You are on page 1of 1

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Alhamdulillah, Asyhadu anlaa ilaaha ilallaah wahdahu laa syari kalah, wa asyhadu anna
muhammadan ‘abduhu warosulu la nabiyya ba’dah.
Allohumma sholli ‘ala sayyidina Muhammad, wa’ala alihi wasohbihi waman tabi’ahum
biihsanin ilaa yaumiddin. Qoolallahu ta’ala fil qur’anil kariim, a’udzubillaahi
minashaitonirrojiim, bismillah hirrohmaanirrohiim amma ba’du :
Poro hadirin sedoyo jamaah tahlil, wabil khusus shohibul bait, shohibul hajat, Bapak
……….sekeluarga
Alhamdulillah, monggo kito aturan puji syukur dumateng ngarsanipun Allah SWT kanthi
ucapan Alhamdulillahirobbil ‘aalamiin, ingkang sampun paring pinten-pinten kenikmatan
dumateng kulo panjenengan sedoyo, dene menopo kulo panjenengan sedoyo saget
angrawuhi jamaah rutin wonten dalemipun Bapak …… kanthi kawontenan sehat wal afiat
mboten wonten rubedo menopo-menopo, Mugi-mugi kehadiran kulo panjenengan sedoyo
estu-estu dicatet kalian Allah SWT dadoso amalan hasanah fiddini waddunya wal aakhirah,
Amin 2X
sak lajengipun sholawat lan salam monggo kito aturaken dumateng junjungan kito kanjeng
nabi Muhammad SAW, biqouli Allahumma sholli ‘alaa Muhammad…
ingkang sampun paring pitedah dumateng kulo panjenengan sedoyo arupi diinul Islam,
arupi agami Islam, Mugi2 dalu menika ngantos akhir hayat kulo panjenengan sedoyo tetep
netepi agami Islam, lan mbenjang wonten yaumil qiyaamah, kulo panjenengan sedoyo
dadoso umatipun Muhammad ingkang angsal syafaatipun kanjeng nabi Muhammad SAW.
Amin 2X yaa robbal ‘alamin … Bapak-bapak poro rawuh ingkang kawulo mulyaaken, dalu
menika Bapak …. kagungan hajat inggih punika, kirim doa dumateng leluhuripun ingkang
asma :
1. Almarhum Bapak / Almarhum ah Ibu…..
2. Almarhum Bapak / Almarhumah Ibu………………………. lan
3. Almarhum Bapak / Almarhumah Ibu….
Bapak-bapak poro rawuh ingkang kawulo mulyaaken, dalu menika pembacaan yasin lan
tahlil kulo pasrahaken dumateng panjenenganipun Bapak/Ibu ….. lan mangke dipun tutup
do’a kalian panjenenganipun Bapak/Ibu ….. Monggo pakempalan dalu menika kito mulai
kanthi pembukaan ummul qur’an shurotul fatihah…Bismillahirrohmaanirrohim, ila hadrotin
nabi mustofa Muhammad shollallohu ‘alaihi wasallam wa’ala alihi wasohbihi wa azwajihi
wadhurriyya tihi ajma’in, ALFAATIHAH…

You might also like