You are on page 1of 3

Wataking Tembang Macapat

Maskumambang : Nelangsa, kanggo nggambarake rasa sedhih keranta-ranta


Mijil : Prihatin, kanggo crita kang ngemu rasa kesedhihan. Suka pitutur kang melasasih/ kanggo
gandrung.
Sinom : Canthas, kanggo aweh pitutur/ kanggo gandrung.
Kinanthi : Seneng, tresna, kanggo nggambarake rasa katresnan.
Asmaradana : sedhih, prihatin ing asmara. Kanggo crita kang sedhih lan asmara
Gambuh : Sumanak, Sumadulur kanggo aweh pitutur.
Dhandhanggula : Luwes, kanggo nggambarake rasa apa bae.
Durma : Nepsu, kanggo medharake rasaning ati kang gregeden utawa crita perang.
Pangkur : Nepsu, kanggo suka pitutur, carita perang, bebukaning crita
Megatruh : Trenyuh, memelas, kanggo carita kang ngemu rasa susah
Pocung : Gregeden, kendho, kanggo carita kang sakapenake.

Falsafah Tembang Macapat


Wong Jawa kuwe uripe seneng nggunakna pasemon (perumpamaan), saben tetembungan digothak-gathukake uripe
manungsa. Tembang macapat nggambarake uriping manungsa (sekang lair tumekaning pati).

Maskumambang
Nggambarake “jabang bayi” kang isih ana kandhutane ibu, durung bisa mangerteni bayi kuwe lanang utawa wadon.
‘kumambang’ tegese kang durung mesthi, dadi uripe isih ngambang ing padharane Ibu.

Mijil
Nggambarake wektu laire jabang bayi, wis katon bayi kuwe lanang utawa wadon.

Sinom
Ateges ‘kanoman’ , mujudake wektu longgar nalika isih enom kanggo ngelmu saakeh-akehe.

Kinanthi
Sekang tembung kanthi utawa tuntunan sing tegese dituntun supaya bisa mlaku ing panguripan alam donya.

Asmaradana
Wis mulai nduweni rasa katresnan marang lawan jenis.mulai kasmaran dening wong liya.

Gambuh
Nduweni teges jumbuh/sarujuk/cocok, kang ateges wis cocok antarane lanang lan wadon kang wis nduweni rasa
tresna.

Dhandhanggula
Nggambarake seneng-senenge, apa kang dikarepna bisa kasembadan, bisa nduweni jodho, kulawarga, lan urip
sarwa kecukupan. Gula kuwe manis, lambange manise panguripaning manungsa.

Durma
Durma sekang tembung darma/weweh, menawa wong urip kuwe wis rumangsa cukup, mula banjur tuwuh rasa
welas asih marang sapadha-padha
Pangkur
Pangkur sekang tembung mungkur/ mundur, kang ateges wis mungkur sekang hawa nepsu kadonyan.

Megatruh
Sekang tembung ‘megat-roh’, roh utawa nyawa kang wis oncat sekang badane/ragane. Ateges wis puput
yuswa/seda

Pocung
Nggambarake layon dipocong, bali menyang Gusti kang Murbeng Dumadi.

Tegese Tembang Macapat


Tembang macapat uga diarani tembang cilik yaiku tembang kang duwe paugeran guru gatra (cacahing larik),guru
wilangan (cacahing wanda = suku kata), lan guru lagu (tibaning swara saben pungkasaning gatra (larik) tembang
utawa dong ding.

Jenis Tembang Macapat

1. Maskumambang
2. Mijil
3. Sinom
4. Kinanthi
5. Asmaradana
6. Gambuh
7. Dhandhanggula
8. Durma
9. Pangkur
10. Megatruh
11. Pocung

Paugeran / Aturan Tembang Macapat


Guru Gatra, yaiku cacahing gatra/larik saben sapada.
Guru Wilangan, yaiku cacahing wanda (suku kata) saben sagatra.
Guru Lagu, yaiku tibaning swara ing saben pungkasaning gatra.

Guru Gatra, Lagu lan Wilangan Tembang Macapat


Maskumambang (4 gatra) 12i, 6a, 8i, 8a
Mijil (6 gatra) 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u
Sinom (9 gatra) 8a, 8i,8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
Kinanthi (6 gatra) 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
Asmaradana (7 gatra) 8i, 8a, 8e/o, 8a, 8a, 8u, 8a
Gambuh (5 gatra) 7u, 10u, 12i, 8u, 8o
Dhandhanggula (10 gatra) 10i,10a,8e,7u,9i,7a,6u,8a,12i,7a
Durma (7 gatra) 2a,7i, 6a, 7a, 8a, 5a, 7i
Pangkur (7 gatra) 8a, 11i,8u, 7a, 12u, 8a, 8i
Megatruh (5 gatra) 12u, 8i, 8u, 8i, 8o
Pocung (4 gatra) 12u, 6a, 8i, 12a

You might also like