You are on page 1of 6

Layang iku umumé arupa dluwang sing tinulisan dikirimaké minangka gantiné

rerembugan. Ananging layang uga bisa ateges buku sing ngamot crita lan

sapanunggalané.

Warna-warnane layang:

 Layang biwara.

 Layang Iber-iber (Layang Kiriman).

 Layang Dhawuh.

 Layang Ulem.

 Layang Lelayu,

 Layang Pribadi lan sapanunggalané.

Perangané layang

1. Papan panggonan lan titi mangsa, mratélaké papan kutha lan titi wanci panulisé

layang.

2. Adangiyah (adawiyah). Mratélaké unggah-ungguhing basa paprenahé kang kirim

layang marang kang arep dikirimi layang, marang kanca sedulur sapantaran, utawa

marang kaprenah tuwa, umpamané pakdhé budhé.

3. Pambuka (bebuka). Karepe kanggo mbukak utawa miwiti layang. Ing padatan

anelakaké awèh atur kabar kaslametan kasarasan lankatentreman.

4. Isi (surasa basa). Mratélaké apa sajatiné isi layang.

5. Panutup (wasana basa). Panutup isi adaté pangajap , pangarep arep kang ana

gegayutan karo isi layang.

6. Titi mangsa (titi wanci).

7. Peprenahan. Paprenahan iki karepe katulis ing layang marang kang dikirimi layang.

8. Tapak asma.
Hal : Undangan Uleman Katur : Bp/Ibu/Sdr
…………………………
Ing Pidalem.

Assalamu’alaikum Wr. Wb
Sesarengan serat puniko, panjenengan kulo ngaturi rawuh wonten griyo kulo benjing ing :
Dinten : Jum’at Legi malem Sabtu
Tanggal : 17 Juni 2011
Jam : 19.00 WIB ( Ba’da Isyak )
Keperluan : Uleman
Wonten : Griyo kulo ( Sakimin Tarsudi – Murtini ) Mojoroto RT 20, Dawungan
Sanget ing pangajeng – ajeng kulo, awit kerawuhan panjenengan kulo ngaturaken
agenging panuwun.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb

Atur taklim Kulo

Sakimin Tarsudi – Murtini

Serat Lelayu

Assalamu’alaikum Wr.Wb

Inna Lillahi wa Inna Ilaihi Rooji’un


Sampun kapundhut wangsul dening Allah SWT kanthi tenang :
Nama : Ny. Ngatiyem / Ibu Mulsali
Umur : ± 80 Tahun
Alamat : Mojoroto RT 20, Dawungan
Almarhum kapundut wangsul dening Allah SWT dinten Sabtu Legi Tanggal 12 April 2014 ±
wanci jam 8 enjang jalaran gerah sak wetawis wekdal.
Jenasah badhe kasareaken dinten Sabtu Legi Tanggal 12 April 2014 wonten pemakaman
Mojoroto, Dawungan ± jam 1 Siang.
Mbok bilih almarhum nggadahi kalepatan dhumateng panjenengan sami kasuwun paringi
pangapunten.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb

Keluarga ingkang nandang duh kito :


1. Bp Marsono/Sudarmi (anak)
2. Ibu Sukarsi/ Bp Widodo (anak)
3. Bp Sunaryo/Wagirah (anak)
layang ijin ora mlebu Sekolah

Lamongan, 8 April 2013


Katur
Bapak/ibu Guru
MI Ta'limul Huda Pucuk
Lamongan

Assalamualaikum Wr.Wb.
Sesarengan serat punika kula wali murid saking :
Nami : Slamet Raharjo
Kelas : 2
Dinten : Senen
Tanggal : 8 April 2013
Nyuwunaken iji putra kula mboten mlebu sekolah amargi sakit.
Cekap semanten, saking kawigatesanipun kula matur nuwun.
Walaikumsalam Wr.Wb.
Saking Wali murid

H. Ali Yushofa

layang pribadi

Lamongan, 8 April 2013

Katur
Pak Dhe/Bu Dhe
Ing Dalem

Surabaya

Ingkang sembah pangabekti.


Sesarengan surat menika ingkang putra ngaturi kabar, bilih bapak lan ibu saha adik-
adik pinaringan wilujeng. Ingkang kula suwun Pak Dhe lan Bu Dhe inggih semanten
ugi.

Pak Dhe lan Bu Dhe, benjang liburan tanggal 20 Mei 2013 liburan semester 2 , kula
badhe liburan dateng dalemipun Pak Dhe lan Bu Dhe kaliyan adhik-adhik. Dene
menawi Pak Dhe lan Bu Dhe kagungan wekdal kula dipunteraken dateng Owabong.

Wasana cekap semanten menawi wonten kelepatan atur kuala nyuwun pangapunten

Sungkem Kula

Sunarsih
Layang dhawuh

Salatiga, 10 januari 2009

Pangabekti kula Katur eyang kakung Wirga Martono ing margi sukarna hata 5 Sragen

Nuwun wiyosipun sareng serat menika ingkang wayah nyaosi pirsa, bilih

kawontenanipun ingkang wayah dalah bapak ibu ing Salatigatansah ginanjar wilujeng .

mugi-mugi kasugenganipun eyang kakung sabrayat tansah mekatena ugi Kajawi punika

nyaosi pirsa, bilih paringan serat eyang sampun ingkang wayah tampi. Ingkang wayah

punapa dene bapakl ibu sami bungah dene eyang sampun kondur kanti wilujeng

Salajengipun nyaosi pirsa, bilih liburan mangke bapak ibu punapa dene ingkang wayah

badhé sowan éyang. Sokur saged sinambi ningali musium Sangiran, dateng kraton

Surakarta, ningali tetilaripun para raja.

Ing wasana cekap semanten aturipun ingkang wayah. Sedaya kalepataning atur

punapa dene kiranging, suba sila nyuwun pangapunten.

Ingkang wayah Sukartini

Margi Dipanegara angka 136


LAYANG DINAS

ORGANISASI SISWA INTRA SEKOLAH


SMP NEGERI 3 PATI
Jln. Kol. R. Sugiyono No. 17 Pati

No : 04/ OSIS / V / 10 6 Mei 2010


Bab : Ulem

Kagem Wali Murid


Kelas IX
Ing dalem

Salam taklim,
Panjenengan kula aturi rawuh wonten Perpisahan Kelas IX SMPN 3 Pati ingkang badhe dipun
wontenaken :

dinten / tanggal : Sabtu, 8 Mei 2010


wekdal : Tabuh 08.00 – rampung
panggenan : Gedung Korpri Pati
wigatos : Perpisaha Kelas IX SMPN 3 Pati

Saking kawigtosan panjenengan, kula aturaken matur nuwun.

Taklim Kula,
Ketua OSIS Pembina OSIS

Zaenuri Umam Dra. Etty

Kepala Sekolah

Saryono, S.Pd, M.M


Layang Iber-Iber

You might also like