You are on page 1of 1

JAKA TARUB

Wonten ing satunggaling dusun, wonten kaluargi ingkang naminipun mbok randa
kaliyan putra kakungipun. Putra kakungipun ingkang sampun ngancik dewasa lan naminipun
inggih menika Jaka Tarub. Padamelan saben dinten inggih menika madosi ron pisang utawi ron
jati kangge dipun sade wonten peken ing saklebetipun kitha kudus. Ron menika dipunlintakaken
kaliyan uwos kaliyan sarem kangge ulamipun saben dinten. Tindakanipun wonten peken ngantos
pinten-pinten minggu saking tebihing kitha. Pedamelan sanesipun Jaka Tarub menika mbebedak
wonten wana kangge ulamipun.
Wontan ing satunggaling dinten ing kaluargi menika boten gadhah ulam kangge
dhaharipun saben dinten lajeng Jaka Tarub matur kaliyan biyung kangge kesah wonten wana
kangge mbebedak. Kados adatipun menawi mbebedak bidalipun bada’ subuh supados
konduripun boten surup. Ananging boten ngertos menapa menika sampun dangu amargi boten
angsal punapa-punapa, menika Jaka Tarub nembe apes, sampun sonten sampun dangu
lampahipun Jaka Tarub boten manggih.
Satunggal punapa kemawon sato kewan. Namung Jaka Tarub menika boten putus asa
piyambakipun taksih nglajengaken lampahipun ingkang tebih sanget wonten ing jeronipun wana.
Ananging ngantos dalu JakaTarub taksih boten angsal punapa-punapa. Saking sayakipun Jaka
Tarub kepengin sumene ngantos sare saestu, amargi lampahipun menika tebih sanget lajeng Jaka
Tarub sare ing sakjeronipun wana. Piyambakipun kaget amargi kepireng suanten gumujuning
tiyang-tiyang estri sami gumujengan. Amargi pengin ngertos suanten menika punapa lan saking
pundi sejatosipun pramila Jaka Tarub madosi suanten menika. Piyambakipun menika boten
percaya kalioyang ingkang Jaka Tarub mersani ing dalu menika Jaka Tarub kaget amargi ing
tengahing wana wonten suanten widodari-widodari ingkang sami gumujengan sinambi siram
lelangin ing sendang. Jaka Tarub nyaketi panggenan widodari menika ingkang nembe siram kala
wau amargi dalu punika kaleresipun wulan purnama. Sanalika Jaka Tarub gadhah pamanggih
pengin garwa satunggal pramila piyambakipun mundut rasukan satunggal lan dipunsinggitaken.
Wonten satunggal widodari ingkang kicalan rasukan dipun tilar rencangipun sami widodari.
Widodari menika duka lan nuwun lajeng widodari menika dipun caketi Jaka Tarub lan dipun reh-
reh lajeng dipunbeta wangsul lan kagarwa dening Jaka Tarub, widodari menika gadhah nami
Nawang Wulan.
Wonten ing satunggaling dinten Nawang Wulan sampun kagungan putrid saking Jaka
Tarub ingkang naminipun Nawang Sih, amargi rasukan kathah ingkang reged pramila Nawang
Wulan nyuwun JakaTarub kangge nenggani Nawang Sih kaliyan adangipun kanthi manthi-
manthi, lan Jaka Tarub boten angsal mbukak kekep. Saktindakipun Nawang Wulan wonten lepen
Jaka Tarub malah kepengin ngertos isinipun kekep, menika punapa Jaka Tarub kaget menapa
amargi ingkang dipun adang garwanipun naming satunggal kantun kemawon. Saking kedadosan
punika kaseteripun Nawang Wulan dados widodari ical lan adangipun satunggal las dados
satunggal bugak ical. Pramila mulai nutu pari adangipun uwos dados limrahipun tiyang gesang
wonten brebayan amargi pantunipun telas kantun rentengan wonten lumbung.
Ing satunggaling dinten Nawang Wulan nglengkep gelaran klasa kados pundi kegetipun
manah Nawang Wulan mersani rasukan widodari wonten ing ngandapipun klasa, piyambakipun
kaget amargi piyambakipun duka dumateng garwanipun amargi sampun dipun apusi. Nawang
Wulan menika mutusaken kangge minggah kayangan malih lajeng ngagem rasukan.
Sakderengipun minggah ing kayangan Nawang Wulan pesen kaliyan Nawang Sih yen kepureh
kangen mersani mbulan amargi ing tengahing bulan wonten bayangipun Nawang Wulan.
Anaging sak sampunipun dugi kayangan Nawang Wulan boten dipun tampi malih dados
widodari amargi sampun kecampuran kaliyan manungsa. Nawang Wulan menika lingsem lan
boten purun jelma malih dados manungsa, amargi rekaos gesangipun pramila Nawang Wulan
nglalu wonten segara kidul wonten segara kidul lan dados Ratu Kidul ingkang gadhah naminipun
Nyi Roro Kidul.

You might also like