You are on page 1of 5

Acara Pemberangkatan Calon Jamaah Haji

Hadrotal Muhtaromin Para 'Alim Ulama' ingkang kawula patuhi sedaya dawuh-dawuhipun.
Para Pangembaning Praja Satriyane Nagari Ingkah satuhu dahat kinurmatan. Wabil Khusus dumateng Bapak
Kepala desa lan sak perangkatipun sedaya. Ingkang Kula hormati Bapa SUYONO/ Ibu SITI HENI NURJANAH
Ingkang dipun Mulyaaken dening Allah Subhanahu Wata'ala.
Hadirin wal hadlirat Rahima Kumullah.

Ing ngriki kawula kumawantun ngadek wonten ngarsa panjenengan sami, Hanamung mundi dawuh
panjenenganipun Bapa SUYONO/ Ibu SITI HENI NURJANAH Supados ngayahi jejibahan nglumataraken adicara
wonten ing enjang punika. Para Bapak saha para ibu ,   hadirin wal Hadirat Rahima Kumullah.

Kepareng kulo maosaken rantapaning adicara ingkang bade kalampah wonten ing enjang punika

Adicara ingkang angka setunggal nuninjih pambuka.

Dipun lajengaken waosan Ayat Suci Al-Qur'an.

Adicara ingkang angka tigo, sambutan shohibul Bait.

Adicara sak lajengipun inggih punika, Mauidloh Hasanah dipun tutup kaliyan do'a.
Ingkang sak lajengipun inggih punika pemberangkatan Calon Haji ingkang sak mangke dipun Purwakani kaliyan
adzan lan Iqomah.

Hadirin Wal Hadirat Rahima Kumullah.

Mangga sesarengan kito bikak adicara wonten ing enjang punika kathi waosan Ummul Kitab Suratul Fatihah.
'Ala Hadihinniyah Bi Sirril Faaatihah.....

Dungkap reruncining adicara saklajengipun inggih punika Waosan Ayat Suci Al Qur'an, Ingkang bade dipun
sarirani kadang Kula kang Mas Bagus ………………………………….....................Wekdal saha panggenan sak
wetahipun kawula sumangga aken. (sak bakdane qori dipun lajengaken)

Shodaqollahul 'Adhim. Shadaqollahul Adhim. Mugi Mugi, Waosan Ayat Suci Al-Qur'an Kala Wau bekta
berkahing Majlis wanten ing enjang punika. Amin Ya Rabbal 'Alamiin.

Adicara sak lajengipun Sambutan saking Shohibul Bait Ingkang bade pun sarirani panjenenganipun
Bapa ......................................................... (wakil tuan Rumah). Wekdal saha panggenan kawula aturaken,
sumonggo! (sakbakdane sesorah nembe dipun lajengaken.)

Adicara sak lajengipun inggih punika Mauidlah Hasanah. Wanten ing enjang punika bade dipun wedar
panjenenganipun ................................................................. (Dipun isi asmane Kyai). Wekdal saha panggenan
kawula aturaken sumangga.!

Hadirin Wal Hadirat Ingkang dipun mulyaaken dening Allah Subhanahu Wata'ala.

Adicara ingkang terakhir inggih punika Pemberangkatan Calon Haji . Kawula aturi Mangga Bapa SUYONO/ Ibu
SITI HENI NURJANAH Saha sedaya ingkang hadir Jumeneng  sakwetawis. (jeda, menawi sampun sami
jumeneng, nembe dipun lajengaken)

Wanten adicara pemberangkatan Haji punika dipun purwakani kanti kumandanging Adzan Lan Iqomat. Ingkang
bade dipun Kumandangaken kadang kula ………………….....………………………………… Dumateng kadang kulo
………………………………………………………………….. Wekdal saha panggenan Kawula aturaken.

Mangga Bapa SUYONO/ Ibu SITI HENI NURJANAH kepareng nyuwun pamit, salam perpisahan dumateng
sedaya hadirin. (MC : Labbaikallahuma labbaik, labbaikalasyarikalaka labbaik, innal hamda wanni'mata laka
wal mulk lasyari kalak, secukupnya sampai Calon haji berangkat)

Menawi wonten sasar sarune tembung ingkang mboten mahanani wonten ing manah panjenengan sedaya,
kula ngaturaken gunging samudra pangaksama. Billahi Taufik Wal Hidayah, Warridlo Wal Inayah,..

Wassalamu'alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.


Rangkaian Acara Pemberangkatan Calon Jamaah Haji:

Iftitah al Majlis
Qira’atul Qur’an
Shalawat Haji
Kalimat al Wada’
Do’a Safar
Adzan dan Iqamah
Mushafahah (bersalaman)

Iftitah al Majlis

Ifitah al Majlis diisi dengan membaca surat Al Fatihan secara bersama-sama dengan dipandu oleh seorang kyai
atau dipimpin langsung oleh pembawa acara. Sebelum fatihah dibaca petugas Iftitah memulainya dengan
tawasul berikut:
Do’a Safar
Adzan dan Iqamah

Selesai do’a dibacakan calon haji berdiri menghadap kiblat dan petugas adzan berdiri di belakangnya
mengumandangkan adzan dan iqamah. Lafadz adzan dan iqamah yang dikumandangkan sebagaimana adzan
iqamah yang biasa dilafadzkan ketika hendak shalat. Dalam Fiqh al Islam Juz I hal. 635:

You might also like