa-rupa, padahal ning njero
atine Pras kaya gong ditabuhi, deg-deg an amarga bareng Kenya sing disenengi.

"Eh Pras, iku opo yo sing ning ngisor wit talok?" pitakone endah marai Pras sing setengah ngalamun
dadi njomblak kaget

"oo..iku lak blengur to En, anake banyak mosok kowe durung tau ngerti?" jawabe Pras

"wah, lucu yo Pras wulune kuning enom sajak nggemeske "

Pras sing ngerti yen Endah kesengsem marang salah sijiné sato iwén iku ora arep nggawe kuciwa

"Enteni kéné yo En, tak jupukna blenguré ben iso mbok cekel" Pras ngomong karo mlompati kalén
cilik

"Tapi Pras, ngko nek Mboké nesu lho" Endah ngelikna

"Ora, tenang wae kan ming disilih sedhela anaké ora diculik koq" Pras ngeyem-eyemi

"Oke deh nek ngono" jawabe endah karo ora lali mésem lan marai Pras tambah semangat

***

lagi konsentrasi nguber blengur, Pras dadi léna lan ...

"Huadhuhhhhhhhhhhhhhh....ibuuuuuuuuu!!!!!!" saknalika Pras mbengok sora lan mloncat saka


sebrang kalén sinambi nyekeli sikile sing katon abang biru amarga disosor mboké blengur sing
ngamuk anake diganggu.
Saking larane, Pras nganti lali yen ono barengane, lan langsung mlayu sipat kuping bali ning omah
ninggalke Endah sing mlenggong karo ngempet ngguyu

You might also like